Muhammad Nashiruddin Al-Albani

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Muhammad Nashiruddin al-Albani
Kala Jaman modhèren
Tlatah Ulama Islam
Aliran Sunni

Muhammad Nashiruddin Al-Albani ya iku imam Ahlus-Sunnah abad iki, kang ngorbanake kabèh uripé kanggo Allah.[1] Dhèwèké ora mung kawentar sawijining ulama ahli hadits, nanging uga salah sawijining kang ana ing barisan para ulama kang éntuk predikat dadi Mujaddid al-Islam.[1]

Jeneng[besut | besut sumber]

Dhèwèké ya iku Muhammad Nashiruddin bin Nuh, luwih kawentar kanthi jeneng kuniah Abu 'Abdurrahman.[2]

Lair[besut | besut sumber]

Dhèwèké lair taun 1914 M ing kutha Ashqadar, kutha krajan Albania, ing satengahing kulawarga kang sedherhana banget lan sibuk karo ngèlmu agama, ing Albania.[2]

Kulawarga[besut | besut sumber]

Bapaké ya iku haji Nuh salah sawijining ulama gedhé ing Albania kang naté golèk ngèlmu menyang Istambul, Turki, banjur bali manèh ing Albania saperlu mulangake manèh ilmune lan dakwah. Lingkungan keluargane kebak kanthi cahya Islam kang ketok kejaga ing saben sisine.[3]

Hijrah[besut | besut sumber]

Nalika Ahmad Zogo dadi ratu Albania, dhèwèké wiwit ngowah-ngowahi aturan sosial kang revolusioner kang ngrusak pondasi-pondasi lingkungan Islami mau. Amarga apa kang ditindhakake déning ratu Ahmad Zogo padha waé karo apa kang dilakokake déning Mustafa Ataturk; ing kono wong wadon kudu nyopot hijabe, saéngga marakake akèh fitnah. Sakawit iku, kaum muslimin kang kuwatir karo agamané, hijrah marang luar nagari, kalebu kulawargane Syaikh Haji Nuh, kang nggawa agama lan kulawargane marang Suriah, kalebu Muhammad Nashiruddin al-Albani cilik.[4]

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Ing Damaskus, Muhammad Nashiruddin cilik nyinaoni Basa Arab ing Madrasah Jam'iyah al-Is'af al-Hairi. Wong kang kapisan mènèhi prabawa kanggo dadi alim ya iku bapaké dhéwé, Haji Nuh, kang dadi salah sawijining ulama Madzhab Hanafi nalika iku. Kanggo sawetara wektu dhèwèké taqlid madzhabi kang diwulangake bapaké. Nanging dhèwèké éntuk hidayah Allah banjur dhèwèké dadi wong kang ora gelem dikekang madzhab tinamtu.[5]

Umur 20 taun, al-Albani wiwit konsèntrasi marang ngèlmu hadits amarga kesengsem marang pembahasan-pembahasan kang ana sajeroning kalawarta al-Manar, sawijining kalawarta kang diterbitke déning Syeikh Muhammad Rasyid Ridha. Kegiatan kapisan ing babagan iki ya iku nyalin sawijining kitab kanthi sesirah "al-Mughnian Hamli al-Asfar fi Takhrij ma fi al-Ishabah min al-Akhbar". Sawijining kitab karya al-Iraqi, arupa takhrij marang hadits-hadits kang ana ing Ihya Ulumuddin al-Ghazali. Kegiatan Syeikh al-Albani sajeroning babagan hadits iki ditentang déning bapaké sinambi ngendika. "Sajatiné ngèlmu hadits ya iku panggawean saka orang-orang bangkrut".[6]

Al-Albani nom dadi sawijining nom-noman kang unggul sajeroning kajian hadits, kang pindhah saka siji majelis pengajian marang majelis liya kanggo golèk ngèlmu.[1]

Kango nguripi sadina-dinane, dhèwèké dadi tukang servis jam, nanging iku mau ora ngalangi dhèwèké kanggo dadi ulama gedhé.[7]

Dadi Guru Besar ing Universitas Islam Madinah[besut | besut sumber]

Saka kauletane Al-Albani lan saka taufik saka Allah, karya tulise dhèwèké wiwit diterbitake sajeroning pirang-pirang disiplin ngèlmu, kaya ta fikih, akidah lan liya-liyané, luwih-luwih ngèlmu hadits kang pancen wis dadi spesifikasine dhèwèké. Iku mau minangka ambané ngèlmu kang wis diwènèhake saka Allah kanggo dhèwèké arupa seserepan kang shahih, ngèlmu kang amba, lan kajian kang jero ing babagan hadits. Katambahan manèh manhaje dhèwèké kang lurus, kang ndadèkaké al-Qur'an lan as-Sunnah dadi dhasar ing kabèh hal. Kabèh mau ndadèkaké Al-Albani dadi rujukan ahli ngèlmu lan kanthi rikat kautaman kang ana ing dhèwèké kaloka wong-wong. Mula nalika Universitas Islam Madinah wiwit dirintis, kang dipelopori déning Syaikh al-Allamah Muhammad bin Ibrahim Alu asy-Syaikh, kang nalika iku dadi Mufti Umum Karajan Saudi Arabia, Syaikh al-Albani langsung dadi pilian kanggo dadi guru besar Babagan Studi Hadits.[4]

Ing panggonane mulang, dhèwèké tansah ulet, tenanan, lan ikhlas, nganti asring dhèwèké nalika ngaso, mèlu lungguh ing satengahing mahasiswa ing dhuwur pasir kanggo njawab pitakonan lan dhiskusi karo mahasiswane.[1]

Dhèwèké wong kang andhap asor, saéngga asring mobile dhèwèké kebak déning murid-muride kang kepéngin njupuk faedah saka dhèwèké.[4]

Ing antarané kasenengan lan berkah kang ana ing Universitas Islam Madinah ya iku metodologi kuliah kang ana ijroning sub-disiplin "Ilmu Isnad." Dhèwèké mulang iki kanthi métodhe milih hadits saka Shahih Muslim upamané, banjur ditulis ing papan tulis lengkap kanthi sanad. Banjur dhèwèké ngawa kitab-kitab biografi rawi-rawi hadits, banjur dijelasake marang mahasiswane babagan metodologi kritik rawi lan metodologi takhrij hadits.[1]

Nalika Al-albani ninggal Universitas Islam Madinah kanggo dumunung ing Yordania, metodologi piwulangan mau isih tansah dilakokake déning dhosen kang ngganti dhèwèké.[1]

Dadi Imam Para Ulama Ahli Hadits Abad Iki[besut | besut sumber]

Saking akèhé karya tulis lan kasil-kasil studine dhèwèké sajeroning dhisiplin ngèlmu hadits; kang kawentar kanthi kesimpulan-kesimpulan kang detil lan cermat, ndadèkaké dhèwèké rujukan ulama-ulama saka nagara Islam liya kang padha teka saperlu njupuk faidah saka berkah ilmune dhèwèké.[4]

Prestasi[besut | besut sumber]

Pengalaman Penjara[besut | besut sumber]

Syeikh al-Albani naté dikunjara ping pindho. Kaping kapisan suwéné sakwulan lan kaping pindho suwéné 6 wulan amarga dhèwèké dakwah marang sunnah lan merangi bid'ah saéngga wong-wong kang drengki marang dhèwèké tansah nyebarake fitnah.[5]

Pujian Saka Ulama[besut | besut sumber]

Karya Tulis[besut | besut sumber]

Karya tulise dhèwèké kang wis dicithak akèhé ora kurang saka 218 sing arupa ta'lif utawa takhrij. Malah ana kang awujud manuskrip.Karya Tulise ya iku:

Nalika arep ditekani ajal, dhèwèké wasiat supaya kabèh pabukon pribadine dihibahke marang Universitas Islam Madinah.[1]

Tilar Donya[besut | besut sumber]

Dhèwèké tilar donya dina Setu, 22 Jumadil-Akhir 1420 H utawa tanggal 1 Oktober 1999 ing Yoradania.[5]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l [1] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
  2. ^ a b c [2] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
  3. ^ [3] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
  4. ^ a b c d e f g h i [4] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
  5. ^ a b c [5] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
  6. ^ [6] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
  7. ^ [7] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
  8. ^ a b [8] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)