Ganyong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ganyong
Canna Edulis 2003072001 0014.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Zingiberales
Famili: Cannaceae
Génus: Canna
Spésies: C. discolor
Jeneng binomial
Canna discolor
Lindl.

Ganyong (Canna discolor L. syn. C. edulis, suku kana-kanaan utawa Cannaceae) iku sajinis tetanduran kang kagolong pala-kependhem lan ngasilaké uwi sing cukup populèr.[1] Tanduran iki urip ana ing ara-ara kanthi umbar-umbaran, nanging bisa uga di budidya.[1]

Uwi ganyong ngandhut pathi, sanadyan ora akèh kaya ketéla rambat.[1] Uwi ganyong iku bisa digodhog lan dadi panganan sing rasané khas kenyal tur rada legi.[1] Saliyané digodhog, ganyong iku ing padésan laladan Pathi lan Blora biyasa digawé glepung, dadi bahan dhasar kanggo gawé jajanan garing utawa jajanan sabangsa gethuk (ongol-ongol).[1] Nanging saiki ganyong wis langka ing désa-désa, amarga ora ana sing mbudidaya lan ora ana sing gawé jajanan nganggo bahan saka glepung ganyong.[1]

Deskripsi[besut | besut sumber]

Ganyong kalebu tanduran kang cukup poténsial kanggo sumber karbohidrat.[2] Ganyong uga bisa dadi tanduran kang dadi bahan dhasar indhustri.[2] Ganyong kang duwé jeneng latin Canna edulis Kerr kalebu tanduran herba kang asalé saka Amérika Selatan.[2] Rhizoma utawa umbi ganyong yèn wis diwasa bisa dipangan kanthi diolah dhisik utawa dijupuk patiné.[2]

Nalika panén umbi, gumantung ing laladan kang dianggo nandur.[2] Ing dhataran cendhèk, ganyong wis bisa dipanén nalika umur 6-8 sasi, ananging ing laladan kang udan saben tauné, wektu panen luwih suwé ya iku nalika umuré 15-18 sasi.[2] Umbi kang wis tuwa bisa ditandhani yèn godhong utawa wit ganyong wis malih dadi warna kuning.[2]

Ganyong kalebu tanduran umbi-umbian kang diarani tanduran dwi taunan utawa dua musim. Sawisé iku godhongé garing lan tanduran iku bakal ilang.[2] Ananging yèn wayah udan tunas ganyong bakal thukul saka pucuk-pucuk umbi utawa rhizoma.[2]

Ganyong lumrahé dijupuk umbiné, mulané diarani tanduran umbi.[2] Umbi ganyong ngadhut akèh karbohidrat.[2][2] Umbi iki sajatiné rhizoma kang arupa wit kang thukul ing lemah.[2]

Werna wit lan godhongé gumantung karo varietasé, semana uga warna sisik uwiné.[2] Ganyong duwé dhuwur nganti 3 méter. Dhuwur iki diukur wiwit pucuk tanduran nganti sandhuwuré rhizoma utawa umbi.[2]

Morfologi[besut | besut sumber]

Ganyong kalebu tanduran rumpun lan tanduran herba.[1] Kabèh pérangan wite vegetatif ya iku wit, godhong, lan kelopak kembang kaya-kaya ana liline.[1] Tanduran iki tetep awerna ijo nalika uripé.[1] Yèn wis tuwa wit lan godhongé bakal garing lan kaya-kaya mati.[1] Ananging tanduran iki ora mati awit yèn wayah udan rimpang utawa uwin bakal nukulake tunas lan urip manèh.[1] Tanduran ganyong dhuwuré 0,9-1,8 mèter.[1] Ing Queensland dhuwuré ganyong ngasi 2,7 mèter.[1] Ananging ing Jawa dhuwure kang umum kurang-luwih 1,35-1,8 mèter.[1]

Godhong[besut | besut sumber]

Godhong ganyong amba lan bentuké elip dawa lan ing bonggol godhongé rada lincip. Dawané godhong kurang luwih 15–60 cm lan ambané 7–20 cm. Ing pérangan tengah godhong ana balung daun kang kandel banget. Werna godhongé warna-warna, ana kang ijo nganti ijo tuwa. Ana uga godhong kang ana garis-garis ungu utawa ungu kabéh. Pelepah ganyong uga ana kang rupané ungu lan ijo.

Woh[besut | besut sumber]

Tanduran ganyong uga duwé woh ananging ora sampurna lan ora mbentuk. Woh ganyong dumadi saka telung ruangan kang isiné wiji kang rupané ireng kang cacahé 5 wiji saben ruang.

Umbi[besut | besut sumber]

Tanduran ganyong duwé umbi kang gedhé lan dhiaméteré kurang luwih 5-8,75 cm lan dawané 10–15 cm. Sisik umbi wernané ungu utawa coklat. Bentuké umbi warna-warna.

Varietas[besut | besut sumber]

Ing Indonésia ana loro kultivar utawa variétas ganyong ya iku ganyong abang lan ganyong putih.[3] Ganyong abang wernané wit, pelepah lan godhongé abang rada ungu.[4] Yèn ganyong putih wit, godhong lan pelepahé nduwé warna ijo lan sisik uwiné awerna coklat.

Ganyong abang[besut | besut sumber]

  • Gagangé luwih gedhé[3]
  • Rada ora tahan yèn kurang banyu[3]
  • Angel ngasilaké wiji[3]
  • Uwi luwih gedhé lan kadar patiné luwih sithik[3]
  • Lumrahé dipangan kanthi digodhog[3]

Ganyong putih[besut | besut sumber]

  • Luwih cilik lan cendhek [5]
  • Ora tahan karo panasé srengéngé nanging tetep kuwat urip sanajan banyu mung sithik [5]
  • Ngasilaké wiji lan bisa dadi anakan ganyong[5]
  • Uwi rada teles lan ukurané rada cilik nanging kadar patiné akèh[5]
  • Biyasane mung dijupuk patine.[5]

Habitat[besut | besut sumber]

Ganyong asalé saka Amérika Selatan, ananging ganyong wis bisa thukul nyebar saka Sabang nganti Merauké.[2] Habitat kang paling akèh ya iku ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan Bali.[2] Tanduran iki lumrahé dadi usaha sampingan para panduduk.[2] Ganyong ditandur dadi tanduran sela bareng karo jagung sawisé panén pari gogo.[2] Uwi ganyong kang wis dipanén bisa digawé glepung.[2] Glepung iki bisa diolah utawa didol.[2] Miturut Nikolai Ivanovich Vavilov, salah sawijiné ahli botani saka bekas Uni Soviet, asal-muasal ganyong ya iku saka Amérika Selatan, ya iku ing laladan Peru, Bolivia, lan Equador.[6]

Kasil Olahan[besut | besut sumber]

Ganyong bisa dipangan kanthi cara digodhog lan kanggo jajanan ngombé tèh utawa kopi.[6] Ganyong uga bisa diolah dadi pati utawa glepung ganyong.[6] Kajaba iku uga bisa digawe jenang, kripik, lan bolu.[6] Uwine kang isih enom, ing Amérika Selatan lumrahé kena kanggo sayuran lan uga dadi camilan.[6] Pucuk lan gagang godhong kang isih enom bisa kanggo pakan ternak.[6] Kembang ganyong uga duwé warna kang éndah kang bisa dadi tanduran hias.[6]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n eprints.uns.ac.id(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u deptan.go.id(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  3. ^ a b c d e f lipi.go.id(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  4. ^ [agribisnis.deptan.go.id/xplore/view.php?file.../D3tanamanganyong.pdf agribisnis.deptan.go.id](dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  5. ^ a b c d e http://forum.detik.com/showthread.php?t=145873(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)
  6. ^ a b c d e f g tabloidnova.com(dipunundhuh tanggal 24 Mèi 2011)