Hyang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Tembung Hyang ngrujuk ing satunggiling Dat Abadi lan Supernatural, biasanipun dipunwastani ngawasi lan mréntah manungsa lan alam semesta utawi jagat raya. Prakawis punika saged ugi dipun-ginakaken kanggé ngrujuk ing sapérangan konsep-konsep ingkang mempèr kaliyan prakawis punika umpaminipun satunggiling wangun ènèrgi utawi kasadaran ingkang ngrasuk ing sadaya alam semesta, ing pundi kawontenan Hyang ndamel alam semesta wonten; sumber sadaya ingkang wonten; Kebajikan ingkang paling saé lan paling inggil ing sadaya makluk gesang; utawi punapa kémawon ingkang boten saged dipunmangertos utawi dipunjelasaken.

Kathah tafsir tumrap asma “Tuhan” punika ingkang sami tetentangan satunggal lan satunggalipun. Punapa punika teges ingkang leres? Éwadéné kapercayaan dhumateng “Tuhan” wonten ing sadaya kabudayan lan peradaban, nanging tegesipun bènten-bènten.

Tembung Tuan ugi kathah caket tegesipun kaliyan tembung Tuhan, ing pundi Tuhan ugi arupi majikan utawi juraganipun alam semesta. Tuhan kagungan hamba sauntara Tuan kagungan sahaya utawi budak.

Tuhan utawi Déwa?[besut | besut sumber]

Ing basa Malayu utawi basa Indonésia; kalih konsep utawi asma ingkang wonten sesambetanipun kaliyan “Ketuhanan”, inggih punika: Tuhan piyambak lan Déwa. Panganut monotéisme biasanipun nolak ngginakaken tembung Déwa ing Indonésia, nanging saleresipun prakawis punika boten wonten dhasaripun. Amargi ing Prasasti Trengganu, prasasti paling sepuh ing basa Malayu ingkang kaserat ngginakaken Huruf Arab (Huruf Jawi) nyebat “Sang Déwata Mulya Raya”. Pripun mawon, ing mangsa sapunika, pangertèn tembung Tuhan dipun-ginakaken kanggé ngrujuk Tuhan ingkang tunggal, sauntara Déwa dipunanggep ngandhet teges salah satunggal saking kathah tuhan saéngga langkung ngacu tumuju politèisme.

Sacara filsafat, prèstasi ing pamadosan Tuhan biasanipun gadhah ujung ing pinanggihan éksistensi Tuhan kémawon, lan boten ngantos dumugi ing substansi prekawis Tuhan. Ing istilah filsafat éksistensi Tuhan punika kaloka kanthi istilah absolut, distinct lan unique.

Absolut punika tegesipun kawontenannipun mutlak sanès rélatif. Prekawis punika saged dipunpahami, bilih tetélan sadaya kaleresan punika relatif punika boten leres. Manawi sadaya punika relatif, pripun kita saged mangertos bilih samubarang punika relatif. Padahal ingkang relatif punika dados satunggal-satunggiling éksistensi realitas. Kadosa warna ingkang wonten ing sadaya jagat punika namung pethak, pripun kita saged ngertos pethak padahal boten wonten pembandhing sasanèsipun pethak. Pramila boten saged dipunsangkal wontenipun kaleresan punika relatif, lan kanthi konsistén boten saged dipunsangkal ugi wontenipun kaleresan mutlak punika.

Amargi kamutlakanipun boten mungkin si mutlak punika wonten ingkang nyamèni. Manawi wonten ingkang nyamèni, mila piyambakipun batal dados si mutlak, lan dadosa piyambakpun si relatif.

Amargi konsekwénsi saking distincttif, mila piyambakipun punika unik. Namung punika satunggal-satunggalipun ingkang wonten lan boten wonten ingkang sanès. Manawi wonten langkung saking satunggal, tartamtu piyambakipun sampun boten unik malih.

Pancen ing gagasan Nietzsche, istilah "Tuhan" (utawi "tuhan"?) ugi ngrujuk ing samudaya ingkang dipunanggep mutlak kaleresanipun. Dados, wonten ing prakawis punika "ngèlmu kawruh (sains)" saged ugi dipun-"Tuhan"-aken déning manungsa. Sauntara punika Nietzsche gadhah penemu boten wonten "Kaleresan Mutlak"; ingkang wonten namung "Kalepatan ingkang boten-kabantahaken". Pramila, piyambakipun martosaken, "Tuhan sampun pejah".

"Kalepatan ingkang boten-kabantahaken" kaliyan "Kaleresan ingkang-boten kabantahaken" botena gadhah bènten ingkang signifikan. Punapa tegesipun lepat lan leres, manawi boten kabantahaken ? Sepisan malih, kekalihipun boten kabantahaken, leres punapa boten? Sakitenipun pamikiran Nietszhe punika dipunmanfaataken kanggé nerasaken prosès pemadosan tuhan, mila tuhan punika samudaya éksistensi ingkang boten kabantahaken. Pramila éksistensi absolut, mutlak lan boten kabantahaken punika sami mawon. Dados, persoalan umat manungsa ing prosès pemadosan tuhan boten sanès prosès nemtoaken peletakan dhirinipun tumrap (sadaya) samubarang ingkang dipuntampi dados 'boten kabantahaken' / mutlak / absolut. Muhammad 'Imaduddin 'Abdulrahim Ph.D negesaken tuhan punika sadaya ingkang kaangep wigati lan dipunwigatèaken saéngga piyambakipun lila dipundominiraken (buku : Kuliah Tauhid).

Tuhan pundi ingkang badhé kita pilih? Punapa badhé milih Allah miturut konsépsi agami utawi kaleresan science utawi kekiyatan idéalisme (paham bilih hakikat samudaya punika namung arupi idé)? Manawi miturut agami, agami ingkang pundi?

Bèntenipun tuhan kaliyan déwa namung sakedhar bènten ing terjemah basa, éwadéné tuhan kaliyan déwa gadhah latar belakang perkembangan teges kakait déning aprésiasi piyambak-piyambak tumrap konsépsi ketuhananipun. Nanging kanthi universal kekalihipun nunjuk ing éksistensi ingkang sami, inggih punika prakawis 'ingkang boten kabantahaken'

Konsekwénsi Éksistensi Tuhan[besut | besut sumber]

Kanthi kemutlakanipun, tuhan temtunipun boten kaiket déning papan lan wekdal. Kanggé tuhan boten dipunpengaruhi ingkang rumiyin utawi ingkang badhé dugi. Tuhan boten merloaken papan, saéngga pitakonan prakawis ing pundi tuhan namung badhé mbatesi kekuasaanipun. Mila kanggé tuhan boten wonten kapan lair utawi kapan pejah.

Manungsa salebetipun madosi tuhan kanthi bekel kamampuan pangginaan akalipun saged dumugi ing tingkat éksistesinipun. Lanjeng saged punapa boten manungsa nerasaken dumugi substansi tuhan punika piyambak? Kamungkinan dumugi sapunika, kamutlakan tuhan njalari manungsa ingkang relatif punika boten saged njangkau substansi tuhan. Pramila informasi prakawis substansi tuhan punika punapa, temtu asalipun saking sang mutlak utawi tuhan punika piyambak. Pripun tuhan ingkang mutlak punika ngirimaken informasi dumugi ingkang relatif?

Ing donya punika kathah agami ingkang klaim dados ingkang mbeta warta saking tuhan. Malah wonten agami ingkang dipundamel manungsa (ingkang relatif) kalebet pendamelan substansi tuhan punika temtu. Amargi kathahipun asma lan ajaran agami ingkang kathah variasinipun boten njamin sadaya punika leres. Manawi substansi si mutlak punika kathah variasinipun, mila prakawis punika wonten tentanganipun kaliyan éksistensinipun ingkang unik. Kanggé manggihi informasi prakawis substansi ingkang mutlak, ingkang unik lan ingkang distinct punika saged ngginakaken uji autentistas sumber informasinipun. Utaminipun kakait déning informasi tuhan ngenalaken dhirinipun tumrap manungsa punapa nyerminaken éksistesinipun punika.

Tuhan miturut monotéisme tradhisi Abraham (Ibrahim)[besut | besut sumber]

Istilah umum Tuhan biyasa kaanggé dados sebutan déning panganut monotéisme. Sapérangan istilah kanggé Tuhan muncul saking bèntenipun basa lan tradhisi agami. Kekalih cabang punika ngasilaken perkembangan teges istilah “Tuhan”.

  • AllahIslam/Arab. Ugi pirsani Asmaul husna.
  • Yehowa utawi Yahwe – salah satunggiling istilah ingkang kaanggé Alkitab. Istilah punika asalipun saking istilah ka-basa Ibrani YHVH (יהוה). Asma punika boten naté dipunlafalaken amargi dipunanggep sanget suci. Limrahipun ingkang dipunlafalaken inggih punika Adonai. Amargi huruf Ibrani gundul, mila cara ngucapaken YHVH ingkang leres boten dipunmangertos.
  • Sang Hyang Tri Tunggal Mahasuci ingkang tegesipun inggih punika Rama, Putra, lan Roh Suci, mliginipun kaanggé ing Greja Katulik lan Greja Ortodoks. Konsép punika kaanggé kawit Konsili Nicea ing taun 325 M.

Mangga ugi pirsani[besut | besut sumber]

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.