Merkabah
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Pamandhangan Yéhèzkièl ngenani "merkabah", déning Matthaeus Merian (1593-1650).
Merkabah utawa merkavah (Ibrani מרכבה "kréta perang", saka akar konsonan r-k-b sing tegesé sacara umum "numpaki") iku sawijining konsèp Alkitab sing dikutip ing Kitab Yéhèzkièl (1:4-26) sing ngrujuk marang kréta-makuthaning Gusti Allah, sawijining kendaraan. Kendaraan iki nduwé patang rodha sing disetir déning patang makhluk utawa "chayot". Saben makhluk iki nduwé patang swiwi lan patang rai: rainé manungsa, singa, bantèng lan rajawali.