Menyang kontèn

Seni tayub

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Péntas tayuban.

Seni tayub utawa tayuban iku sawijining seni kabudayan tradhisional Jawa, sing sumber ananing tlatah Ngawen saubengé.[butuh sitiran] Saliyané kanggo nyambut para tamu kinurmatan, tayub uga dipéntaské nalika Sedekah Bumi utawi Pawiwahan adat liyané. Kang mèlu ing rombongan tayub iku sindhèn, pengrawit, gerong, lan lèdhèk. Ing sajeroning tayuban para tamu sing ketiban sampur olèh pakurmatan kanggo njogèt bareng lèdhèk utawa telèdhèk.

Perkembangan sabanjuré seni tayub uga ngetutaké perkembangan seléra masarakat ya iku lebur dadi siji karo musik dangdut lan campursari sing lagi digandrungi warga. Sawetara iku dhampak negatipè uga ana ya iku banjur dicampuri ananing minuman keras lan tindak tanduk sing mengarah kurang trapsila.[butuh sitiran]

Tayub uga dikenal ing tlatah Banyumas lan tlatah Jawa Kulon kaya ta ing Bogor, Cirebon, Sumedang, lan Bandhung.[1]

Rujukan

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]