Campursari
Campursari iku salah sawijining jinising tembang Jawa sing sajatine campuran saka gamelan Jawa lan piranti musik modèrn. Campursari ngémot pirang-pirang aspèk seni (sajeroning lelagon pepak banget). Lagu kang kerep dianggo campursari bisa awujud: lagu dolanan, langgam, macapat, tembang gedhé, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak, lan liya-liyané. Tokoh campursari sing kondhang yaiku Manthous saka Gunungkidul. Katitik saka instrumèn kang dianggo bebarengan kanthi trep, nganti kepénak dirungokaké. Gabungan instrumèn mau diangkah supaya tinemu harmoni seni campursari. Instrumèn campursari kang kerep kanggo kayata kendhang, demung, gong, rebab, piano, gitar. Lelagon campursari mono kang baku seneng, gumyak, lan nges swasanané. Padatan campursari kerep kanggo nglipur ing pahargyan, embuh iku manténan, sunatan, tasyukuran lan liya-liyané. Campursari uga asring dianggo déning pendhagel, gara-gara ing wayang kulit, utawa wayang wong, limbukan wayang kulit, dhagelan ing kethoprak lan sapanunggalané.
Wujud Campursari
[besut | besut sumber]Tuladha lelagon campursari
[besut | besut sumber]- Gethuk.
- Tambat Ati
- Nonong
- Thiwul Gunungkidul
- Réformasi
- Hewes-Hewes
- Cucak Rowo
- Mbah Dukung
- Lare Nggunung
Lelagon sekar gendhing campursari
[besut | besut sumber]- Wahyu
- Ayak Pamungkas
- Rangu-Rangu
- Puspa Giwa
- Gandamastuti
- Umbul Donga
Macapat campursari
[besut | besut sumber]- Asmaradana: Anjasmara Arimami
- Dhandhanggula: Sidaasih, Turu Lare
- Mijil Kethoprak: Dedalane
Pucung dolanan campursari
[besut | besut sumber]- Dhayohe Teka
- Turi-Turi Putih
- Aja Lamis
- Buta Galak
- Iris-irisan ela
- Canthing
- Jali.
Penembang campursari terkenal
[besut | besut sumber]- Didi Kempot
- Sundari Sukoco
- Manthous
- Cak Diqin
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |