Tradhisi Ulur-Ulur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Tradhisi Ulur-Ulur ya iku upacara tradhisional minangka wujud syukur lan atur pakurmatan tumrap sumber banyu. Tradhisi iki ngrembaka ditumindakake masarakat sing numindakake tetanen. Masarakat ing papan kasebut nduweni kapitayan tumrap babagan magi ing tlaga buret. Miturut pangrembakane kapitayan, anane leluhur sing nguwasani lan nunggoni tlaga buret ya iku Mbah Jigang Jaya. Mula ing dina Jumuah Legi mligine saben wulan Sela ditumindakake ritual ulur-ulur. Teges sinebut “Ulur-Ulur” ya iku nggawa ulu wektune bumi, mula tradhisi iki minangka wujud syukur amarga anane banyu saka tlaga sing wis dadi sumber panguripan.

Tradhisi ulur-ulur ditumindakake ora mung masyarakat ing Desa Sawo, ananging pesertane saka patang desa yaiku Desa Sawo, Desa Ngentrong, Desa Gedangan, lan Desa Gamping Kecamatan Campurdharat, Kabupaten Tulungagung. Patang desa kasebut numindakake tradhisi iki, amarga masarakat percaya yen kanggo tetanduran bisa kasil kanggo nyukupi kabutuhan, banyune sumber saka Tlaga Buret. Rasa syukure anggone tetanduran bisa apik lan kasil diwujudake kanthi cara nggawa sesaji-sesaji. Masarakat padha sayuk-sayuk nggawa sajen saka tanduran sing wis kasil dipanen. Tujuan kanggo ngurmati roh-roh alus utawa mbah-mbahe mbiyen sing baureksa ya iku Mbah Jigang Jaya utawa tumrap alam sing ana ing patang desa. Ora akeh sing melu tradhisi iki, kang nduweni pakaryan minangka tani uga buruh tani. Kajaba marang roh lelembut, tradhisi iki wujud pamujaan marang Dewi Sri lan Dewa Jaka Sedana. Dewi Sri ora liya Mbok Sri utawa Dewi Pari minangka lambang saka pangan. Ateges masarakat aweh sesembahan amarga uwis dibancarake pangane ing saben ndinane. Dene Dewa Sedana ya iku Dewa Wastra utawa Dewa Sandhang. Wujud sesembahan marang keloro patung Mbok Sri lan Jaka Sedana iki rasa syukure masarakat uwis diwenehi sandhang lan pangan sing sarwa kacukupan. Masarakat nduweni kapercayan dhewe menawa ora nindakake tradhisi iki bakal ana bencana sing gedhe sing ora ngerti wujud perkarane. Kedadeyan iki wis tau dumadi nalika salah siji Kepala Desa kang ora percaya lan nganggep yen nindakake tradhisi iki kalebu wong musyrik, dheweke pikantuk bencana, lan pacubane dhewe.[1]

Asal mula tradhisi iki bukane kawiwitan saka carita, ananging anane sawijine penggembara lan bendarane cacahe lima nemokake bayi ing palagan peperangan. Bocah cilik kasebut digawa mlayu saka peperangan. Playune tumeka ana ing alas gung liwang liwung. Mandhege ana ing papan saiki dadi Tlaga Buret. Satekane papan kunu, bayi sing digawa nangis terus-terus. Bayi nangis kasebut disebabake amarga luwe uga ngelak. Welase pawongan sing ana ing kana ndadekake kabeh bingung. Ora ana sumber banyu ing papan kana. Pancen papan kasebut wujud alas gung liwang-liwung. Kabeh ngupaya nggolekne banyu, nalika ora ana banyu, Jigang Jaya nyenyuwun marang Ingkang Maha Kwaos. Carane nyuwun utawa yen saiki sinebut dedonga kanthi cara semedi. Pangeran JigangJaya ing jaman mbiyen kalebu wong sekti uga nduwecekelan utawa pusaka arupa tongkat sing sekti. Sabubaresemedi tongkat kasebut digawa banjur diencepne analemah. Nalika tongkat kasebut nancep, ana pinggire metu sumber banyu kasebut. Bayi sing maune nangis diwenehi banyu saka sumber langsung meneng. Pangeran Jigang Jaya lan pengikute mutusne yen dheweke singgah ana papan alas gung liwang liwung.

Tata Laku[besut | besut sumber]

Tata laku tradhisi ulur-ulur ing Tlaga Buret lumaku amarga pancen dirancang kanthi tumata. Lumakune tradhisi iki nduwe urut-urutan sing wis wiwit jaman mbiyen ana, saben sadurunge acara ana rapat kanggo persiyapan dening pemangku adat, pengurus saka Tlaga Buret, lan masarakat sing nyengkuyung tradhisi. Saben-saben perangan bakal dibeber maneh kanthi perangan-perangan luwih jeru maneh. Pamerange tata laku gegayutan karo maksud lan tujuan sing kinandhut sajrone adicara tartamtu.

Persiyapan[besut | besut sumber]

  • Wawanrembug

Wawanrembug ditindakake kanggo nemtokake dina-dina kanggo nyiapake samubarang kang dibutuhake kanggo adicara ulur-ulur. Dudu adicarane ulur-ulur lan papan panggonane, amarga dina adicara ulur-ulur mesthi ditindakake ing dina Jumuah Legi, wulan Jawa “Sela”, iki bisa dideleng ing tanggalan Jawa. Papan panggonan ora perlu ditemtokake amarga uwis mesthi ana ing Tlaga Buret.

  • Nyiapake Ubarampe

Biyasane ubarampe kasebut disiyapake dening piyantu wadon. Kabeh sesarengan nyengkuyung tradhisi kasebut. Ubarampe kang perlu disiyapake ana rong werna, ya iku sing kudu digawa dening saben-saben omah, lan ubarampe kanggo ritualan. Ubarampe kang kudu disiyapake dening saben omah ya iku sakabehe asil panen utawa tetanduran sing diasilake. Dene ubarampe sing kudu disiyapake kanggo ritualan biyasane disiyapake dening pawongan sing pancen gaweyane saben taun nyiapake.

Tata Gelar[besut | besut sumber]

Tata gelare tradhisi ulur-ulur ing Tlaga Buret, Desa Sawo, Kecamatan Campurdharat, Kabupaten Tulungagung wajib ditindakake ing dina Jumuah Legi, wulan Jawa Sela. Adicara iki dileksanani wiwit esuk nganti awan sadurunge bedhug.[2]

  1. Pambuka ya iku adicara kapisan ing tradhisi ulur-ulur. Papan panggonan pambuka ora manggon ana ing Tlaga Buret, nanging ana ing wiwitan arak-arakan. Papan kasebut ana ing SMA Negeri 1 Campurdarat. Masarakat padha ngumpul ana papan kene kanthi ubarampe lan sandhangan sing wis digawe. Pambuka kasebut minangka wujud koordinasi kanggo nata barisan arak-arakan. Perangan iki ana telung pawongan sing nduweni peran wigati ya iku ana MC, Kepala Desa, lan Pemangku adat sing mbudhalake arak-arakan.
  2. Adicara sabanjure ya iku arak-arakan. Masarakat kang nyengkuyung tradhisi ulur-ulur padha nggunakake busana Jawa. Busana sing diagem para warga panyengkuyung tradhisi ulur-ulur ngelingake jaman-jaman mbiyen. Para sesepuh, para undangan, para tukang keseniyan, tamu-tamu pamarentah, masarakat, uga siswa siswi nglumpuk ana ing papan panggonan sing wis ditemtokake ya iku ing SMA Negeri 1 Campurdarat.
  3. Panutup, panutupe adicara iki disambut karo tampilan saka keseniyan-keseniyan kang ngrembaka ana ing Kabupaten Tulungagung. Lumakune tradhisi iki kasebut isih dibacutake ana dina sabanjure. Bakune anggone nindakake ritual ana ing dina Jumuah Legi, wulan Sela. Dene adicara dina bacute kayata wayang, seni tayuban utawa liya-liyane mung mawa panyengkuyung kanggo melu andil ngrameni adicara tradhisi supaya luwih narik kawigaten masarakat Tulungagung uga narik wisata saka dhaerah liyane menyang Tlaga Buret kanggo nyekseni adicara.

Ritualan[besut | besut sumber]

Ritualan diperang kanthi pirang-pirang tahap ya iku aturan juru kuncen, siram jamas sesuci, tabur kembang, hajatan, lan pungkasane ana donga. Jlentrehan ngenani perangan saka ritualan bisa dideleng ana ngisor iki:

  • Adicara ritualan sing kaping pisan ya iku aturan juru kuncen. Aturan juru kuncen kasebut dileksanani kanggo wujud aturan salam tumrap kang baureksa Tlaga Buret. Selaras karo adate wong Jawa, nalika mertamu becike kudu nyuwun sewu. Mula aturan juru kuncen minangka panyuwunan marang sing baureksa ya iku Eyang Jigang Jaya. Kagiyatan iki wujud “nyuwun sewu” marang sing nduwe omah Aturan juru kuncen ing kene dipimpin dening Juru Kunci Tlaga Buret. Kegiyatan kasebut ditumindakake supaya adicara sing digelar bisa lumaku kanthi lancar. Aturan juru kuncen kasebut ditindakake beda karo papan kanggo jamasan, mapan ana ing watu pinggir tlaga.
  • Adicara ritualan sing kaping pindho ya iku siram jamas sesuci ya iku ngresiki patung Dewi Sri lan Jaka Sedana. Prosesi iki minangka wose adicara sing utama saka tradhisi ulur-ulur. Pawongan sing oleh jejibahan siram jamas kasebut ana pawongan wadon loro saka kasepuhan Sendhang Tirta Mulya. Banyu sing digunakake saka siram jamas sesuci kasebut dijupuk saka banyu tlaga sing dicampur karo kembang setaman utawa pupusing puspa arum sing dicampur ana bokor kencana.[3]
  • Adicara ritualan sing kaping telu ya iku tabur kembang, tabur kembang kasebut nalika anggone nyuceni patung Jaka Sedana lan Dewi Sri rampung, dibacutake dipimpin dening sesepuh desa kanggo nabur kembang menyang Tlaga Buret. Kembang sing disebarake ya iku kembang boreh sing diarak saka SMAN 1 Campurdarat. Kembang sing wis digawa dening barisan pembawa bunga kasebut disebarake menyang tlaga kabeh. Kawiwitan saka sesepuh desa, utawa perwakilan saka kasepuhan Sendhang Tirta Mulya, dibacutake karo pamarentah desa lan pamarentah dhaerah. Bacute ditindakake dening masarakat-masarakat panyengkuyung genti genten.
  • Hajatan ritualan, hajatan dipimpin dening Pak Pamuji. Sajrone adicara ritual hajatan kasebut nduweni pangajab-pangajab saka asile tradhisi ulur-ulur digelar. Adicara kasebut nyenyuwun marang Hyang pengeran supaya kabeh bisa diwenehi keslametan tumrap masarakat. Sumber banyu tlaga Buret saya gedhe. Sumber sing agung bisa dadi kawilujengane para among tani supaya gemah ripah loh jinawi sawah lan ladhang sing dialiri. Kabeh padha ayem tentrem. Adicara digelar supaya rakyate bisa murah pangane, pamarentah uga kasil anggone mimpin yen rakyate sarwa kacukupan, kabeh bisa guyub rukun.

Wujud ubarampe[besut | besut sumber]

  1. Sega suci ulam sari, sega suci ulam sari ya iku ubarampe sing padha karo tumpeng. Sajrone Tradhisi kasebut kudu ana sesajen tumpeng, amarga uga ngemu slametan. Ubarampe sega suci ulam sari ya iku reroncene adicara awujud slametan.
  2. Maesagung, maesagung utawa jajan pasar awujud sawernane jajan saka pasar tradhisional. Jajan pasar ateges wernane panganan-panganan sing sering ditemokake ana ing pasar. Jajan pasar arupa panganan sing diolah dening manungsa saka bahan dhasar tartamtu.
  3. Pupusing puspa arum, puspa arum ateges sawernane kembang sing digunakake kanggo wose ritual tradhisi ya iku ing bagean jamasan. Pupusing puspa arum iki wujud racikan-racikan. Kembang iki didelehake ing bokor lan dicampur karo banyu tlaga.
  4. Boreh wangi, boreh wangi minangka salah sijine ubarampe awujud sesaji sing digawe saka kembang sing nduwe ganda arum. Gandane sing wangi minangka titikan yen sesaji utawa ubarampe iki disenengi karo bangsane lelembut. Ubarampe iki mesthi ana ing adicara tradhisi iki. Anggone nggunakake kembang kasebut nalika ing adicara tabur kembang menyang Tlaga Buret.
  5. Cok bakal, cok bakal iki minangka salah siji kearifan lokal saka masarakat Jawa nalika numindaake ritual. Cok bakal kasusun ana gula gimbal gringsing, banjur endhog. Endhog pitik kampung (Jawa), gantalan kinang digawe saka godhong suruh sing temu rose. Piranti paes (jungkat karo kaca pangilon), kemiri lan badheg kang diselehake ana ing sajrone baskom dadi siji.
  6. Beras kuning, beras kuning digawe saka bahan beras sing diolah dadi werna kuning. Cara nggawe beras sing asale werna putih kasebut nggunakake kunir diparut. Banjur kunire diperes dijupuk banyune. Sadurunge kuwi, beras putih dipususi nganti resik banjur dikum banyu sedhela, di satne. Banyu kunir sing wis diperes, diulet ing beras putih nganti rata.
  7. Sajen sesaji atau sajen, sajen ya iku sawerna karo sesembahan tumrap sing diagungake kaya ta sesembahan marang Dewa, utawa roh leluhur. Sajen kasebut digawe ubarampe-ubarampe ya iku ana gedhang raja setangkep, gadhing krambil cengkir uga lawe lan badheg. Lenga wangi lan kembange sing diarani burat wangi. Cacahe sajen ana limang werna kasebut diselehake ana juru kunci, sesepuh, papan sesembahan, papan jamasan, gamelan jawa.
  8. Dupa ubarampe, ubarampe iki awujud dupa minangka perangan ubarampe sing ora bisa dipangan. Dupa nduweni ganda arum. Dupa diobong nalika aturan juru kuncen.
  9. Kelemahan (Pala pendhem), kelemahan utawa pala pendhem wujud asile bumi sing ditandur. Pala pendhem minangka jinise panganan khas nusantara sing cukup dikenal dening masarakat mligine masarakat Jawa. Pala pendhem nduweni maneka werna bentuk, werna, uga rasa. Tanduran woh-wohane sing dipendhem ana ing njero lemah wujude ana tela, uwi, kenthang, tales, suweg lan sapiturute.
  10. Mori, mori ya iku ubarampe sing awujud kain. Sajrone tradhisi ulur-ulur kasebut, mori gegayutan karo roh-roh alus. Kain kasebut minangka sesembahan kanggo Jaka Sedana lan Dewi Sri. Sajrone ritual tradhisi iki, kain ukuran kurang luwih 2 meter ping 1,5 meter di gawa, diarak, awujud lempitan. Carane nggawa ya iku disangga nganggo tangan.
  11. Pari barampe, pari iki nggambarake Dewi Sri ora liya Dewi Pari. Pari minangka salah sijine asil tetanen masarakat sekitare tlaga. Kanggo wujud simbolis pari kasebut disajekake mung setali utawa saiket. Ubarampe kasebut digawa melu karo arak-arakan. Padha kaya ubarampe kain mori, pari digawa dening bocah wadon.
  12. Makutha janur, makutha janur ya iku minangka simbol tradhisional sajrone bentuk tutup mustaka biyasane digunakake dening para raja, ratu, utawa dewa. Makutha arupa lambang kakuwasan, keagungane, jaya-jayane sajrone panguripan. Sajrone tradhisi ulur-ulur makutha digunakake minangka ubarampe digawe saka janur dibentuk, dadi endah didadekake makutha. Sawise patung Dewi Sri lan Jaka Sedana disiram tirta amerta banjur dipaesi nggunakake makutha saka janur.
  13. Jenang sengkala, jenang sengkala nduweni peran sing wigati wis diwarisake sesepuh ing sadurunge. Tata cara nyuguhake saben dhaerah, saben adicara beda-beda. Kajaba iku, teges sing kinandut uga ditegesi kanthi dhewe-dhewe. Jenang sengkala disajekake kanthi cacah rong wadhah.

Makna ubarampe[besut | besut sumber]

Makna ubarampe sajrone tradhisi ulur-iulur ing Tlaga Buret saben-saben ubarampe nduweni makna tartamtu kanthi simbol sing dadi kapercayan wigati ing masarakat. Makna ateges samubarang sing nduweni teges. Jlentrehan makna bisa dideleng ing ngisor iki:

  1. Pupusing puspa arum, pupusing puspa arum kasebut nduweni makna kanggo mujudake marang atur panuwune marang Gusti Pengeran. Masarakat ngucap syukur amarga wis ditakdirne anane Tlaga Buret. Banyu saka tlaga bisa ngaliri menyang sawah lan tegalan patang desa. Pupusing puspa arum sing dicampur ana bokor kencana kanggo jamasi patung Jaka Sedana lan Dewi Sri, kasebut uga minangka wujud panuwune masarakat ora kurang banyu amarga nyumber wis nganti atusan taun ora asat. Banyune ndadekake sawah, bumi gemah ripah loh jinawi kanggo nyukupi kabutuhan saben dinane.
  2. Sega suci ulam sari, sega suci ulam sari utawa banten suci ulam sari kasebut minangka perangan ubarampe sajrone tradhisi dilaksanakake. Banten sega suci ulam sari, dipersembahake marang eyang ingkang baureksa ing wewengkon tlaga utawa kang ngopeni.
  3. Maesagung (jajan pasar), ubarampe maesagung maknane supaya agunga sumbere, agunga keslametane para pemedhak amung tani, juru tani, lan para penguasa negara.
  4. Boreh Wangi, boreh wangi disajekake kanggo perwujudan saka sesembahane masarakat panyengkuyung tradhisi disuguhake marang Dewa-Dewi Mbok Sri lan Jaka
  5. Sedana, ya iku sesembahan marang Dewa Sedana lan Dewi Sri kasebut supaya bisa menehi keslametan marang masarakat saka patang desa kasebut. Kajaba iku, boreh wangi minangka panyuwunan supaya pawongan gesang ing alam donya supaya binerkahan rahayu uripe lan dilimpahake karo keslametan ing saben ndinane.
  6. Cok bakal, cok bakal disuguhake tumrap cikal bakal saka Tlaga Buret. Saiki bisa diarani sing baureksa ana ing tlaga. Sesembahan utawa sesaji cok bakal kasebut nduweni makna akal bakal. Mengeti lan aweh pakurmatan marang sing nemokake alas gung liwang-liwung sing banjur bisa dadi tlaga menehi sumber sing agung. Pawongan sing nemokake utawa sing dadi cikal bakale saka Tlaga Buret kasebut Eyang Jigang Jaya dikenale masyarakat.
  7. Sajen ubarampe, sajen maknane beda-beda, yen dituduhake marang pawongan minangka imbalan utawa menehi wewales tumrap sedaya perjuwangan utawa upaya sing wis ditumindakake nalika nggelar adicara tradhisi. Dene sing mapan ana ing panggon upacara ya iku minangka tebusan ucap panuwun wis diolehi nggunakake papan kasebut. Pungksan sajen sing diselehake ana ing instrumen utawa musik dibutuhake ing tradhisi ya iku ngemu makna supaya musik sing ditabuh kasebut bisa muni sing penak dirungokake, swarane bisa keprungu banter nganti njaba.
  8. Dupa makna, dupa miturut naramsumber ya iku dipercayani minangka sesembahan kanggo roh halus. Nalika diobong dupa nuwuhake ganda arum. Kapitayane masarakat bangsa lelembut kasebut seneng karo wangi-wangian. Mula supaya tradhisi sing digelar bisa disekseni karo para leluhur, bangsa lelembut, mula masarakat bisa ngundang bangsa lelembut nggunakake ubarampe dupa kasebut. Mula saka kuwi, dupa minangka piranti kanggo ngehubungake manungsa lan bangsa lelembut. Supaya masarakat uga tansah bagya mulya kaya semerbake wangi dupa sing digelar.
  9. Kelemahan (pala pendhem), kelemahan utawa pala pendhem sajrone tradhisi nduweni makna ngenani siklus uripe manungsa. Pala pendhem sing diuwohi lan bisa dipanen saka njero omah minangka simbol tuwuhe manungsa saka ngendi, lan bakale menyang ngendi. Ubarampe iki minangka pepeling marang masarakat panyengkuyung supaya tansah eling yen kabeh sing ana ing uripe saiki mung sarwa titipan. Ora oleh ngasorake liyan, ora oleh mbombongake nemen-nemen apa sing diduweni, kudu tansah eling lan waspada. Bandha, lan kalungguhan mbesuke yen mati ora digawa mati. Sugih, cukup, utawa kurang ing saben ndinane padha-padha bakal dipendhem maneh ana ing njero lemah.
  10. Mori, ya iku minangka sesuci. Tradhisi sing ditindakake kanggo mbalekake sesucene dhiri lumantar jamasan ing patung Jaka Sedana kasebut supaya masarakat bisa pikantuk berkahe saka leluhur. Ora ndadekake mala petaka marang desa amarga tanpa banyu sumber tlaga, padha wae masarakat kelangan sumber panguripane. Jaka Sedana lan Dewi Sri bisa mbalik supaya suci, ora reged maneh. Mula kain kasebut nduweni makna kanggo mangsulake sawijine kahanan marang sesucine dhiri.
  11. Makutha (ketu janur) makutha digawe saka janur kuning. Dewa punika bener-bener wening, mula nggunakake janur kuning ateges wening. Tegese makutha kasebut nggunakake janur amarga Dewa iku makhluk kang suci. Miturut kapitayan Dewa iku padha karo Malaekat. Mahkutha saka janur kasebut minangka simbol keagungan, simbol kejayaan seorang Dewa sing digambarake ana ing tradhisi ya iku patung Jaka Sedana minangka Dewa Sandang, lan patung Dewi Sri minangka Dewa Pangan. Kanthi makutha kasebut supaya bisa mangsulake sesucine Dewa-Dewi lumantar sucine keloro patung kasebut nalika sawise dijamasi.
  12. Jenang sengkala makna saka, jenang sengkala kanggo nyengkalani utawa tolak balak saka maneka warna babagan memala. Bab sing disengkala uga tumrap pawongan sing melu tradhisi supaya pikantuk lelindhungane Gusti Pengeran. Pawongan sing nyengkuyung adicara tansah ditebihake saka bebaya-bebaya sing ngrugekake. Kajaba tumrap pawongan sing nyengkuyung ubarampe jenang sengkala kanggo sumber banyu. Jenang sengkala kanggo nyengkani sumber banyu, pangajabe supaya sageda lestantun sumbere. Binerkahan uga lancar bisa gedhe sumbere, uga bisa dadi idaman saka para masarakat sing pikantuk banyu saka panguripane.

Piguna Tradhisi ulur-ulur[besut | besut sumber]

  1. Minangka sistem proyeksi, fungsi adicara Tradhisi ulur-ulur minangka sistem proyeksi saliyane kuwi kanggo masarakat ya iku nalika para warga nduweni kapitayan kang gedhe marang sing baureksa tlaga Buret. Dadi, adicara sing digelar kasebut kanggo menehi pakurmatan marang Mbah Jigang Jaya ora liya sing baureksa Tlaga Buret. Nalikane adicara lumaku, ana salah siji perangan adicara kang gegayutan karo Mbah Jigang Jaya. Adicara kasebut ana perangan wiwitan ritual ya iku dijenengi atur pihuning.
  2. Tradhisi ulur-ulur minangka sarana panggulawentah, tradhisi iki minangka salah siji kabudayan sing isih diugemi masarakat, bisa menehi kawruh digunakake kanggo panggulawentahane tumrap masarakat panyengkuyunge. Lumantar adicara tradhisi nduwe pangajab supaya menehi pituduh marang generasi mudha supaya ngenani kapercayan sing ditilarake dening leluhure mbiyen. Nalika wis weruh, bakal nuwuhake rasa seneng kanggo ndeleng tradhisi. Kajaba sing nonton, nalika tradhisi ditindakake nglibatake bocah-bocah sekolah, mudha-mudhi bakal bisa nuwuhake rasa nduweni tradhisi kasebut. Banjur bakal bisa nuwuhake rasa kanggo njaga, nglestarekake tradhisi ulur-ulur ing Tlaga Buret. Pangajab liyane, supaya bisa piranti kanggo nyinaoni paedahe nindakake tradhisi tumrap panguripan saben ndinane. Pituduh saka sesepuh-sesepuh kang mangerteni menehi weruh sejatine tradhisi kagelar.
  3. Tradhisi ulur-ulur minangka piranti pengendhali sosial, tradhisi iki minangka salah siji piranti sing bisa digunakake kanggo wujud pengendhali sosial ing masarakat. Tlaga Buret kang dipercaya masarakat menehi pangribawa tumrap panguripan saben ndina. Kanthi adicara tradhisi kasebut minangka wujud syukur marang sumber banyu lan leluhur sing wis nggawe sumber banyu sing tetep ngalir. Masarakat percaya supaya sumbere luwih ngrembaka kudu nindakake saben taune. Nalika ora ditindakake, masarakat ngugemi kapercayane bakal ana kedadeyan-kedadeyan bab sing ora dikarepake. Kalungguhane tradhisi ana ing Tlaga Buret bisa dadi piranti utawa sarana kanggo wujud pengendhaline tumindak-tumindak masarakat nalika ngalampahi urip bebrayan. Wujud tumindak kasebut mesthi nuwuhake babagan kang becik, bisa ngraketake masarakat desa Ngentrong, Gamping, Gedangan, lan Sawo. Kajaba kuwi, panyengkuyunge pamrentah kanggo nuduhake ora ana jarak antarane pamrentah lan masarakat. Tradhisi minangka pengendhali sosial ing bab pangrembakane lingkungan. Ora bisa diselaki yen banyu kasebut bisa dijaga utawa isih ana sanadyan ora udan amarga ana wit-witan. Masyarakat percaya menawa banyu kasebut ora uwal yen ana wit-witan sing rindhang. Buret di jaga banget pelestariane dening Pokdarwis (Kelompok Sadar Wisata).
  4. Tradhisi ulur-ulur minangka piranti pengesahane budaya, ya iku kekarepan manungsa nalika nglakoni panguripan ing alam donya mesthi nduwe pangajab supaya tansah pinaringan keslametan, karaharjan, berkah saka Gusti Kang Maha Kuwasa. Manungsa urip ing bebrayan masarakat kudu tansah gelem nyengkuyung pakulinan-pakulinan sekelompok sing wis dadi ritual. Ritual kasebut minangka kabudayan ing masarakat. Sajrone adicara ritual kasebut mesthi ngemu pangajab-pangajab supaya bisa kasembadan. Salah siji wujud ritual utawa tradhisi sing ana ya iku tradhisi ulur-ulur. Tradhisi kasebut dilakoni dening sekelompok masarakat. Nalikane nindakake tradhisi kasebut ngemu tujuwan supaya diwenehi sumber banyu sing agung, bisa ngrembaka banyu sing ana ing Tlaga Buret. Kecamatan Campurdarat mligine ing desa Sawo lan sakupenge desa liyane nduweni maneka warna adicara sing wis dadi pakulinan masarakat. Adicara kasebut wis disahake minangka kabudayan utawa tradhisi sing dadi acara saben taun. Salah sijine adicara kasebut ya iku tradhisi ulur-ulur ing Tlaga Buret Saben dina Jumuah Legi, wulan Sela, kasebut ditumindakake ana ing Tlaga Buret. Adicara iki dijaga pangrembakane minangka panyuwunan supaya agung sumbere Tlaga Buret. Pengesahane dhaerah sekitar sing ngrasakake banyu saka Tlaga Buret. Masarakat padha nggawa ubarampe bondhong-bondhong nggawa panganan sing maneka werna. Lumantar kasebut ana panyuwunan marang Gusti Pengeran, merga wis diwenehi banyu sing melimpah. Banyu sing ngaliri kabeh sawahe padha kasil anggone tetanen.

Owah-owahan tradhisi ulur-ulur[besut | besut sumber]

Owah-owahan kang ana sajrone tradhisi dianggep samubarang sing wis lumrah kedaden. Wujud owah-owahan bisa ana ing ubarampe, lan saperangan kegiyatan sing ditumindakake. Ubarampe kang ana sajrone tradhisi ya iku tumpeng utawa ambeng, ubarampe iki arupa sega dibentuk kaya gunung lancip lan diubengi karo lawuh-lawuh lan sabubare adicara banjur dibuntel godhong jati Ian digawa mulih, amarga masarakat jaman biyen nduweni kapercayan yen tumpeng kasebut kudu digawe saka encek. Encek ya iku wadhah sing digawe saka wit gedhang lan pring. Kuwi nduwe makna dhewe. Hananging saiki luwih modern, digunakake barang-barang saka wadhah sing digawe saka pabrik. mula ora ribet nggawe wadhah-wadhahan maneh.

Babagan ubarampe ngenani maesagung, Ubarampe liyane, kaya dene jajanan pasar kang digawe nalika adicara tradhisi, ing jaman biyen ubarampe jajan iki akehakehe nggawe dhewe kaya dene, nagasari, lemet, cucur lan sapitumte. Lumahe jajan jaman biyen isih dibuntel nganggo godhong gedhang. Beda karo jaman saiki jajan wis dibuntel nganggo plastik amarga luwih praktis lan ora ribet, uga jajan saiki wis akeh didol ana ing pasar, saengga para warga Desa Dahor ora angel-angel golek lan gawe jajan. Ubarampe iki ora tau ditinggalake nalika adicara Tradhisi ulur-ulur dilaksanakake ya iku pala pendhem. Jaman biyen pala pendhem isih akeh amarga ing Desa Sawo akeh-akeh para kadang tani, dadi para tani isih nandur pala pendhem dhewe. Banjur jaman kang wis saya maju iki pala pendhem wis arang dipethuki, saengga nalika adicara ditindakake akeh para pawongan kang tuku ana ing pasar, nanging uga ana wong kang ora nggawa pala pendhem. Babagan ubarampe ngenani maesagung, ubarampe liyane ngenani burat wangi lan dupa. Kaloro ubarampe kasebut jaman biyen nganti jaman saiki isih ana, hananging sing mbedakake jaman biyen burat wangi saliyane tuku ana ing pasar uga ditambahi methik dhewe ana ing ngomah, nanging saiki burat wangi masarakat Desa Sawo padha tuku ana ing pasar. banjur ngenani dupa iki jaman biyen lan saiki isih tetep padha nanging biyen akeh panggonan kang diwenehi dupa, saiki Panggonan tartamtu kang diwenenehi dupa amarga ana pangaribawa saka masarakate kang dominan agama Islam.

Tata laku sing ngalami owah-owahan ya iku salah sijine nalika persiyapan. Jaman mbiyen nggunakake panggonan saanane. Ana papan sing wis cumawis, lumakune tradhisi disiyapake kanthi rinci, ana terop lan papan parkir. Mbiyen ora ana arak-arakan, supaya bisa dadi rejane adicara ditambah arak-arakan. Arak-arakan kasebut disengkuyung dening akeh pihak kalebu pamarentah, uga para seniman-seniman sing ana ing Tulungagung kanthi busana sing luwih megah. Lumakune tradhisi sing mbiyen mung dilakoni sedina esuk nganti sore. Dene saiki, adicara kasebut lumaku kanthi suwe, tradhisi bisa dawane nganti telung dina. Babagan kasebut dijalari amarga rasa pengeni masarakat nyengkuyung, lumantar cara dhewe-dhewe. Tradhisi iki bisa suwe amarga akeh kesenian-kesenian sing ngrembaka ing Tulungagung coba ditepangake marang masarakat, mula malih dadi suwene tradhisi.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Upacara Adat Ulur-Ulur, Lestarikan Budaya Tulungagung – KABUPATEN TULUNGAGUNG". tulungagung.go.id. Dibukak ing 2021-03-22.
  2. Website Resmi Kabupaten Tulungagung (2017 Agustus 04). "Upacara Adat Ulur-Ulur, Lestarikan Budaya Tulungagung". Dibukak ing 22 Maret 2021. Check date values in: |date= (pitulung)
  3. Bali Post Portal Berita (2017-08-11). "Video: Ulur-Ulur Tradisi Khas Warga Tulungagung". Dibukak ing 2021-03-22.

Kapustakan[besut | besut sumber]