II Timotius

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Layang Paulus Sing Kapindho Marang Timotius sabagéyan gedhé isiné ular-ular pribadi marang Timotius minangka kanca sapanggawéan lan pambiyantu sing isih enom. Inti saka piweling mau yaiku supaya Timotius tabah. Panjenengané diweling lan disengkuyung supaya terus setya nyebaraké pawarta ngenani Gusti Yesus Kristus sarta netepi Prajanjian Lawas lan piwulang ngenani Injil saka Gusti Allah; uga supaya Timotius tetep tugas minangka guru lan panyebar Injil saka Gusti Allah, senadyan ngadhepi kasangsaran lan tetentangan. Timotius khusus dipèngetaké supaya ora mèlu cawé-cawé ing dhébat sing bodho lan ora nduwèni pangaji. Dhébat kaya mangkono iku ora ngasilaké apa-apa, kejaba ngrusak pikiran wong sing ngrungokaké.

Marang kabèh iku Timotius dièlikaké supaya njupuk conto saka kauripanéPaulus -- yaiku kapercayané marang Kristus, kasabarané, tresnané, katabahané lan kasangsaran sing dialami ing panganiayan.

[sunting] Isi

  • Pambuka 1:1-2
  • Pepuji lan dhukungan 1:3--2:13
  • Piweling lan pepènget 2:14--4:5
  • Katrangan ngenani kahanan Paulus 4:6-18
  • Panutup 4:19-22


 
Alkitab

Prajanjian Lawas: Purwaning Dumadi | Pangentasan | Kaimaman | Wilangan | Andharaning Torèt | Yosua | Para Hakim | Rut | I Samuel | II Samuel | I Para Raja | II Para Raja | I Babad | II Babad | Ezra | Nehemia | Ester | Ayub | Masmur | Wulang Bebasan | Juru Kotbah | Kidung Agung | Yésaya | Yérémia | Kidung Pasambat | Yéhèzkièl | Danièl | Hosea | Yoel | Amos | Obaja | Yunus | Mikha | Nahum | Habakuk | Zefanya | Hagai | Zakharia | Maleakhi
Deuterokanonika: Tobit | Kitab Yudit | Tambahan Ester | Kawicaksanan Salomo | Kitab Yesus bin Sirakh | Kitab Barukh | Tambahan Daniel | I Makabe | II Makabe
Prajanjian Anyar: Injil Matius | Injil Markus | Injil Lukas | Injil Yohanes | Para Rasul | Layang Paulus Roma | I Korintus | II Korintus | Layang Paulus Galatia | Layang Paulus Efesus | Filipi | Layang Paulus Kolose | I Tesalonika | II Tesalonika | I Timotius | II Timotius | Titus | Filemon | Layang Ibrani | Yakobus | I Petrus | II Petrus | I Yohanes | II Yohanes | III Yohanes | Layang Yudas | Kitab Wahyu
Artikel Kagandhèng: Torèt | Tanakh | Septuaginta | Injil

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/II_Timotius"