Ngawen, Ngawen, Blora

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ngawen
Désa
Nagara  Indonésia
Propinsi Jawa Tengah
Kabupatèn Blora
Kacamatan Ngawen
Cacah padunung 59,588 jiwa
Kapadhetan -

Ngawen iku kalurahan ing Kecamatan Ngawen, Kabupatèn Blora, Propinsi Jawa Tengah, Indonésia. Wiwitané kacamatan Ngawen mbawahi 47 désa, nanging kanthi metuné Peraturan Pamaréntah Nomor 16 Tahun 1992 tanggal 4 April 1992, sebagian wewengkon kacamatan Ngawen (18 désa) dimekaraké dadi kacamatan Japah.

Gambar:Kantor Kalurahan Ngawen.jpg
Kantor Kalurahan Ngawen

Pamekaran Wewengkon[besut | besut sumber]

Kecamatan Japah sing anyar mau mbawahi wewengkon Desa Japah, Pengkolrejo, Bagareja, Ngiyono, Sumberejo (11), Wotbakah, Harjowinangun, Ngrambitan, Padaan, Tengger, Beganjing, Bogem, Tlogowungu, Dologan, Ngapus, Krocok, Kalinanas, lan désa Gaplokan.

Wewengkon Sing Isih Ana[besut | besut sumber]

Suwaliké, gegandhèngan karo lairé kacamatan Japah, wewengkon kacamatan Ngawen mung kari 29 désa ya iku désa Ngawen, Berbak, Sukolilo, Sendangsari, Gondang, Ndohan, Punggursugih, Trembulrejo, Talokwohmojo, Wantilgung, Gotputuk, Bradag, Semawur, Kedungsatrian, Karangtengah, Kendayaan, Bandungrojo, Randualas, Rowobungkul, Gedebeg, Ketanggi, Sendangagung, Sendangmulyo, Bogowanti, Karangjong, Srigading, Harjowinangun, Sumberrejo, (13) lan Sarimulyo.

Dunungé[besut | besut sumber]

Wates Geografis[besut | besut sumber]

Tapel Wates[besut | besut sumber]

Wates sisih lor kacamatan Japah, sisih wétan kidul kacamatan Banjareja, lan sisih kulon kacamatan Kunduran.

Transportasi[besut | besut sumber]

Terminal Bis Ngawen

Desa Ngawen diliwati dalan Propinsi Jawa Tengah sing mujur ngétan ya iku ngubungaké Kutha Semarang - Blora liwat Purwodadi. Kondisi dalané pancèn wis awujud dalan aspal, nanging akèh sing ambles, mulané montor sing liwat kéné yèn ora alon-alon bisa kaya numpak prau sing kena ombak banyu. Nanging merga jarak tempuh sing pancèn paling cedhak, dalan propinsi sing liwat Ngawen saben dina isih ramé banget diliwati déning bis-bis umum. Bis umum singngliwati Ngawen antara liya bis jurusan Jakarta-Rembang-Cepu, Jakarta-Purwodadi-Blora, Kutha Solo-Purwodadi-Blora, lan liya liyané.

Pendidikan[besut | besut sumber]

SMP 1 Ngawen

Fasilitas pendidikan kang sumadya ing Kecamatan Ngawen antarane : 26 TK, 41 SD, 1 MI, 7 SMP, 3 MTs, dan 1 SMA. Wiwit jaman mbiyen,Ngawen ngono kalebu wewengkon kang masyarakate maju tingkat kesadharan ing babakan ngudi ilmu. Sak durunge ana SMP negeri bocah bocah wis bisa sekolah ing SMP Pemda lan SMP Merdeka. SMP Pemda sateruse didadekake SMP negeri (tahun 80an), SMP Merdeka mujudake sekolah swasta kang dikelola kanti becik lan dadi rintisan sak durunge ana SMP Negeri. Alumnine akeh kang padha nerusake ngudi ilmu tumekan Universitas Gajah Mada lan liya-liyane. Akeh uga sumbangsih SMP Muhammadiyah lan uga MTs Sultan Agung tumrap kemajuane pendidikan masyarakat Ngawen. Sakdurunge ana SMA Negeri Ngawen, nom-noman umume padha nglurug sekolah tekan kutha Blora ya iku ing SMA Negeri 1 lan 2, SPG Negeri, SMEA Negeri, STM Negeri, lan ana uga sawatara sekolah lanjutan swasta kaya SMA PGRI Tutup, SMA Muhammadiyah, lan SMA Katolik. Ing Ngawen uga ana rintisan sekolah tingkat lanjutan ya iku SMA PGRI Ngawen kang rintisan sekolahe numpang SD Inpres (Berbak).

Ulah raga[besut | besut sumber]

Gedhung Serbaguna IPHI Ngawen sing dianggo latihan ulah raga

Masyarakat Ngawen sejatine mratelakake masyarakat kang dhemen marang ulah raga. Ulah raga kang paling populer ya iku Balbalan (sepakbola). Kanggo kaperluwan iku para taruna biasane podho latihan bola ing lapangan Berbak (sayang saiki wis dadi pom bensin) lan lapangan Gondhang. Ing sekitar tahun 80an Ngawen kawentar ing saindhenging kabupatèn Blora ing babakan ulah raga iki. Ing wektu semono ana kleb-kleb balbalan kang patut diajcungi jempol, ya iku PERSINGA (persatuan sepakbola Ngawen), PSS (persatuan sepakbola sukolilo), PS Tunas muda / Victory. Kompetisi lan turnamen balbalan uga kalebu rutin kaleksanaake, antarane kompetisi 17 Agustusan, piala LKMD (jamane bupati Sumarno). Ulah raga liyane kang uga nduwèni penggemar kang akeh ya iku voli (volley ball). Ngawen tau nduwèni pakumpulan voli kang banget kesohor ing jamane (tahun 80an) ya iku MERPATI, kang biasane latihan ing lapangan voli kidul kuburan utawa lapangan kawedanan.

Ekonomi[besut | besut sumber]

Pertanian[besut | besut sumber]

Ngawen klebu tlatah tadhah udan, saéngga pertanian kayadéné tanduran pari mung bisa panèn sataun pisan merga mung ngandelaké tumuruné udan. Banyu ilèn-ilèn irigasi saka Wadhuk Kedhung Ombo ora tekan tlatah iki. Mangka dhèk jaman penjajahan Walanda waé wis tau ana irigasi, malah salurané nganggo nyabrang kali barang, ya iku di ilèkaké liwat talang (treteg talang). Produk unggulan pertanian saka Kecamatan Ngawen utamané pari, kedelé, lan jagung. Kanthi majuné ilmu pertanian, warga saiki wis akèh sing nandur jagung bibit unggul, kayata jinis jagung pionir. Saliyané iku akèh sing padha mbudi daya nandur jati mas. Migayutan karo taneman pangan kang diasilake, warga masyarakate nduwèni kebiyasaan kang apik ya iku nabung. Beda karo lumrahe masyarakat ing tlatah liyane kang padha nyimpen ing bank, simpenane masyarakat kene lumrahe awujud rajakaya, antarane mendo, lembu kebo lan liya-liyane. Kanti mengkono limbah tetanen kang awujud damen, klobot, kathek lan liya-liyane bisa kagunaake kanti luwih manfaat, ora keguwak percuma. Masyarakat tani kang ngingu rajakaya ora perlu bingung nggolekake pakan, marga wis kasedhiayakake alam. Malah kabiasaan ngingu rajakaya iku satemene mbukak lapangan kerja, antarane usaha ngarit sukete payu didol, usaha paron sapi, yen ora duwé sapi bisa ngrumat sapine liyan mengko asile dibagi loro lan sateruse.

Pertambangan[besut | besut sumber]

Amarga dumunung ana ing tlatah Pegunungan Kendheng, Ngawen nduwèni potènsi kandhungan hasil tambang arupa watu gamping (limestone). Saliyané watu gamping, ing sisih kidul ya iku désa Talok Wohmojo lan sak kubengé, wiwit jaman Walanda klebu laladan penghasil lenga patra (Blok Cepu).

Industri Rakyat[besut | besut sumber]

Déné hasil industri rakyat kayata: krupuk, batu bata, lan barang-barang kerajinan.

Budaya[besut | besut sumber]

Kesenian[besut | besut sumber]

Kesenian rakyat sing paling populèr antara liya wayang, kethoprak, campur sari, barongan, kentrung, wayang Krucil, seni tayub

Cagar Budaya[besut | besut sumber]

Salah sawijining Cagar Budaya arupa gedung tua peninggalan jaman Walanda ya iku Kantor Pegadean Ngawen sing di bangun ing taun 1911. Gedung mau nganti saiki isih wutuh lan isih dianggo minangka fungsi asliné ya iku Kantor Pegadean utawa Gadéan.

Kantor Pegadean Ngawen sing dibangun ing taun 1911

Spiritual[besut | besut sumber]

Masyarakat Ngawen iku masyarakat kang agamis. Mesjid Kauman lan Mesjid Albadar minangka tempat ibadhah kebanggaan masyarakat muslim Ngawen. Kejaba iku taruna kang arep ngudi ilmu agama, ing Ngawen uga ana pondhok pesantren putra-putri kang mbiyen kaastha panjenengane Kyai Jirin. Masyarakat (khususe muslim) uga percaya babakan leluhur désa Ngawen. Miturut kapercayan masyarakat leluhur tlatah Ngawen ya iku mbah Pungkur. Pasareyane ana ing paseban sakmburi kawedanan. Kebiasaan masyarakat yen nduwèni pepinginan apa manèh cita-cita biyasane padha Nduwé Uni (nazar), yen pepinginan lan cita-cita mau keleksanan saklumrahe padha nglaksanakake uni mau awujud sukuran sego tumpeng lan ingkung ayam digawa lan didongani ing pasareyane Syaih Ahmad Syadhali (Mbah Pungkur), waktune Malem Jum'at Kliwon. Sanajan masyarakate agamis religius, masyarakat Ngawen uga toleran, kabuktekake kanti anane greja katolik, greja kristen jawa, lan uga greja pasisirkosta.

Pranala njaba[besut | besut sumber]