Jenang

Jenang (ꦗꦼꦤꦁ) inggih punika tetedhan ingkang dipundamel saking glepung, upaminipun glepung wos, glepung gandum, lan sanèsipun. Jenang asipat jemek saéngga anggènipun dhahar kedah nganggé suru utawi séndhok. Jenang saged dipundhahar kaliyan santen utawi juruh (duduh gula jawa). Jenang menika nggadahi kathah jinis, saben jinis jenang ingkang dipunsajikaken lebeting masyarakat jawi nggadahi makna simbolis ingkang kekait kaliyan pangajeng-ajeng, donga, lan tujuwan gesang manungsa.
Filosofi
[besut | besut sumber]Filosofi jenang menika boten namung kangge lebeting konteks ritual utawi upacara adat, nanging ugi lebet gesang sadinten-dinten masyarakat jawi, anatawisipun:
- Kesatuan Lebeting Gesang. Jenang dados piwucal babagan wigatosipun manunggaling gesang lan sesarengan. Sanadyan dhasaripun benten, nanging nalika dipunréncaka, sedaya andadosaken karukunan ingkang mirasa. Wawasan menika maringi piwucal bilih gesang manungsa, sanadyan madeg saking pabédan, badhé langkung saé menawi wonten kersa manunggal.
- Makna Donga lan Pangajeng-ajeng. Wonten ing piwulang Jawi, jenang asring kaginakaken minangka tetedhan pepalang kangge donga saha pangajeng-ajeng dhateng Gusti. Nglangkungi menika, bebrayan Jawi ngajeng-ajeng supados gesangipun kaparingana berkah, kasarasan, kawilujengan, saha rejeki. Jenang dados pepalang supados gesang dados langkung saé lan kebak ing berkah.
- Simbol Kabingahan. Upaminipun, jenang ingkang dipunsaosaken ing pahargyan dhaup utawi wedalan putra, andadosaken pepalang kabingahan ingkang rawuh saking berkah saha rahmatipun Gusti. Ing bab menika, jenang sanès namung tedhan, nanging ugi perangan saking raos sukur awit anugrah gesang ingkang dipunparingaken.[1]
Jenang dipunsajekaken wekdal wonten adicara adat, tiyang gadhah damel utawi namung dipundhahar kados tetedhan, amargi dados pralambang raos syukur marang Gusti.

Manéka warna jenang
[besut | besut sumber]Ing Jawi wonten manéka warna jenang, antawisipun:
Jenang abang
[besut | besut sumber]Jenang Abang menika kadamel saking sagu mutiara. Glepung sagu sampun dipunwujudaken bunder kados mutiara lan kaparingan warni abrit. Sagu menika dipungodhog kaliyan toya lan ron pandan. Jenang menika dipundhahar kaliyan santan ingkang warninipun pethak.
Jenang candhil
[besut | besut sumber]Jenang Candhil menika kadamel saking candhil utawi glepung pati utawi glepung pohung. Nalika dipunmasak, kaparingan gula Jawi.
Jenang mancawarna
[besut | besut sumber]Jenang punika kadamel saking 7 (pitung) warni jenang, inggih punika pethak (lambang kasucèn), abrit (wantun), kuning (keagengan), ijem (pengarepan), lan sléwah ingkang wujud palang (pepalang) lan cemeng (tujuwan). Jenang punika dados salah satunggalipun sesajèn ing budaya Jawi.
Jenang ireng
[besut | besut sumber]Jenang Ireng menika kadamel saking ketan cemeng. Mila, warninipun pancen cemeng.
Jenang katul/Jenang Grendul
[besut | besut sumber]Jenang menika kadamel saking glepung kanji, lajeng dipunwujudaken satunggal-satunggal, lan kaparingan duduh saking santan. Mila, naminipun Jenang Katul.
Jenang Sumsum
[besut | besut sumber]Jenang menika kadamel saking glepung wos, santan, kaliyan sarem. Raosipun éca lan lembut, limrahipun dipunsaosaken kaliyan juruh abrit ingkang kenthel.[2]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Mranani, Titah (2024-11-29). "Filosofi Jenang Lebeting Tradhisi Jawi, Makna ingkang Kalingan wonten ing Wingking saben Dulangan ingkang Misuwur". merdeka.com. Dibukak ing 2025-11-20.
- ↑ Puspa, Ulfa (2025-02-18). "Ngudi Piwucal Jenang Jawi: Sanès Namung Panganan Manis". lingkar.news. Dibukak ing 2025-11-20.