Tiyang Indo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Tiyangn Indo
Indo
Indo-Europeanen
Gunggung cacah jiwa
(sekitar 1.000.000 di Indonésia (pendugaan), sekitar 500.000 di Nèderlan)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Nèderlan, Indonésia, Amérika Sarékat, Ostrali, Selandia Baru, Karajan Manunggal, Kanada
Basa
Nèderlan, Indonésia, Pecok, Inggris
Agama
Kristen, Islam, dll.
Golongan ètnik magepokan
Nèderlan; suku-suku di Indonésia, terutama Maluku, Jawa, Sunda dan Minahasa; Jerman

Tiyang Indo utawi kaum Indo (singedan saking nama ing basa Walanda, Indo-Europeaan, "Éropah-Hindia"[1]) inggih punika kelompok etnik Mestizo ingkang wonten (utawi naté wonten) ing Hindia-Walanda/Indonésia lan sapunika dados kelompok etnik minoritas ingkang paling ageng ing Walanda. Kelompok ètnis punika gadhah ciri-ciri saking saminipun asal-usul rasial, status legal, lan kultural. Kaum Indo minangka keturunan campuran antawisipun tiyang saking etnik tartamtu ing Éropah (utaminipuna Walanda, ananging ugi Jerman, Bèlgi, lan Prancis/Huguenot) kanthi fenotipe Éropah lan tiyang saking etnik non-Éropah tartamtu ing Hindia-Walanda/Indonésia. Kanthi hukum, sapérangan ageng gadhah status minangka warga Éropah ing Hindia-Walanda (Europeanen). Para kaum indo njunjung nilai-nilai budaya Éropah (mliginipun Walanda) kanthi kathah prabawa lokal Indonésia ing derajat tartamtu wonten ing pagesangan saben dintenipun. Éwadéné makaten, ing salebeting kelompok etnik punika dipunlebetaken ugi tiyang Éropah ingkang rawuh lan netep sawatawis wekdal ingkang lumayan dangu ing Indonésia utawi mijil ing Indonésia, amargi ingn antawisipun kalangan kaum keturunan campuran piyambak wonten jarak fenotipe ingkang jembar, saéngga faktor penampilan boten saged dipundadosaken satunggaling watesan tumrap kelompok etnik punika. Kelompok keturunan campuran inggih punika sinten kemawon ingkang biyasa dipunkenal minangka tiyang Indo, Mesties (Bld.)[2], utawi Mestizos (Port.), déné ingkang "darah murni" Éropah dipunkenal minangka totok (Mel.), blijvers (Bld.), utawi kreol.

Perang Dunia Kedua lan sasampunipun dados titik wiwitanipun diaspora tumrap para kaum indo, saéngga sapunika keturunan kaum indo kathah dipunpanggihi ing Walanda, Indonésia, Amérika Sarékat (AS), Australia, Selandia Baru, Kanada, sarta sapérangan nagara sanèsipun. Ing Walanda, kaum Indo sapunika dipunanggep minangka kelompok minoritas ingkangn paling ageng (total cacahipun antawis 500.000 tiyangt). Kaum punika dipunkenal kanthi manéka istilah, kados ta Indisch Nederlander utawi Indisch kemawon. Kanthi budaya para kaum indo gegayutan caket kaliyan kelompok etnik Maluku ing Walanda. Ing Amérika Sarékat dipunkenal minangka Dutch Indonésian utawiIndonésian Dutch lan kathah-kathahipun dumunung ing wewengkon California. Ing Indonésia piyambak cacahipun sekedhik lan kathah keturunanipun ingkang terintegrasi/melebur kaliyan manéka kelompok ètnis sanèsipun ewadene kebiasaan kanthi migunakaken basa Walanda taksih dipun-ginakaken ing kulawarga saben dintenipun.[3]

Istilah "tiyang Indo" ing basa Indonésia wekdal punika ngalami sawijining ewah-ewahan teges lan dipun-ginakaken kanthi taksa (ambigu). Sebutan punika ugi dipun-ginakaken kanggé nyebut sadaya tiyang Indonésia — minangka singedan saking "tiyang Indonésia" — ugi kanggé nyebut peranakan sampuran tiyang Indonésia kaliyan bangsa sanèsipun, tanpa ningali latar belakang asal-usul non-Indonésianipun, ingkang boten kedah Éropah.[4]

Caathetan Suku[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]