I Timotius

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Layang Paulus marang Timotius I

Timotius iku sawijining wong Kristen sing isih enom ing Asia Cilik, sing wis dadi kanca lan pambiyantu Paulus ing panggawéyané Paulus. Bapané Timotius iku wong Yunani lan ibuné Yahudi. Ing Layang Paulus Sing Sepisanan Marang Timotius, diterangaké telung perkara sing ana gandhèng cènèngé siji lan sijiné.

Sing sepisanan yaiku pepènget marang Timotius marang piwulang-piwulang ala sing ana ing umat. Piwulang-piwulang iku arupa campuran paham Yahudi lan paham non-Yahudi adhedhasar kapercayan marang jagad raya wis ala, lan kaslametan mung bisa diantuki yèn wong nduwèni pengetauan ngenani wewadi tartemtu, lan netepi angger-angger kayata umpamané angger-angger bojoné mung siji, pantang mangan panganan tartemtu lan sapituruté.

Sing angka loro, yaiku pituduh-pituduh marang Timotius ngenani pangurusan umat lan ngenani ibadat. Dijelasaké marang Timotius sifat-sifat wong sing éntuk dadi panilik lan pambiyantu umat. Pungkasané Timotius diwulang ngenani kepriyé panjenengané bisa dadi murid Dalem Yesus Kristus sing becik lan ngenani tanggel waleré marang saben golongan wong sing dadi anggota umat.

[sunting] Isi

  • Pambuka 1:1-2
  • Pituduh-pituduh ngenani umat lan para pangurusé 1:3--3:16
  • Pituduh-pituduh marang Timotius ngenani pegawéyané 4:1--6:21


 
Alkitab

Prajanjian Lawas: Purwaning Dumadi | Pangentasan | Kaimaman | Wilangan | Andharaning Torèt | Yosua | Para Hakim | Rut | I Samuel | II Samuel | I Para Raja | II Para Raja | I Babad | II Babad | Ezra | Nehemia | Ester | Ayub | Masmur | Wulang Bebasan | Juru Kotbah | Kidung Agung | Yésaya | Yérémia | Kidung Pasambat | Yéhèzkièl | Danièl | Hosea | Yoel | Amos | Obaja | Yunus | Mikha | Nahum | Habakuk | Zefanya | Hagai | Zakharia | Maleakhi
Deuterokanonika: Tobit | Kitab Yudit | Tambahan Ester | Kawicaksanan Salomo | Kitab Yesus bin Sirakh | Kitab Barukh | Tambahan Daniel | I Makabe | II Makabe
Prajanjian Anyar: Injil Matius | Injil Markus | Injil Lukas | Injil Yohanes | Para Rasul | Layang Paulus Roma | I Korintus | II Korintus | Layang Paulus Galatia | Layang Paulus Efesus | Filipi | Layang Paulus Kolose | I Tesalonika | II Tesalonika | I Timotius | II Timotius | Titus | Filemon | Layang Ibrani | Yakobus | I Petrus | II Petrus | I Yohanes | II Yohanes | III Yohanes | Layang Yudas | Kitab Wahyu
Artikel Kagandhèng: Torèt | Tanakh | Septuaginta | Injil

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/I_Timotius"