Ramelan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Ramadhan)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
اللہ کا نام.jpg
Rukun Islam
Syahadat · Shalat · Pasa
Zakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Al-Qur'an · Malaikat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Muhammad
Nabi & Rasul · Sahabat
Ahlul Bait
Kota Suci
Mekkah ·Madinah · Yerusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Hijrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitektur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitektur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Teks & Hukum
Al-Qur'an ·Hadist · Sunnah
Fiqih · Fatwa · Syariat
Mazhab
Sunni
Hanafi ·Hambali
Maliki ·Syafi'i
Syi'ah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Portal Islam
Indeks perkara Islam

Ramelan (basa Arab:رمضان) iku sasi ka-sanga ing pananggalan Ijriyah (sistem pananggalan agama Islam). Sadawaning sasi iki pandhèrèk agama Islam ngayahi aktivitas kagamèn kalebu pasa, salat trawèh, pèngetan tumuruning Kuran, ngupadi wengi Laélatulkadar, akèh maca Kuran, mungkasi kanthi mbayar jakat pitrah lan prayan Idul Fitri utawa adat silaturahmi.

Ètimologi[besut | besut sumber]

Ramelan asal saka tembung ر م ﺿ , kang tegesé panas banget, utawa garing, mligi tumrap lemah. Bangsa Babylonia kang budayané naté dominan ing tlatah lor Jazirah Arab migunakaké luni-solar calendar (pétungan taun dhedhasar rembulan lan srengéngé sisan). Wulan ka sanga tansah tiba ing mangsa panas kang nylekit. Wiwit ésuk nganti soré watu-watu gunung lan pasir segara wedhi kapanggang déning panasing srengéngé kang wayah awané luwih dawa tinimbang bengi. Saka tembung mau Ramelan banjur dipigunakaké kanggo nandhani anané sènsasi panas nalika wong ngrasa ngelak. Panemu liya mratélakaké yèn tembung Ramelan dipigunakaké amarga ing sasi mau dosa-dosa dibusak déning tumindak apik kaya déné srengéngé ngobong lemah. Ramelan sajeroning basa arab tegesé wong lara mata arep wuta. Luwih jero manèh bab iku dikiasaké nganggo mumpangaté momèn Ramelan déning para ummat Islam kanggo nyuwèraké, nata manèh lan nganyari kakuwatan fisik, spiritual lan tinak tanduk, kaya déné panas kang bisa nyuwèraké materi.[1]

Pasa Ramelan[besut | besut sumber]

Artikel utama: Pasa (Islam)

Sajeroning sasi Ramelan, ummat Islam ngayahi ngibadah pasa saben dina nganti tekané dina riyaya Idul Fitri. Ibadah pasa Ramelan iki ukumé wajib tumrap umat Islam. Miturut sabda Mukamad: Yèn pinuju pasa aja micara ngenani prakara kang ala lan reged. Yèn diina utawa diajak padu déning wong liya, ngomonga yèn dina iki pinuju pasa. [Bukhari-Muslim]

Hikmah Pasa[besut | besut sumber]

Ibadah pasa utawa siyam Ramelan kang diwajibaké Allah marang kabèh mukmin yakuwi ngibadah kang ditujokaké kanggo ngawula marang Allah kaya kang kababar ing QS. Al-Baqarah/2: 183. Hikmah ngibadah siyam iku dhéwé yakuwi nglatih manungsa kanggo sabar sajeroning nglakoni urip. Maksudé sabar kang kapacak ing Kuran yakuwi ‘gigih lan ulet’ kaya kang dimaksudaké sajeroning QS. Ali ‘Imran/3: 146.

Sarat sah pasa[besut | besut sumber]

  1. Islam (ora murtad)
  2. Mummayiz (bisa mbédakaké kang ala lan becik)
  3. Suci saka haid lan nifas
  4. Ngerti wektu ditampané pasa

Rukun pasa[besut | besut sumber]

  1. Niyat
  2. Ninggalaké kabèh kang mbatalaké paasa wiwit fajar nganti srengéngé angslup.

Bab kang mbatalaké pasa[besut | besut sumber]

  • Sengaja mangan lan ngombé ing wayah awan. Yèn lali mangan lan ngombé ing wayah rina, ora mbatalaké pasané.
  • Sengaja supaya muntah-muntah, yèn ora sengaja ora mbatalaké pasané.
  • Ora niyat pasa (tanpa niyat).
  • Kanthi sengaja ngayahi gegayutan saresmi ing wayah rina.
  • Mènstruasi ing wayah rina (sadurungé Mahrib).

Salat trawèh[besut | besut sumber]

Artikel utama: Salat Trawèh

Ing wayah wengi, ya iku sawisé salat ngisa, umat Islam nerusaké ngibadah kanthi ngayahi salat Trawèh. Salat iki mligi mung diayahi ing sasi Ramelan. Salat trawèh, sanadyan bisa diayahi kanthi indhividhu, nanging lumrahé diayahi kanthi bebarengan ing masjid-masjid. Kadhangkala sadurungé miwiti salat trawèh dianakaké sesorah cekak kanggo ngisi lan nguwataké ruhani para jemangah sajeroning ngayahi ngibadah mau.

Tumuruning Kuran[besut | besut sumber]

Artikel utama: Nuzulul Quran

Ing sasi Ramelan iki, ya iku ing tanggal 17 Ramelan, (ana prabédan panemu para ulama ngenani tanggal kang mesthi tumuruning Kuran kang sapisanan[2]) dipèngeti minangka dina tumuruning ayat Kuran (Nuzulul Qur'an) kanggo kang sapisanan déning sapérangan muslim. Ing prastawa mau surat Al Alaq ayat 1 nganti 5 diudhunaké nalika Mukamad pinuju ana ing sajeroning Guwa Hira. Pèngetan prastawa iki lumrahé diayahi kanthi acara sesorah ing masjid-masjid. Nanging pèngetan iki di anggep bidengah, amarga Rasulullah ora ngajaraké. Wiwitan nganakaké pèngetan iki ing Indonésia nalika Présidhèn Soekarno olèh pamrayoga saka [Hamka] kanggo mèngeti saben [Nuzulul Qur'an], amarga magepokan karo tanggal Kamardikan Indonésia, minangka rasa Syukur marang kamardikan [Indonésia].

Laélatulkadar[besut | besut sumber]

Artikel utama: Laélatulkadar

Laélatulkadar (wengi katetepan), iku sawijining wengi kang kadadéan ing sasi Ramelan. Wengi iki dipratélakaké jroning Kuran ya iku ing surat Al-Qadar, luwih becik tinimbang sawulan. Wektu kang mesthi dumadiné wengi iki ora diweruhi nanging miturut sawetara riwayat, wengi iki tiba ing 1010 wengi pungkasan sasi Ramelan, persisé ing salah siji wengi ganjil yakuwi wengi angka 21, 23, 25, 27, utawa angka 29. Sapérangan muslim lumrahé ngupaya ora ngliwataké wengi iki kanthi njaga dhiri tetep melèk ing wengi-wengi pungkasan Ramelan sinambi ngibadah sadawaning wengi.[3]

Rujukan[besut | besut sumber]


Sasi jroning kalèndher hijriyah

MuharramSafarRabiul awalRabiul akhirJumadil awalJumadil akhirRajabSya'banRamadhanSyawalDzulkaidahDzulhijjah