Wong Dayak Maanyan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Suku Dayak Maanyan)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Suku Maanyan
Suku Dayak Maanyan
Gunggung cacah jiwa
(kurang lebih 71.000 jiwa)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Kalimantan Tengah: 71.000.
Basa
Maanyan, Ngaju, Banjar, Indonésia
Agama
Kristen, Islam, Kaharingan
Golongan ètnik magepokan
Banjar, Dusun Witu, Paku,Dusun Malang

Suku Dayak Maanyan minangka salah satunggaling péranganing sub suku Dayak lan ugi minangka salah satunggal saking suku-suku Dusun (Kelompok Barito pérangan Wétan) saéngga dipunsebut ugi Dusun Maanyan. Suku-suku Dusun kalebet golongan rumpun Ot Danum, salah satunggal rumpun suku Dayak saéngga dipunsebut ugi Dayak Maanyan. Suku Dayak Maanyan dumunung ing pérangan wétan provinsi Kalimantan Tengah, mliginipun ing Kabupatèn Barito Timur lan sapérangan Kabupatèn Barito Selatan ingkang dipunsebut Maanyan I. Suku Dayak Maanyan ugi dumunung ing pérangan lèr provinsi Kalimantan Selatan, wonten ing Kabupatèn Tabalong ingkang dipunsebut Dayak Warukin. Dayak Balangan (Dusun Balangan) ingkang dumunung ing Kabupatèn Balangan lan Dayak Samihim ingkang dumunung ing Kabupatèn Kotabaru ugi kagolongaken ing salebeting suku Dayak Maanyan. Suku Maanyan ing Kalimantan Selatan dipunkelompokaken minangka Maanyan II.

Suku Maanyan minangka suku ingkang nembé wonten ing sensus taun 2000 lan minangka 2,80% saking penduduk Kalimantan Tengah, sadèrèngipun suku Maanyan kagabung ing suku Dayak nalika sensus 1930.[1]

Miturut tiyang Maanyan, sadereng dumunung ing kawasan papan dunungipun ingkang sapunika, rumiyin asalipun saking hilir (Kalimantan Selatan). Éwadéné sapunika wewengkon Barito Timur boten kalebet ing wewengkon Kalimantan Selatan, nanging wewengkon punika rumiyin kalebet ing wewengkon pungkasan Kesultanan Banjar saderegipun kagabung ing Indhiya Nèderlan taun 1860, inggih punika wewengkon Kesultanan Banjar ingkang sampun kirang lan boten gadhah akses tumuju laut, amargi dipunputeri laladan-laladan Indhiya Nèderlan.

Miturut situs "Joshua Project" suku Maanyan cacahipun wonten 71.000 jiwa.

Miturut sastra lésan suku Maanyan, sasampunipun angsal serangan saking Majapahit tumrap Karajan Nan Sarunai, suku punika acrah dados manéka sub-ètnis. Suku punika kapérang dados 7 subetnis, antawisipun:

  • Maanyan Patai
  • Maanyan Paku
  • Maanyan Paju Epat (murni)
  • Maanyan Dayu
  • Maanyan Paju Sapuluh (ada prabawa Banjar)
  • Maanyan Jangkung (wonten prabawa Banjar)
  • Maanyan Bawana Lima/Paju Lima (wonten prabawa Banjar)
  • Maanyan Warukin (wonten prabawa Banjar)
  • lan sanès-sanèsipun.

Keunikan Suku Dusun Maanyan, antawisipun taksih nindakaken ritus tetanèn, upacara kematian ingkang boten prasaja, sarta ngundhang dhukun (balian) saperlu nambani lelara.[2]

Budaya[besut | besut sumber]

Basa[besut | besut sumber]

Basa Dayak Maanyan gadhah kathah bab ingkang sami kaliyan basa ing Madagaskar. tuladhanipun basa Maanyan inggih punika panjengengan = Hanyu Siram = Mandrus Sare = manree

Organisasi[besut | besut sumber]

Organisasi suku punika inggih "Dusmala" ingkang nggabungaken 3 suku Dayak ingkang satunggal rumpun, inggih punika Dusun, Maanyan lan Lawangan.

Lagu Laladan Dayak Maanyan[besut | besut sumber]

Saragi

Suku Maanyan ing Kalimantan Selatan[besut | besut sumber]

Orang Dayak Maanyan Warukin[besut | besut sumber]

Peta Kabupatèn Tabalong

Dayak Warukin inggih punika subetnis suku Dayak Maanyan ingkang dumunung ing désa Warukin, Haus, lan sakanan kiringipun ing Kabupatèn Tabalong, Kalimantan Selatan.

Pemukiman Dayak Warukin dumunung ing laladan kantong/enclave ingkang sakanan kiringipun minangka laladan pemukiman suku Banjar. Hal punika saged kadadosan amargi rumiyin nalika laladan ing sakanan kiringipun lembah kali Tabalong, limrahipun minangka wewengkon tradisonal Maanyan, nanging pugkasanipun kepepet déning perkembangan Karajan Nagara Dipa ingkang dados cikal bakal suku Banjar. Salejengipun, suku Maanyan makempal ing sisih kilèn inggih punika ing wewengkon Kabupatèn Barito Timur, Kalimantan Tengah. Sapérangan dumunung ing sisih wétan inggih punika ing Kabupatèn Kotabaru ingkang dipunsebut Dayak Samihim.

Dayak Warukin ing désa Warukin, Kacamatan Tanta, Tabalong minangka péranganing Maanyan Bawana Lima. Maanyan Bawana Lima minangka subetnis Maanyan ingkang dumunung ing kacamatan Bawana Lima, Barito Timur. Nama asalipun Maanyan Paju Lima. Istilah "bawana" asalipun saking Basa Malayu Banjar.

Upacara adat rukun kematian Kaharingan ing Dayak Warukin dipunsebut mambatur. Istilah punika ing subetnis Maanyan Bawana Lima limrahipun dipunsebut marabia.

Kekerabatan basa Maanyan Warukin kaliyan basa Banjar Kuala Lupak (Banjar Kuala) antawis 50%. Kekerabatan basa Maanyan Warukin kaliyan basa Banjar Asam-Asam antawis 57%.

Dayak Dusun Balangan[besut | besut sumber]

Dayak Dusun Balangan inggih punika subetnis suku Dayak Maanyan ingkang dumunung ing perhuluan sungai Balangan ing kacamatan Juai lan Halong. Sapérangan anggota suku Dayak Dusun Balangan agamanipun Buda.[3][4]

Dayak Samihim[besut | besut sumber]

Peta Kabupatèn Tabalong

Dayak Samihim inggih punika subetnis suku Dayak Maanyan ingkang dumunung ing sisih timur laut Kalimantan Selatan. Kekerabatan basa Samihim kaliyan basa Maanyan antawis 80%. Kekerabatan basa Samihim kaliyan basa Dayak Labuhan antawis 45%. Kekerabatan basa Samihim kaliyan basa Bajau antawis 46%. Kekerabatan basa Samihim kaliyan basa Bakumpai antawis 51%. Kekerabatan basa Samihim kaliyan basa Bukit antawis 59%.[5] Sapérangan Dayak Samihim ingkng agamanipun Kristen (Gréja Kalimantan Evengelis) dumunung ing désa Mangka ing ngandhap pandhita ingkang angka pisan Aaron Bingan.[6] Désa sanès ingkang dados papan dunungipun suku Dayak Maanyan inggih punika désa Buluh Kuning, Betung lan sanès-sanèsipun.

Dayak Samihim gadhah seni musik ingkang kas inggih punika kukurung.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Riwanto Tirtosudarmo, Mencari Indonésia: demografi-pulitik pasca-Soeharto, Yayasan Obor Indonésia, 2007, ISBN 979-799-083-4, 9789797990831
  2. Susanto, A. Budi (2003). Pulitik dan postkolonialitas di Indonésia. Kanisius. ISBN 9789792108507.  horizontal tab character ing |title= ing posisi 120 (pitulung); Pranala njaba ing |title= (pitulung)ISBN 9792108505
  3. http://www.youtube.com/watch?v=jHE_1hgvlqE
  4. http://www.youtube.com/watch?v=7m_sLbh2pPI
  5. Kawi; Dendy Sugono (2002). Penelitian kekerabatan dan pemetaan basa-basa laladan di Indonésia: Provinsi Kalimantan Selatan. Pusat Basa, Departemen Wiyata Nasional. k. 44. ISBN 9796851334.  Paramèter |firdt= sing ora kawruhan dikiwakaké (pitulung); Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)ISBN 9789796851331
  6. Ukur, Fridolin (2000). Tuaiannya sungguh banyak: sejarah Gereja Kalimantan Evanggelis sejak tahun 1835. BPK Gunung Mulia. k. 42. ISBN 9789799290588.  ISBN 979-9290-58-9

Pranala njaba[besut | besut sumber]