William Henry Harrison
| William Henry Harrison | |
| Masa jabatan 4 Maret 1841 – 4 April 1841 | |
| Wakil Presiden | John Tyler (1841) |
| Sadurungé | Martin Van Buren |
| Pengganti | John Tyler |
| Masa jabatan 4 Maret 1825 – 20 Mèi 1828 | |
| Sadurungé | Ethan Allen Brown |
| Pengganti | Jacob Burnet |
| Lahir | 9 Fèbruari 1773 Charles City County, Colony of Virginia |
| Meninggal | 4 April 1841 (umur 68) Washington, D.C. |
| Kebangsaan | Amérika |
| Partai politik | Whig |
| Suami/Istri | Anna Symmes Harrison |
| Almamater | University of Pennsylvania |
| Pekerjaan | Tentara |
| Agama | Episkopal |
| Tanda tangan | |
William Henry Harrison (lair ing Charles City County, Colony of Virginia, 9 Fèbruari 1773 – pati ing Washington, D.C., 4 April 1841 ing umur 68 taun) yaiku pimpinan militèr Amérika, pulitikus, lan Présidhèn Amérika Sarékat yang kaping 9.[1] Henry dilantik nalika tanggal 4 Maret 1841 lan mati 31 dina sawisé dilantik.[2] William H. Harrison yaiku présidhèn Amérika Sarékat pisanan kang mati nalika isih njabat dadi présidhèn[2]. William H. Harrison lair tanggal 9 Fèbruari 1773 ana ing Charles City, Virginia, Henry yaiku putra saka salah siji Pemimpin Amérika Sarékat, Benjamin Harrison V[3] lan Elizabeth Basset[4]. Bapake Henry dadi salah sijiné wong kang mèlu nandatangani Deklarasi Kemerdekaan Amérika.[2] Putune uga dadi Présidhèn Amérika Sarékat kang kaping 23, yaiku Benjamin Harrison[4]. William Harrison wiwitane mèlu sinau ana ing babagan kadhokteran, nanging banjur mandeg nalika bapake mati.[4] Henry banjur dadi bala lan olèh tugas 7 taun.[4] Taun 1812 nalika Amérika perang lawan Inggris, nalika iku William Harrison duwé pangkat Brigadir Jenderal, lan ngalahake wadyabala gabungan Inggris lan Indian ing wewengkon kulon sagara Amérika Sarékat.[4] Kemenangan iki langsung mandegake ancaman penyerbuan Inggris ing sabanjuré menyang wewengkon iku lan ndadèkaké jenenge misuwur.[4]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Suhindriyo. 1999.Biografi Singkat Présidhèn-Présidhèn Amérika Sarékat.Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama, hal.32.
- ↑ a b c "www.whitehouse.gov". Diarsip saka sing asli ing 2010-12-23. Dibukak ing 2011-07-10.
- ↑ www.ipl.org
- ↑ a b c d e f www.answers.com
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |