Andrew Jackson
| Andrew Jackson | |
| |
| Masa jabatan 4 Maret 1829 – 4 Maret 1837 | |
| Wakil Presiden | John C. Calhoun (1829-1832), Tidak ada (1832-1833), Martin Van Buren (1833-1837) |
| Sadurungé | John Quincy Adams |
| Pengganti | Martin Van Buren |
| Masa jabatan 26 September 1797 – April 1798 | |
| Sadurungé | William Cocke |
| Pengganti | Daniel Smith |
| Mangsa jabatan 4 Maret 1823 – 14 Oktober 1825 | |
| Sadurungé | John Williams |
| Pengganti | Hugh Lawson White |
| Lahir | 15 Maret 1767 Lancaster County, South Carolina |
| Meninggal | 8 Juni 1845 (umur 78) Nashville, Tennessee |
| Kebangsaan | Amérika |
| Partai politik | Dhémokrat-Républik dan Parté Dhémokrat |
| Suami/Istri | Sarah Yorke Jackson (first lady) |
| Pekerjaan | Petani Tentara Hakim |
| Agama | Presbiterian |
| Tanda tangan | |
Andrew Jackson (lair ing Lancaster County, South Carolina, 15 Maret 1767 – pati ing Nashville, Tennessee, 8 Juni 1845 ing umur 78 taun) ya iku Présidhèn Amérika Sarékat kang kaping 7[1]. Andrew anggoné nyekel papréntahan ing ya iku njabat dadi présidhèn ing Amérika kaping loro 1829-1837.[2] Amérika ana ing 8 taun papréntahan Présidhèn Andrew Jackson, amarga Andrew Amérika Sarékat dadi luwih kuat. Slogannya kang kaloka ya iku[3]
| Wenehke Papréntahan Marang rakyat |
Andrew Jackson lair tanggal 15 Maret 1767 ana ing sawijining dhusun, Waxhaw, Carolina Kidul.[2] Rong minggu sadurungé Andrew lair bapake mati.[2] Andrew Jackson yatim wiwit lair.[4] Andrew Jackson diasuh déning ibune kang manggon bareng ipéné.[2] Nalika jaman semana Andrew ora duwé kalodhangan kang akèh kanggo sekolah, nanging Andrew duwé kekarepan kang gedhé, semangat mardhika, lan kawanèn gedhé kang ana ing uripé.[2] Nalika umuré 13 taun Andrew lumebu ana ing bala milisi Amérika lan mèlu ing Revolusi Amérika nalika nglawan Inggris, kang mengkoné banjur dadi Perang Kemerdekaan Amérika.[3] Andrew tau ditangkep lan ditawan déning mungsuh.[3] Nalika ditawan Andrew nolak kanggo ngelapi sepatune salah siji perwira Inggris, perwira mau banjur ngantem Andrew nganggo pedang, bekas amarga anteman pedang iku ora ilang nganti tekan mati.[3] Amarga permohonan saka ibuné, dhèwèké banjur dibebesake saka tawanan, nanging banjur ibune mati amarga kena lelara demam nalika ibune dadi juru rawat sukarila kanggo wong-wong Amérika kang ditawan déning bala Inggris.[3] Andrew Jackson banjur dadi yatim piatu nalika umuré 14 taun.[3]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Suhindriyo.1999.Biografi Singkat Présidhèn-Présidhèn Amérika Sarékat. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama, hal.25
- ↑ a b c d e www.answers.com
- ↑ a b c d e f www.brainyquote.com
- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2011-07-21. Dibukak ing 2011-07-08.
{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |