Kitab Yéhèzkièl
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kitab Yéhèzkièl (Ibrani ספר יחזקאל Sefer Yekhezkel) iku asmaning sawijining kitab ing Alkitab Prajanjian Lawas. Sing nulis iki dianggep sang nabi Yéhèzkièl. Ing Al-Qur'an, nabi iki uga ana lan diarani Zulkifli.
Miturut Alkitab, nabi Yehezkiel manggon ing papan pambuwangan ing Babel, sadurungé lan sawisé Yerusalem dibedhah ing taun 586 SM. Welingané diwènèhaké marang wong-wong sing dibuwang ing Babel lan sing wis padha manggon ing Yerusalem.
Isi [sunting]
Kitab Yéhèzkièl bisa dipérang dadi patang bageyan wigati, yakuwi:
- Paringatan marang umat Israel yen Gusti Allah bakal dumendha kabèh wong lan Yerusalem bakal dibedhah rusak.
- Weling saka Gusti Allah yèn Sampéyan Dalem kersa dumendha bangsa-bangsa liya sing nyiya-nyiya lan nasaraké umat Gusti.
- Panglipur kanggo Israel sawisé Yerusalem binedhah, lan janji bab masa ngarep sing luwih padhang.
- Gambaran Yéhèzkièl bab Baitallah lan bangsa sing wis dibangun anyar manèh. Yéhèzkièl iku wong sing teguh imané lan hébat daya imajinasiné. Sebageyan gedhé wewelingé olèhé wruh amarga pinaringan wangsit-wangsit wahyu, lan kabèh dikandhakaké marang wong Israel awujud pakaryan sing dadi lambang sing cetha kanggo bangsa Israel. Yéhèzkièl wanti-wanti perluné dianakaké pambangunan anyar ati lan jiwa, sarta tanggung-jawabing kabèh wong marang dosa-dosané dhéwé. Ing jawatané dadi nabi, Yehezkiel mènèhi pawigatèn kusus marang Baitallah lan wigatiné urip miturut kersaning Gusti.
Uga delengen [sunting]
|
||||||||||||||