Menyang kontèn

Madahab

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Madzhab)
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Madahab (basa Arab:مذهب, madzhab) iku istilah ing basa Arab kang tegesé dalan kang dipecaki lan diliwati, sawijining panggayuh sanyatané lan uga abstrak. Madahab iku karacik saka métodhe (manhaj) saka pamikiran lan panlitèn, banjur wong kang nganut nindakaké kanggo pituduh kang jelas watesané, pérangané, karipta saka paugeman lan aturan.[1]

Pangertèn ulama pikih

[besut | besut sumber]

Madahab, miturut ulama pikih, iku métodhologi pikih mirunggan kang dilakoni sawijining ahli pikih mujtahid, kang béda karo ahli pikih liyané, kang nglantaraké milih sawatara ukum ing laladan ngèlmu furu' .

Pamérangan Madahab

[besut | besut sumber]

Madahab kang akèh digunakaké yaiku madahab Kanapi, madahab Maliki, madahab Sapingi dan madahab Kambali saka kalangan Suni. Sawetara ing kalangan Singah nduwé madahab Jampari, Ismailiyah dan Jaidiyah.

Artikel utama: Sunni

Suni utawa luwih lengkapé Ahlus-Sunat wal Jama'ah ing jaman wiwitan nduwé akèh ilèn. Ing sabanjuré, ana patang madahab kang diakoni kanthi wiyar ing antarné muslim suni.

Artikel utama: Madahab Kanapi

Madahab iki dipandhégani déning Abu Hanifah, Madahab Kanapi kalebu paling dominan. Laladan kang antarané nganut madahab iku antarané Asia Kidul (Pakistan, India, Bangladesh, Sri Lanka, lan Maladewa), Mesir sisih lor, saparo Irak, Siria, Libanon lan Palestina (campuran Sapingi lan Kanapi), Kaukasia (Chechnya, Dagestan).

Artikel utama: Madahab Maliki

Madahab Maliki dipandhégani déning Imam Malik, udakara 25% muslim ing donya kang nganut. Madahab iki dominan ing nagara-nagara Afrika Kulon dan Lor. Madahab iki ngrujuk marang tatacara kang dianut warga Madinah.

Sapingi

[besut | besut sumber]
Artikel utama: Madahab Sapingi

Madahab Sapingi dipandhégani déning Imam Syafi'i lan udakara 28% muslim ing donya nganut. Madahab iki kondhang ing Indonésia, Turki, Irak, Siria, Iran, Mesir, Somalia, Yaman, Thailand, Singapura, Filipina, Sri Lanka lan dadu madahab resmi nagara Malaysia lan Brunei.

Kambali

[besut | besut sumber]
Artikel utama: Madahab Kambali

Madahab Kambali disebaraké déning para murid Imam Ahmad bin Hambal. Madahab iki kurang luwih dianut déning 5% muslim ing donya lan dominan ing ujung Arab. Madahab iki dianut ing Arab Saudi.

Artikel utama: Singah

Singah (lengkapé saka kalimat Syi`ah `Ali) ing awalé akèh alirané. Saiki, mung ana telung ilèn kang akèh dianut, yaiku Itsna 'Asyariah (paling akèh), Ismailiyah lan Zaidiyah. Ing Singah, kapitayan mligi iku yaiku Ali bin Abu Thalib dan anak-cucunya dianggep luwih nduwé hak jumeneng dadi khalifah lan imam kanggo muslim. Ing antarané telung madahab Singah, ana prabédan ngenani sapa kang dadi imam lan ngganti para imam.

Jampari

[besut | besut sumber]
Artikel utama: Madahab Ja'fari

Madahab Jampari utawa Madahab Rolas Imam (Itsna 'Asyariah) iku madahab kang akèh dianut wong Singah. Kanisbataké tumuju Imam angka 6, yaiku Ja'far ash-Shadiq bin Muhammad bin Ali bin Husain bin Ali bin Abi Thalib. Sawisé iku banjur katerusaké tumuju Muhammad al-Mahdi bin Hasan al-Asykari bin Ali al-Hadi bin Muhammad al-Jawad bin Ali ar-Ridha bin Musa al-Kadzim bin Ja'far ash-Shadiq. Iki madahab resmi Nagara Républik Islam Iran.

Ismailiyah

[besut | besut sumber]
Artikel utama: Ismailiyah

Madahab Ismaili utawa Madahab Pitung Imam percaya Ismail bin Ja'far iku imam kang gantèkaké ramané, Jafar as-Sadiq, dudu saduluré Musa al-Kadzim. Imam kanisbataké tumuju Ismail bin Ja'far ash-Shadiq bin Muhammad bin Ali bin Husain bin Ali bin Abi Thalib. Garis Imam Ismailiyah turun-tumurun nganti tekan Imam-imam Aga Khan, kang ngaku dadi keturunané.

Jaidiyah

[besut | besut sumber]
Artikel utama: Zaidiyah

Madahab Jaidi utawa Madahab Limang Imam nduwé panemu yèn Zaid bin Ali iku kang luwih nduwé hak nggantèkaké ramané, Ali Zainal Abidin, tinimbang sadulur kwaloné, Muhammad al-Baqir. Madahab iki ngrujuk marang Zaid bin Ali bin Husain bin Ali bin Abi Thalib. Sawisé imam angka 4, Ali Zainal Abidin, séda, kaimaman katerusaké Muhammad al-Baqir, Ja'far ash-Shadiq. Zaid bin Ali mratélakaké yèn imam iku kudu nglawan panguwasa kang sawenang-wenang kanthi pedhang. Sawisé Zaid bin Ali séda ing jaman Bani Umayyah, kaimaman diterusaké anaké, Yahya bin Zaid.

Kawarid

[besut | besut sumber]
Artikel utama: Khawarij

Madahab Kawarid (Khawarij) ngrungkebi sawatara ilèn ing Islam kang wiwitané ngakoni Ali bin Abi Thalib dadi kalipah. Nanging, ing kaanan sabanjuré, wong-wong mau nolak amarga takhrif (bedhamèn/perdamaian) karo Muawiyah bin Abu Sufyan kang dianggep sawenang-wenang. Mula bukané, madahab iki kapusataké ing Irak sisih kidul. Kaum Kawarid lumrahé fanatik lan atos marang apa kang dibéla, sarta sinau Kuran kanthi wantah lan béda karo Suni lan Singah.

Liya-liya

[besut | besut sumber]
  • Madahab agama Islam kang paling akèh dianut ing Indonésia iku Madahab Sapingi
  • Pangertèn madahab ing Islam ora padha karo denominasi ing Kristen, nanging satingkat ing ngisoré. Denominasi Katulik-Protèstan-Ortodoks luwih pas karo denominasi (firqah) Suni-Singah ing Islam.
  • Istilah Madahab, kanthi umum ing basa Indonésia 'Madahab' uga kanggo ilèn tinamtu ing ngèlmu utawa filsafat, upamané Madahab Frankfurt (Madahab Frankfurt).

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. "Apa Itu Madzhab Fiqih?". Dari website www.MediaMuslim.info. Sumber rujukan: Al Madkhal Ila Dirasatil Madarisi Wal Madzahibil Fiqhiyyah, olèh DR. Umar Sulaiman Al Asyqar

Ketahui perbezaan mazhab Archived 2009-06-21 at the Wayback Machine.