Syu'aib

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Peta wewengkon Midian/Madyan, papane kaume Nabi Syu'aib, Kaum Madyan
Makam Nabi Syu'aib ing Wadi Shoaib, Yordania

Syu'aib (Arab: شعيب‎‎; Shuʕayb, Shuʕaib, Shuaib )(sawatawis 1600 SM-1500 SM)[1][2] inggih punika sawijining nabi ingkang dipunutus datèng kaum Madyan lan Aikah miturut tradisi Islam. Piyambakipun dipunutus dados nabi ing taun 1550 SM. nanging dipunsèbatakèn kathah ngantos 11 pocapan ing salebeting Al-Qur'an lan piyambakipun séda ing Madyan. Ing Kitab Pangentasan Alkitab Ibrani utawi Alkitab Kristen kasèrat sawijining paraga ingkang dipunanggep sami inggih punika: Rehuel utawi Yitro, imam ing Midian, ingkang dados maratuwanipun Musa, saksampunipun maringi putrinipun, Zipora datèng Musa dados garwanipun. Zipora mbabar 2 putra kanggé Musa.[3] Sawijining putranipun Rehuel, Hobab lajèng ndèrèk Musa kèsah ing tanah Kanaan/Syam. Saksampunè tiyang Israèl mlébét ing tanah Kanaan, turunipun dipunparingi sapethak lemah lan manggèn ing tengah-tengah tiyang Israèl.[4]

Ètimologi[besut | besut sumber]

Syu'aib artosipun "Ingkang nedahaken Dalaning bebener". Amargi miturut cariyos Islam, Syu'aib sampun nujukaken dalan ingkang lurus dateng umatipun inggih punika kaum Madyan lan Aykah.

Genealogi[besut | besut sumber]

Miturut Islam: Syuaib bin Mikil bin Yasjir bin Madyan bin Ibrahim utawi Abraham bin Azara utawi Terah bin Nahur utawi Nahor bin Suruj bin Ra'u bin Falij bin 'Abir bin Syalih bin Arfahsad utawi Arpakhsad bin Syam utawi Sem bin Nuh.

Biografi[besut | besut sumber]

Miturut Islam, Syu'aib inggih punika salah satunggaling saking 4 nabi bangsa Arab. Tiga nabi sanèsipun inggih punika Hud, Shaleh, lan Muhammad. Piyambakipun nabi ingkang ugi ajejuluk Khotibul Anbiya kang tegesipun juru sesorah para nabi amargi fasih, dhuwur lan jerone tembung-tembunge nalika dakwah.

Piyambakipun dipunpitadosi punika cicit ingkang kakung Nabi Ibrahim. Piyambakipun dipunutus minangka nabi kanggé kaum Madyan kanggé ngemutaken tiyang-tiyang Madyan amargi dosa-dosanipun. Nalika tiyang Madyan boten mrewes pangandikanipun Syu'aib, Allah ngazab kaum wau.

Syu'aib kanthi tradhisional dipunanggep dados Yitro, lan dados bapa maratua Musa ing ajaran Samawi. Amargi Musa sampun dhaup kaliyan putranipun ingkang namanipun Shafura utawi Zipora.

Kaum Madyan[besut | besut sumber]

Tilas kutha Midian (Madyan) kang saiki kalebu wewengkon gunung ing Tabuk, Arab Saudi

Nabi Syu'aib diutus kanggo nuntun wong-wong Madyan. Nalika iku wong-wong Madyan nyembah "Aikah" yaiku wit gedhe kang ana ing alas. Dheweke uga nduweni pakulinan nglakoni perkara-perkara kang luput, maling, ngapusi, lan nyuda takeran timbangan.

Wong-wong Madyan nduwe anggepan yen nyuda timbangan ing adol tinuku iku perkara kang lumrah. Malah padha ngira yen tumindak kuwi minangka salah sawijining kapinterane ing babagan adol tinuku.

Nabi Syu'aib teka lan ngelingake yen perkara iku perkara kang elek lan kalebu nyolong. Nabi Syu'aib ngendika yen dheweke kuatir menawa kaume tetep nerusake pakaryan elek iku bakal mudun azab ing ngendi manungsa ora bakal bisa endha saka panyiksan iku.

Wong Madyan nulak lan ora percaya ajaran lan ajakan kasebut nganti pungkasane Allah ngedhunake azab arupa bledhèg kang nggesengake wong Madyan.

"Wong-wong kang ora nurut marang Syu'aib kaya-kaya dheweke durung tau manggon ing (nagari) iku. Dheweke kang mbantah Syu'aib, yaiku wong-wong kang padha rugi" (Surat Al A’Raaf:92)

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2008-08-04. Dibukak ing 2013-01-31.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2011-06-29. Dibukak ing 2013-01-31.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  3. Keluaran 2, mliginipun

Ndelengen Uga[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]