Menyang kontèn

Wong Tionghoa-Indonésia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Agnes Monica, Katurunan Tionghoa ing Indonésia
Suku Tionghoa-Indonésia
Gunggung cacah jiwa
(1.739.000 (sensus 2000)[1]
2.832.510 (sensus 2010)[2])
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Kalimantan Barat, DKI Jakarta, Jawa Barat, Jawa Tengah, Jawa Wétan, Sumatra Lor, Riau, Kapuloan Riau, Jambi, Sumatera Selatan, Bangka-Belitung, Sulawesi Kidul, Sulawesi Utara, Nusa Tenggara Wétan, dan Papua.
Basa
Indonésia, Hokkien, Hakka, Tiochiu, Mandarin, Jawa dan basa-basa laladan lainnya.
Agama
sapérangan besar penganut agama Kristen, Katulik dan Buda, sapérangan kecil menganut Kong Hu Cu dan Islam.
Golongan ètnik magepokan
Mayoritas suku Han dan minoritas suku Hui di Cina.

Suku bangsa Tionghoa (biyasa dipunsebut ugi Cinten utawi Cino[3]) ing Indonésia inggih punika salah satunggaling ètnis ing Indonésia. Limrahipun nyebut piyambakipun kanthi istilah Tenglang (Hokkien), Tengnang (Tiochiu), utawi Thongnyin (Hakka). Wonten ing basa Mandarin dipunsebut Tangren (Hanzi: 唐人, "tiyang Tang") utawi lajim dipunsebut Huaren (Hanzi Tradisional: 華人 ; Hanzi Sederhana: 华人). Dipunsebut Tangren amargi sami kaliyan kasunyatan bilih tiyang Tionghoa-Indonésia mayoritas asalipun saking Cino selatan ingkang nyebut piyambakipun minangka tiyang Tang, déné tiyang Cino utara nyebut piyambakipun minangka tiyang Han (Hanzi: 漢人, Hanyu Pinyin: Hanren, "tiyang Han").

Leluhur tiyang Tionghoa-Indonésia nindakaken imigrasi kanthi bertahap wiwit ewunan taun kapungkur ingkang nglewati babagan niaga. Peranipun sapérangan medal wonten ing sajarah Indonésia, ugi sadéréngipun Républik Indonésia dipundeklarasikaken lan dumadi. Cathetan-cathetan saking Cino ngandharaken bilih kraton-kraton kuna ing Nuswantara sampun berhubungan kaliyan wangsa-wangsa ingkang kumawasa ing Cina. Faktor punika ingkang lajeng nyuburaken dedagangan lan lalu lintas barang punapa déné manungsa saking Cino nuju ing nuswantara ugi kosok wangsulipun.

Sabibaripun nagara Indonésia mardika, tiyang Tionghoa ingkang kewarganagaraanipun Indonésia dipungolongaken minangka salah satunggaling suku wonten ing lingkup nasional Indonésia, kados déné Pasal 2 UU Nomor 12 Tahun 2006 tentang Kewarganagaraan Républik Indonésia.[4]

Asal Tembung

[besut | besut sumber]

Tionghoa utawi tionghwa, inggih punika istilah ingkang dipundamel piyambak déning tiyang keturunan Cina ing Indonésia, ingkang asalipun saking tembung zhonghua wonten Basa Mandarin. Zhonghua wonten dhialèk Hokkian dipunlafalaken minangka Tionghoa.

Wacana Cung Hwa sakboten-botenipun sampun dipunwiwiti taun 1880, inggih punika wontenipun pepinginan saking tiyang-tiyang ing Cina saperlu kabebas saking kekuwasan wangsa krajan lan mbenuk sawijining nagara ingkang langkung demokratis lan kiyat. Wacana punika ngantos kamireng déning tiyang asal Cina ingkang dumunung ing Indhiya Nèderlan ingkang nalika punika dipunsukani nama Tiyang Cina.

Sekelompok tiyang asal Cina ingkang putra-putranipun lair ing Indhiya Nèderlan, ngraos prelu nyinaoni kabudayan lan basanipun. Nalika taun 1900, golongan punika ndhirikaken sekolah ing Indhiya Nèderlan, ing ngandhap naungan sawijining badan ingkang dipunsukani nama "Tjung Hwa Hwei Kwan", ingkang manawi dipunlafalaken ing Indonésia dados Tiong Hoa Hwe Kwan (THHK). THHK wonten ing lampahipun boten kemawon maringi pendidikan basa lan kabudayan Cina, nanging ugi nuwuhaken raos persatuan tiyang-tiyang Tionghoa ing Indhiya Nèderlan, sesarengan kaliyan éwah-ewahaning istilah "Cina" dados "Tionghoa" ing Indhiya Nèderlan.

Populasi ing Indonésia

[besut | besut sumber]

Adhedhasar Volkstelling (sensus) nalika mangsa Indhiya Nèderlan, populasi Tionghoa-Indonésia dumugi 1.233.000 (2,03%) saking penduduk Indonésia ing taun 1930.[5] Boten wonten data ingkang resmi babagan cacah populasi Tionghoa ing Indonésia dipunwedalaken pamaréntah wiwit Indonésia mardika. Nanging ahli antropologi Amérika, G.W. Skinner, wonten ing risetipun naté pmrakirakaken populasi masarakat Tionghoa ing Indonésia dumugi 2.505.000 (2,5%) nalik taun 1961.[6]

Wonten ing sensus penduduk nalika taun 2000, nalika pisanan responden sensus dipunsuwuni pirsa babagan asala etnisipun, namung 1% saking jumlah populasi Indonésia ngaku minangka Tionghoa. Prakiran kasar ingkang dipunpitadosi babagan cacah suku Tionghoa-Indonésia nalika punika inggih punika wonten ing kisaran 4%-5% saking sadaya cacah populasi Indonésia.[7]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Tan, Herman (2021-06-20). "Berapa Jumlah Etnis Tionghoa di Indonesia Berdasarkan Sensus Penduduk 2020". tionghoa info (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-06-25.
  2. "Chinese Diaspora".
  3. Deleng uga Panganggo istilah Cino, Cino lan Tiongkok#Ing Indonésia
  4. Trisnanto, AM Adhy (18 Fèbruari 2007), "Etnis Tionghoa Juga Bangsa Indonésia", Suara Merdeka, dibukak ing 15 Januari 2013
  5. Vasanty, Puspa (2004). Prof. Dr. Koentjaraningrat (èd.). "Kebudayaan Orang Tionghoa Di Indonésia", Manusia Dan Kebudayaan Di Indonésia. Penerbit Djambatan. kc. hal. 359. ISBN 979-428-510-2.
  6. Skinner, G.W. (1963). R.T. McVey (èd.). "The Chinese Minority", Indonésia. New Haven, HRAF. kc. hal. 99.
  7. Kusno, Malikul (9 Dhésèmber 2006), "UU Kewarganagaraan dan Etnis Tionghoa", Harian Umum Sinar Harapan, dibukak ing 15 Januari 2013