Bujana Ndalu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Bagéan saka seri babagan
Yesus Kristus

Gambar:Title jesus.jpg

Asma lan sesebutan
YesusKristusMesiasIsa AlmasihJuruselamat

Yesus Kristus lan Kekristenan
KronologiKalairanSilsilah
PembaptisanPelayananMukjizat
PerumpamaanPerjamuan TerakhirPenangkapan
PengadilanPenyalibanKematian
PenguburanKebangkitanKenaikan
Kedatangan keduaPenghakiman

Ajaran utama Yesus Kristus
MesiasKotbah ing Bukit
Doa Bapa KamiHukum Kasih
Perjamuan MalamAmanat Agung

Pandangan terhadap Yesus
Pandangan Kristen
Pandangan Islam
Pandangan Yahudi
Yesus jroning sajarah
Yesus jroning karya seni

Bujana Pungkasan déning Leonardo da Vinci (1498).

Bujana Pungkasan (ngoko: Bujana Akir) utawi Bujana Ndalu utawi cariyos ingkang dipunparingi tajuk Yesus kembul dhahar Paskah sesarengan murid-murid Dalem déning Lembaga Alkitab Indonésia inggih punika wekdal kembul dhahar pungkasan antawisipun Yesus lan kalihwelas rasul sadèrèngipun séda. Prastawa kasebat dipunserataken ing Matius 26:17-29, Markus 14:12-25, Lukas 22:7-38, lan Yohanes 13:1-38 (ingkang nyerataken ngéngingi Yesus mijiki suku murid-murid Dalem). Bujana pungkasan sampun dados subyèk saking kathah lukisan, ing antawisipun ingkang paling misuwur déning Leonardo da Vinci.

Bab lan Paragraf

Yesus kembul dhahar Paskah sesarengan murid-murid Dalem [sunting]

Dinten kasebat arupi dinten sepindhahan saking dinten riyadi Roti Mboten Mawi Ragi, utawi ingkang dipunsebat Paskah Yahudi. Murid-murid Yesus lajeng nyawisaken bujana Paskah kagem Yesus. Nalika kembul dhahar, Yesus maringi sumerep bilih salah setunggil ing antawisipun murid-mudir Dalem badhé masrahaken Yesus (dhumateng para pangajeng agami ingkang gething dhumateng Yesus). Murid-murid Yesus ingkang mboten mangertos sinten tiyang ingkang dipunmaksudaken rumaos sungkawa mireng perkawis kasebat.

Panetepan Bujana Ndalu [sunting]

1 Korintus 11:23-29:

   
Bujana Ndalu
Yesus mundhut roti lan sakwise caos sukur marang Gusti Allah, roti mau nuli dicuwil-cuwil karo ngandika: "Iki badan-Ku, sing Dakwènèhaké marang kowé. Iki padha tampanana minangka pengéling-éling marang Aku."

Mengkono uga sawisé dhahar, Gusti nuli mundhut tuwungé, sarta ngandika: "Tuwung iki prejanjian anyar saka Gusti Allah, prejanjian sing disahaké srana getih-Ku. Saben-saben kowé padha ngombé saka tuwung iki, padha tindakna minangka pengéling-éling marang Aku."

   
Bujana Ndalu

Yesus mijiki suku murid-murid Dalem [sunting]

Sadèrengipun bujana, Yesus nguculi rasukanipun ngantos katon ageman lebetipun lan mundhut setunggal lembar kain pethak lan setunggal mangkok toya. Murid ingkang sepindhahipun dipunwijiki sukunipun inggih punika Yohanes. Salaminipun mijiki, Yesus ugi mijiki suku Yudas Iskariot. Sasampunipun rampung, Yesus ngagem malih rasukan Dalem.

Priksani ugi [sunting]

  • Sakramèn Bujana Suci ingkang dipundhasaraken dhumateng prastawa puniki.

Pranala njawi [sunting]

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Bujana Ndalu ing Wikimedia Commons.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bujana_Ndalu&oldid=830010"