James A. Garfield
| James Abram Garfield | |
|---|---|
| Présidhèn Amérika Sarékat angka 20 | |
| Linggih 4 Maret 1881 – 19 September 1881 | |
| Wakil Présidhèn | Chester A. Arthur |
| Kang sadurungé | Rutherford B. Hayes |
| Kang sawisé | Chester A. Arthur |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | 19 November 1831 Moreland Hills, Ohio |
| Pati | 19 Sèptèmber 1881 (umur 49) Elberon (Long Branch), New Jersey |
| Bangsa | Amérika |
| Parté pulitik | Républik |
| Sisihan | Lucretia Rudolph Garfield |
| Panggaota | Pengacara Pendidik |
| Tandha tangan | |
James Abram Garfield (lair ing Moreland Hills, Ohio, 19 Novèmber 1831 – pati ing Elberon (Long Branch), New Jersey, 19 Sèptèmber 1881 ing umur 49 taun) ya iku mayor jèndral Wadya Amérika Sarékat, anggota Konggrès Amérika Sarékat, Présidhèn Amérika Sarékat kaping 20[1]. Kanthi mangsa kalungguhan taun 1881 sasuwéné petang wulan. Panjenengané tilar donya ing mangsa jabatané lan digantèni déning wakilé, Chester Arthur[2], amarga ditémbak déning Charles J. Guiteau, wong golèk pagawéan sing édan. .
Mangsa cilik
[besut | besut sumber]James Garfield lair tanggal 19 November 1831 ing salah sijining pondhok ing praja Ohio[3]. Panjenengané anak ragil saka patang sadulur. Bapané, pakaryané tani, tilar donya nalika Garfield umuré rong taun[4]. Garfield banjur nyambut gawé ing tegalan tekan umuré 16 taun lan sabanjuré lunga menyang salah sijining kutha ing cedhak desané lan makarya ing salah sijining kapal terusan[5].
Karir pamaréntahan lan militèr
[besut | besut sumber]Pametuné saka makarya ing kapal iku kanggo mbéyani pandhidikané.
Ing taun 1856, panjenengané wisudha saka pamulangan luhur lan dadi mahaguru ing babagan basa lan sastra kuna sasuwéné telung taun[6].
Ing taun 1859 nalika umur 28 taun, Garfield kapilih dadi anggota Senat praja Ohio makili Parté Républik[7].
Gladri
[besut | besut sumber]- Rajapati Présidhèn Garfeld
- Rajapati Présidhèn Garfield, Charles Guiteau dicekel
- Kulawarga Prèsidhen Garfield
- Foto resmi Présidhèn Garfield
- Layon Présidhèn Garfield dideleh
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ http://www.infoplease.com/ipa/A0760605.html
- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2011-12-23. Dibukak ing 2012-10-04.
{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2010-05-26. Dibukak ing 2012-10-04.
{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ http://www.answers.com/topic/james-garfield
- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2007-10-18. Dibukak ing 2012-10-04.
{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2009-04-14. Dibukak ing 2012-10-04.
{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2011-01-12. Dibukak ing 2012-10-04.
{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
- Buku Présidhèn-Présidhèn Amérika Sarékat, diterbitkake déning Dinas Penerangan lan Kebudayaan Amérika Sarékat, Jakarta (2003)