Yesus Kristus
Cithakan:Yesus Kristus Sang Juru Wilujeng Yesus saking Nazarèt (kirang langkung antawis taun 6 SM–4 SM - 29–33) punika satunggiling tukang kayu, pengkhotbah/pangajar, panyaras, guru/rabbi, pedamel mujizat, lan tokoh Yahudi ingkang paling misuwur; ing kakristenan Yesus Kristus. Tiyang Kristen pitados, Yesus punika Putraning Allah, Hyang, Mesias, lan Juru Wilujeng umat manungsa; ing Islam, Isa Almasih punika satunggiling nabi wigatos (Nabi Isa).
Nami "Yesus" punika alihaksara saking basa Yunani Ιησους [Iēsoûs], ingkang ing giliranipun ugi arupi alihaksara saking basa Aram utawi basa Ibrani inggih punika:Yeshua, ingkang tegesipun : Kawilujengan, utawi "Hyang punika kawilujengan", "Hyang milujengaken". "Kristus" punika gelar ing teologi ugi asalipun saking basa Yunani Χριστός [Christos], ingkang saking basa Ibrani "Mesias", tegesipun "ingkang dipunurapi" utawi "ingkang kapilih". Ing Islam, Yesus (Basa Arab: عيسى,[Isa]) sacara umum dipunsebat kanthi nami Isa bin Maryam ingkang tegesipun Isa putra saking Maria . Panjenenganipun dipunanggep minangka salah satunggiling nabi wigatos saking Hyang.[1][2] pawarta Injil lan pedamel kaajaiban.
Gusti Yesus meniko Juru Wilujeng engkang sejati Alasanipun menopo? Inggih puniko amargo : 1. Yesus kristus meniko sanes tiang engkang asalipun saking Donyo puniko, namung asalipun saking Swargo. 2.Yesus Kristus meniko namung satunggal-tunggalipun tiyang ingkang nglampahi sedo lan wungu malih saking antawisipun tiyang pejah. 3.Yesus Kristus meniko kadunungan Rohipun Gusti Allah ingkang akaryo jagad puniko lan sampun kapasrahan sedoyo panguwaos wonten ing bumi tuwin wonten ing swago.
[sunting] Kapurih ugi mirsani
- Kristen
- Katulik
- Natal
- Prajanjian Lawas
- Prajanjian Anyar
- Wiyosan Gusti Yesus Miturut Matius
- Wiyosan Gusti Yesus Miturut Lukas
[sunting] Rujukan
- ↑ James Leslie Houlden, "Jesus: The Complete Guide", Continuum International Publishing Group, 2005, ISBN 0-8264-8011-X
- ↑ Prof. Dr. Şaban Ali Düzgün, "Uncovering Islam: Questions and Answers about Islamic Beliefs and Teachings", Ankara: The Presidency of Religious Affairs Publishing, 2004
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.