Bancakan weton

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
poto sega tumpeng

Bancakan Weton artosipun inggih punika wilujengan ingkang dipunwontenaken ing dinten lair, asalipun saking tembung bancakan kaliyan tembung weton. Bancakan inggih punika pèngetan utawi ing basa Indonésianipun selamatan, weton inggih punika dinten lair ingkang tumuju ing Sistem pananggalan Jawi, ingkang cacahipun wonten 5 dinten pasaran: (pon, paing, wagé, kliwon, lan legi).[1]

Tradhisi Jawi, taksih mrayogikaken sadaya tiyang dipundamelaken bancakan weton setaun sepisan utawi 35 dinten sepisan utawi sabotenipun sepisan ing salawasipun gesang. Ananging, saupami punika lajeng dipunbetahaken sanget, amargi sedhèrèkipun pikantuk sambékala ing salebeting gesangipun utawi watakipun sampun boten mranani, supados dipundamelaken wilujengan ing dalem 7 dinten ingkang boten pedhot-pedhot utawi teras ing dalem salebeting 8 wulan. Mupangatipun bancakan weton punika kagem ngunjukaken raos syokur kagem ingkang sampun ngasuh kita. Masyarakat Jawi, taksih pitados menawi tiyang-tiyang anggadhahi pamomongipun piyambak-piyambak. Pamomong inggih anggadhahi pakaryan mbimbing lan maringi kawruh kagem sadaya tiyang supados boten lepat anggènipun niti gesang ingkang saged dados reridu dhumateng piyambakipun.

Antawisipun pamomong kaliyan ingkang dipunemong raket sanget dados kakiyatan ingkang sami narik ingkang artosipun punika pamomong mbujuk ing dalem budi ingkang saé, ananging ingkang dipunemong kepingin nindakaken budi ingkang awis lan sampun boten nindaki aturan-aturan ingkang sampun wonten ing tata pakerti ing masarakat, saéngga saged damel masarakat punika ajrih utawi boten tenang. Ing titi wancinipun, pamomong inggih kalah kaliyan ingkang dipunemong selajengipun pamomong boten kersa malih ngaturaken pepènget. Nènèk moyang taksih pitados menawi kedadèyan sak punika dipunjalari tiyang-tiyang punika boten ngawontenaken bancakan weton ingkang anggadhahi makna lintu nyelarasaken antawisipun lair kaliyan batin.

Saben putra ingkang nembé lair, dipunwontenaken bancakan weton ingkang sepisan nalika putra umur 35 dinten utawi selapan dinten. Putra ingkang sampun biyasa dipunwontenaken bancakan weton kalih tiyang sepuhipun, langkung ngatos-atos ing salebeting niti kagesangan punika lan saged dipuntebihaken saking bebaya.

Piranti ingkang saged dipunsiyagakaken ing bancakan weton inggih punika, satunggal kalo sega tumpeng kaliyan lawuhipun, godhong-godhongan lan bumbu urap, setambir ingkang ngemot woh-wohan, jajan pasar lan téla/polo ingkang sampun dipungodhog, bubur cacahipun 7 warni, satunggal nampan ngemot 3 warni unjukan dan satunggal mangkok kembang setaman.

Pasa Weton[besut | besut sumber]

Pasa boten kedah ngentosi wulan ramadhan. Nanging ugi saged pasa senin-kemis, pasa ngrowot, pasa mutih, lan sapanunggalanipun boten kesupèn inggih pasa weton. Pasa weton inggih punika pasa ingkang dipuntindakaken ing dinten neptu utawi dinten lair ing sajroning 3 dinten.

Ubarampe bancakan[besut | besut sumber]

No Jeneng Piranti Arti
1. 7 warni janganan kacang lanjaran, kubis, kangkung, cambah, wortel, bayem, lan godhong keningkir samangké dipun godhog ngantos empuk. Salajengipun, sadaya wau dipuntata ing tambir kaliyan dipunwuwuhi bumbu urap ing sanginggilipun. Migunakaken janganan ingkang cacahipun 7 punika asalipun saking pitu ingkang arupi donga mugi-mugi dipunparingi pitulungan saking gusti ingkang Maha Agung. Semanten ugi kacang lanjaran lan kangkung boten prelu dipuniris-iris, amargi sapunika donga mugi-mugi dawa yuswa, kathah rejeki, dawa ususipun (sabar), lan dawa akalipun.
2. Tigan ayam Tigan pitik ingkang cacahipun saged 7, 11, 17. Tigan punika dipungodhog lan dipunoncèki kulitipun lajeng dipuniris dados kalih lan dipuntata ing saubengipun tumpeng. Cacahipun tigan ingkang 7 (pitu), 11 (sewelas), 17 (pitulas) nggadahi pangajeng-ajeng lan donga supados pikantuk pitulungan (7), utawi kawelasan (11), utawi pitulungan lan kawelasan (17). Lintunipun, tigan punika dados lambang asalipun para manungsa inggih punika prosès netesipun lahiriah dados batiniah. Kekalih punika ingkang nyengkuyung kita supados dados manungsa sajati (dipunlambangaken saking prosès tigan dados anak ayam).
3. Bumbu urap utawi gudhangan krambil anèm, Bawang, Brambang, Tumbar, ron salam, Laos, Godhong jeruk, Jeruk purut, Seré, Gula arèn, Uyah, lan Lombok. Sedaya bumbon punika kedah dipun uleg sesarengan lan dipunbunteli lajeng dipundang. Bumbu pedhes mujudaken gesang ingkang boten namung bingah lan sekéca, nanging kala-kala pait, getir, sedhih lan sapanunggalanipun.
4. Téla/Polo Polo gumantung, Polo kependem, Polo rambat atawa ingkang mrambat kados téla rambat lan Kacang-kacangan punika saged kacang tanah
5. Gedhang lan woh-wohan Gedhang raja lan gedhang raja pulut cekap satunggal lirang mawon. Lan kagem woh-wohan ipunpaling boten inggih 3 werni kados, pelem, salak, apel atawa lintunipun.
6. sega Tumpeng Beras Sega tumpeng arupi donga kagem donya iki.
7. Godhong Gedhang Dados pengarep-arep supaya negoro kito angsal keberkahan saking Gusti dados negoro ingkang makmur .
8. Kalo dipun tata ing sanginggilipun cowek. Kalo punika ampun ngantos mbeto ingkang sampun diginakaken, prayugi tumbas ingkang anyar malih. Cowek punika anggadhahi makna bumi. Sega tumpeng lan sapinunggalanipun dipun tata ing kalo punika. Ananging luweh becik dipun tata ingatase cowek. Sedhoyo punika anggadhahi makna yèn nurip punika kedah seimbang antawisipun lahir kaliyan batin. Sahingga, kedah dados manungso ingkang sajati.
9. Tampah Tampah dipun ginakaken kagem nata gedhang kaleh lirang. Letakipun kados driji kaleh menawi nembé donga. Ing sapinggiring gedhang dipun tata woh-wohan, téla ingkang sampun digodhog, lan jajan pasar. Maknanipun inggih punika, sedhoyo pamomong nyangga lan nopang kahuripan kito supaya kito samangkeh migunani kagem sedhoyo tiyang, bangsa lan negoro (hamemayu hayuning bawana). Werna-werni hasil bumi ingkang ngubengi gedhang punika pralambang kemakmuran ingkang saking bumi. Gedhang raja punika lambang kamulyan lan kaluhuran pangkat lan drajat, gedhang pulut maknanipun supados kamulyan lan kaluhuran kala wau lengket ing piyambakipunmawi pulut punika.
10. Jajan pasar Ketan, wajik, jadah, awug, puthu, lemper, nagasari, apem, cucur, mandra, pukis, bandros, combro, lemet, cemplon lansapinunggalanipun. Lan uga saged dipunjangkepi mawi woh-wohan kados, salak, rambutan, manggis, pelem, dondong, lan gedhang. maknanipun punika Keséhatan, rejeki, keselametan, supados ndherekaken menawi kito badhé tindak.
11. kembang setaman kembang mawar abang, mawar putih, kanthil, melati lan kembang kenanga. Kembang mawar, awar-awar supaya atinipun tansah tawa saking nafsulauwamah. Kembang melati, melat-melat ing ati. Kembang kenanga, supados tansah iling marang sangkan paraning dumadi. Kanthil supados tansah kumanthil, atinipun tansah kaiket kaliyan tali rasa kaliyan leluhur, kaliyan tiyang sepah kito, mawi pangarep-arep kito supados berbakti kaliyan sedhoyonipun. Kanthil dados pepeling supados kito ampun ngantos dados anak ingkang durhaka kaliyan tiyang sepah lan leluhur kito.
12. Duit receh Rp.100, Rp.500, atawa Rp.1000 Arthosipun kito dados manungso boten becik menawi wuto maring bondho.
13. Bubur 7 werni Dipundamel dados 7 werni campuran, bubur abang, bubur putih, bubur abang silang putih, putih silang abang, bubur putih tumpang abang, abang tumpang putih, baro-baro (bubur putih dipun tata ing sisiran gula abang lan parutan kelapa sacekapipun. Bubur abang inggih lambang ibu. Bubur putih lambang bapak. Selajeng dados gayutan timbal-balik, sahinggo ngasilaken bubur baro-baro utawi lahiripun jabang bayi.
14. Omben teh tubruk, kopi tubruk, lan es krambil anèm

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. ^ http://sabdalangit.wordpress.com/2009/11/04/tata-cara-bancakan-weton/