Shalat

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Allah1.png
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad SAW
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Shalat utawa asring diéja Salat (ejaan KBBI), Solat, Sholat (basa arab = صلاة ) kuwi salah siji ritual ibadat agama Islam. Miturut basa, shalat asal saka basa Arab kang maknané : "donga". Déné miturut istilah, shalat maknané rangkéan kagiatan ibadah khusus utawa tartamtu kang diwiwiti kanthi takbiratul ihram lan dipungkasi kanthi salam.Praktèk shalat kudu rujuk karo pituduh tata cara Rasulullah SAW minangka pengejawantahan printah Allah SWT. Rasulullah SAW maringi sabda, Shalat-a kowé kabèh padha karo apa kang mbok deleng tak lakoni. (HR Bukhari-Muslim).

Hukum Shalat[sunting | sunting sumber]

Shalat Berjama'ah

Hukum shalat bisa digolongaké mangkéné :

  • Fardhu, Shalat fardhu kuwi shalat kang wajib. Shalat Fardhu kapérang manèh dadi loro, yaiku :
    • Fardhu ‘Ain : kuwi kawajiban kang diwajibaké tumrap mukallaf langsung magepokan karo awaké dhéwé lan ora bisa diwakilaké, kayata shalat limang wektu, lan shalat jum'at (Fardhu 'Ain kanggo pria).
    • Fardhu Kifayah : kuwi kawajiban kang diwajibaké tumrap mukallaf ora langsung magepokan karo awaké dhéwé. Kawajiban iku dadi sunnah sawisé ana sawetara wong kang ngayahi. Nanging yèn ora ana wong kang ngayahi kita wajib nglakoni lan dadi dosa yèn ora dlakoni, kaya shalat jenazah.
  • Nafilah (shalat sunnat),Shalat Nafilah kuwi shalat-shalat kang dianjuraké utawa disunnahaké nanging ora wajib. Shalat nafilah kapérang manèh dadi loro, yaiku
    • Nafil Muakkad kuwi shalat sunnat kang dianjuraké kanthi panekanan kang kuat (nyedhaki wajib), kayata shalat Idul Fitri lan Idul Adha, shalat sunnat witir lan shalat sunnat thawaf.
    • Nafil Ghairu Muakkad kuwi shalat sunnat kang dianjuraké tanpa panekanan kang kuat, kayata shalat sunnat Rawatib lan shalat sunnat kang sifaté insidentil (gumantung wektu lan kahanan, kaya shalat kusuf/khusuf mung dilakoni nalika ana grahana).

Rukun Shalat[sunting | sunting sumber]

Artikel utama: Rukun Shalat

Sewelas Rukun Shalat :

  1. Niat
  2. Takbiratul ihram
  3. Ngadeg kanggo kang bisa
  4. Maca surat Al Fatihah
  5. Ruku' kanthi thu'maninah
  6. I'tidal kanthi thu'maninah
  7. Sujud ping pindho kanthi thu'maninah
  8. Lungguh antara rong sujud kanthi thu'maninah
  9. Lungguh kanthi thu'maninah sarta maca tasyahud pungkasan lan shalawat nabi
  10. Maca salam
  11. Tertib (nglakoni rukun sacara urut)

Shalat Berjama'ah[sunting | sunting sumber]

Shalat tartamtu dianjuraké dilakonikanthi bebarengan (jama'ah). Jroning shalat jama'ah kang dianggep paling kompeten ditunjuk minangka Imam Shalat, lan liyané dadi Makmum.

  • Shalat kang bisa dilakoni sacara jama'ah antara liya :
  • Shalat kang kudu dilakoni sacara jama'ah antara liya:
    • Shalat Jum'at
    • Shalat Id
    • Shalat Istisqa'

Shalat jroning kahanan tartamtu[sunting | sunting sumber]

Jroning kahanan tartamtu kawajiban nglakoni shalat diwènèhi kalonggaran tartamtu. Contoné nalika lara lan wektu ing lelungan (safar).

Jroning kahanan lara nganti ora bisa ngadeg bisa nglakoni shalat kanthi lungguh utawa turon, yèn ora bisa nglakoni gerakan tartamtu cukup nganggo isyarat.

Déné yèn lagi lelungan, diidinaké nggabung (jama’) utawa ngringkes (qashar) shalaté. Njama' shalat maknané nggabungaké loro shalat dadi siji yakuwi dzuhur karo ashar utawa maghrib karo isya. Qasar shalat maknané ngringkes shalat kang mauné 4 raka'at (dzuhur,ashar,isya) dadi rong rakaat.

Shalat jroning Al Qur'an[sunting | sunting sumber]

Ing ngisor iki ayat-ayat kang mbahas bab shalat jroning Al Qur'an, kitab suci agama Islam.

  • Kandhakké marang hamba-hamba-Ku kang wis nduwèni iman: Supaya ngadegaké shalat, nafkahaké sebagéan rezeki kang tak wèhké sacara sesidheman utawa terang-terangan sadurungé teka dina (kiamat) kang ing dina iku ora ana dol-tinuku lan kekancan (QS.Ibrahim :31)14:31
  • Sakbeneré shalat iku nyegah saka lelaku keji lan mungkar. Lan sakbeneré éling marang Allah (shalat) kuwi luwih gedhé (kautamané saka ibadat-ibadat liyané) Lan Allah pirsa apa kang mbok lakoni (al-‘Ankabut : 45) 29:45
  • Mulané teka sawisé dhèwèkné kabèh, pengganti (kang èlèk) kang nyia-nyiakaké shalat lan nuruti hawa nafsu, mula bésuk bakal nemoni kasesatan (Maryam: 59)19:59
  • Sakbeneré manungsa diciptakaké kanthi sifat keluh kesah tur nyengit. Yèn dhèwèké éntuk kasusahan keluh-kesah, lan yèn éntuk kabungahan dhèwèké nyengit, kajaba wong-wong kang nglakoni shalat, kang tetep nglakoni shalaté (al-Ma’arij : 19-23)70:19


Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Shalat&oldid=865414"