Sirsat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sirsat
Sirsat, gumandul ana ing wite
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Angiospermae
Unranked: Magnoliids
Ordho: Magnoliales
Famili: Annonaceae
Génus: Annona
Spésies: A. muricata
Jeneng binomial
Annona muricata
L.[1]

Sirsat, nangkli, nangka sabrang, nangka landa, utawa durèn landa (Annona muricata L.) iku tetuwuhan migunani sing asalé saka Karibia, Amérika Tengah lan Amérika Kidul.[2] Ing manéka laladan Indonésia ditepungi minangka nangka sabrang, nangka landa (Jawa), nangka Walanda, sirsak (Sundha), nangka buris (Madura), srikaya jawa (Bali), deureuyan belanda (Acèh), durio ulondro (Nias), durèn betawi (Minangkabau), sarta jambu landa (Lampung).[2] Panyebutan "belanda" lan variasiné nuduhaké yèn sirsat (saka basa Walanda, zuurzak) ditekakaké déning pamaréntah kolonial Walanda ing Nuswantara, ya iku ing abad kaping 19.[2] Jeneng sirsat dhéwé asalé saka basa Walanda Zuurzak sing tegesé kanthong sing asem.[2]

Tuwuhan iki ditandur kanthi komersial utawa selingan kanggo dijupuk daging wohé.[2] Wité dhuwuré bisa nganti sangang mèter.[2] Tuwuhan iki bisa tuwuh ing sabarang papan, paling akèh ditandur ing laladan sing cukup ngandhut banyu.[2] Ing Indonésia sirsak bisa tuwuh kanthi becik ing kadhuwuran 1000 mèter sadhuwuring lumahing sagara.[2]

Woh[besut | besut sumber]

Woh Sirsak

Woh sirsat dudu woh sajati, sing ukurané cukup gedhé nganti 20-30 cm kanthi bobot tekan 2,5 kg.[2] Sing diarani woh sabeneré iku kumpulan woh-woh (woh agregat) kanthi wiji tunggal sing silih dhèmpèt lan 'kélangan' wates antar woh.[2] Woh iki asring dipigunakaké kanggo bahan baku jus ombèn sarta ès krim.[2] Woh sirsat ngandhut akèh karbohidrat, mligi fruktosa.[2] Kandhutan gizi liyané ya iku vitamin C, vitamin B1 lan vitamin B2 sing cukup akèh.[2] Wijiné ngandhut racun, lan bisa minangka inséktisida alami, kaya déné wiji srikaya.[2]

Daging woh sirsat rupané putih lan duwé wiji wernané ireng.[3] Sirsat bisa diolah dadi ès sirsat lan jus sirsat.[4] Jus lan ès sirsat bisa diwénéhi sirup kanggo nambahi rasa, déné rasa sirup kang kapilih gumantung kasenengané wong kang nggawé jus utawa ès sirsat.[4]

Kaséhatan[besut | besut sumber]

Woh sirsat, kembang, lan wijiné migunani banget kanggo kaséhatan.[5] Tuladhané kanggo obat kanker, ambéien, liver, bisul, éksim, rematik, lan lara ing bangkékan.[5] Sirsat kalebu woh kang migunani awit ngandhut banyu, serat, gula, vitamin lan mineral.[5] Sirsat uga ngandhut zat antioksidan kang bisa ncegah kanker.[5] Studi ing Purdue University mbuktékaké yèn godhong sirsat bisa maténi sél kanker kanthi éféktif, mligi kanker prostat, pankréas, lan paru-paru.[6]

Sirsat daging buahé nduwé warna putih lan rasané seger awit legi lan kecut.[2] Saliyané seger rasané, sirsat uga bisa nambani lelara ambéien, kandung kemih, mencrét, lan bisul.[2] Lelara liyané kang bisa ditambani.[2]

Dasanama[besut | besut sumber]

Jeneng Umum: Buah sirsak / sirsat[2] Jeneng Latin: Annona muricata L[2]

Jeneng liyané: Soursop (Inggris), Corossol atau Anone (Prancis), Zuurzak (Walanda) guanábana (Spanish), graviola (Portuguese), Brazilian Paw Paw, Corossolier, Guanavana, Toge-Banreisi, Durèn benggala, Nangka blanda, Nangka londa, Durén Landa nangka sabrang, Nangka buris, lan ing Bali, luwih kaloka kanthi jeneng srikaya Jawa.[2]

Habitat[besut | besut sumber]

Sirsat asalé saka nagara Karibia, Amérika Tengah.[3] Tuwuhan iki gampang tinemu ing laladan-laladan ing Indonésia.[3] Sirsat lumrahé urip subur ing panggonan kang akèh banyuné.[3] Tuwuhan sirsat lumrahé dimanfaatké wohe.[3] Woh sirsat dhapuré kaya nangka nanging ukurané luwih cilik lan ana rambuté ing njaba woh.[3] Sirsat thukul nganti dhuwuré sangang méter.[3] Sirsat urip ing laladan kang dhuwuré nganti 1000 m ing sandhuwuré lumah laut.[3]

Gizi[besut | besut sumber]

Sirsat ngandhut akèh gizi kang migunani tumrap kaséhatan.[7] Sirsat uga bisa digawé jus lan dicampur karo buah liyané, contoné karo woh jambu kluthuk abang kang duwé khasiat ngundhakaké sèl darah merah utawa hemoglobin.[7]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. "Annona muricata information from NPGS/GRIN". www.ars-grin.gov. Dibukak ing 2008-03-03.
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y http://kabarsoloraya.com Archived 2011-11-05 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 Mèi 2011)
  3. a b c d e f g h http://baitulherbal.com/ Archived 2011-05-13 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 Mèi 2011)
  4. a b http://nostalgia.tabloidnova.com/[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 9 Mèi 2011)
  5. a b c d http://séhatnews.com/[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 9 Mèi 2011)
  6. http://daunsirsak.net/ Archived 2011-05-17 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 Mèi)
  7. a b c d e f http://intisari-online.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 9 Mèi 2011)

Gladri[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]