Timun

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Timun
ARS cucumber.jpg
Timun
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Cucurbitales
Famili: Cucurbitaceae
Génus: Cucumis
Spésies: C. sativus
Jeneng binomial
Cucumis sativus
L.
Acar saka timun

Timun (Cucumis sativus; suku labu-labunan utawa Cucurbitaceae) ya iku tanduran kang ngrambat.[1] Timun lumrahé ditandur ana sawah lan tegalan.[1] Padatan, timun digawé rujak utawa jangan.[1] Ing Indonésia, timun lumrahé digawé acar supaya bisa ngundhakaké nepsu mangan.[2] Timun uga bisa minangka ngedunke tensi.

Dhèskripsi[besut | besut sumber]

Godhong timun dawa-dawa.[1] Pangé ana wuluné lan kira-kira dawané ngancik 3 mèter.[1] Kembangé warna kuning. Wangun wohé bunder dawa.[1]

Timun kagolong pala kesimpar, wernané ijo rada putih.[1] Dawané tetanduran timun kira-kira 10 nganti 20 mèter.[1] Wijiné timun cacahé akèh.[1]

Jinis[besut | besut sumber]

Manéka jinis timun ya iku timun watang, timun turus, timun suri, lan timun krai utawa biyasa diarani krai.[1]

Kandhutan[besut | besut sumber]

Timun duwé pirang-pirang kandhungan antarané saponin, protein, lemak, kalsium, fosfor, dat wesi, welirang, vitamin A, vitamin B1, lan vitamin C.[1] Wiji timun duwé kandhungan vitamin E akèh. Timun kang isih mentah bisa nambani sariawan lan ngundhakaké stamina.[1] Saliyané iku, timun uga duwé kandhungan flavonoida lan polivenol kang bisa nyegah lelara radhang, asam malonat uga ana ing timun.[1] Asam iki bisa ngurangi kadhar gula supaya ora malèh dadi lemak marga yèn dadi lemak bakal gawé lemu.[1] Kandhungan seraté kang dhuwur, bisa nglancaraké bebuwang, mudhunaké kolesterol lan netralaké racun.[1] Timun uga duwé kandhungan kukurbitasin C kang duwé kasiyat bisa ngundhakaké kebaling badan lan nyegah hépatitis.[1]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p [1] (diaksès tanggal 16 Maret 2011)
  2. ^ [2] (diaksès tanggal 16 Maret 2011)

Pranala njaba[besut | besut sumber]