Setasiyun Yogyakarta
| ||||
Tampak ngarep Setatsiyun Tugu, 2020 | ||||
| Letak | ||||
|---|---|---|---|---|
| Dhaérah Istiméwa | Yogyakarta | |||
| Kutha | Yogyakarta | |||
| Kemantren | Gedhongtengen | |||
| Kelurahan | Sasramenduran | |||
| Alamat |
| |||
| Kodhe pos | 55271 | |||
| Koordinat | 7°47′21″S 110°21′48″E / 7.789248499999999°S 110.36347099999999°EKoordhinat: 7°47′21″S 110°21′48″E / 7.789248499999999°S 110.36347099999999°E | |||
| Sujarah | ||||
| Bukak | 20 Juli 1887 [1] | |||
| Jeneng saderenge | Stasiun Station Djocja Toegoe, Djocjakarta, Djokjakarta, Jogjakarta | |||
| Liyan-liyan | ||||
| Oprator | Daerah Operasi VI Yogyakarta | |||
| Kelas setasiun | Gedhé tipe A[2] | |||
| Punggelan | YK | |||
| Nomer setasiun | 3020 | |||
| Dhuwuring stasiun | +113 m | |||
| Kilometer | 167+051 lintas Semarang Tawang–Brumbung–Gundih–Sala Balapan–Yogyakarta 542+494 lintas Bogor–Bandung–Banjar–Kuthaarja–Yogyakarta 1+040 lintas Yogyakarta–Magelang Kutha–Ambarawa 0+067 lintas Yogyakarta–Palbapang | |||
| Layanan | Argo Wilis, Argo Lawu (règulèr & fakultatif), Argo Dwipangga (règulèr & fakultatif), Bima, Gajayana (règulèr & fakultatif), Turangga, Taksaka (règulèr & fakultatif), Mutiara Kidul, Malabar, Ranggajati, Wijayakusuma, Bangunkarta, Fajar/Senja Utama Sala, Mataram, Bogowonto, Gajahwong, Fajar Utama YK, Senja Utama YK, Lodaya, Kertanegara, Sancaka Lor, Malioboro Ekspres, Sancaka, Joglosemarkerto, Jayakarta, Prambanan Ekspres (Prameks), lan Sepur Bandara YIA | |||
| Loket | Sistem tiket online, nglayani pamesanan langsung lan pangubahan/pawurungan kamangkatan ing loket. Wonten fasilitas ala bandara arupa check-in mandiri kanggé pancétakan boarding pass khusus kamangkatan sepur jarak adoh/menengah. | |||
| Fasilitas | ||||
| Kathahing jalur | 9
| |||
| Kathahing peron | 7
| |||
| Jinis pasinyalan | Elektrik jinis Siemens NX MIS-801[3] | |||
|
| ||||
| Diagram jalur setatsiyun | ||||
| Lokasi ing gambar peta | ||||
Setatsiyun Tugu (Jawa: ꦯꦼꦠꦱꦶꦪꦸꦤ꧀ꦡꦸꦒꦸ) utawi Setatsiyun Yogyakarta (Jawa: ꦯꦼꦠꦱꦶꦪꦸꦤ꧀ꦪꦺꦴꦒ꧀ꦪꦏꦂꦠ) inggih salah satunggaling setatsiyun wonten ing Yogyakarta.[4] Setatsiyun Tugu punika dumados papan mandheging sepur awit taun 1887 dumugi sapunika.[4] Setatsiyun punika kagolong setatsiyun ingkang papanipun langkung strategis.[4] Amargi setatsiyun punika papanipun wonten ing jantung kutha Yogyakarta lan cerak kaliyan objek wisata ing yogyakarta.[4] Setatsiyun punika awalipun inggih setatsiyun alit nanging sapunika sampun dumados salah satunggaling setatsiyun ageng wonten ing Indonésia.[4] Setatsiyun Tugu punika gadhah 6 jalur sepur, ingkang nglayani saking hampir sadaya kutha gedhé wonten ing Jawa.[4] Lewih saking 20 sepur ékonomi, bisnis lan èksekutif dumugi lan késah saben dintené.[4]
Sajarah
[besut | besut sumber]Setatsiyun tugu punika kagolong kasil saking pembangunan sistem transportasi sepur kaliyan pamaréntah Hindia Walanda kanggé transportasi penumpang lan kasil bumi saking perkebunan ing Jawa, Sumatera, Sulawesi lan kalimantan.[5] Tanggal 17 Juni 1864, Gubernur Jendral Mr. L.A.J.W baron Sloet van Beele ngletakake watu purwa pembangunan rel sepur ingkang pertama ing jawa.[5] Jalur punika dipunkelola kaliyan Nederlandsch-Indische spoorweg Maatschappij (Perusahaan perkeretaapian Hindia Walanda) lan dipunoperasikaken tanggal 10 Agustus 1867.[5] Wonten ing perkembanganipun jalur punika dipunlajengaken dawanipun 166 kilomèter tumuju kutha Yogjakarta lan Setatsiyun Lempuyangan Yogyakarta.[5] Setatsiyun Tugu wiwit nglayani kebetahan transportasi awit 2 Mèi 1887, udakara 15 taun sasampunipun Setatsiyun Lempuyangan.[4] Rikala samanten, setatsiyun punika namung dipun-ginakaken kanggé papan transiting sepur ingkang ngangkud kasiling bumi saking laladan wonten ing Jawa, Sumatera, kalimantan lan Sulawesi. Nanging awit tanggal 1 Fèbruari 1905, setatsiyun punika dipun-ginakaken kanggé transit sepur penumpang. Jalur luar kutha ingkang purwa diyasa taun 1899, ngubungake Yogyakarta lan Surakarta.[4] Setatsiyun tugu punika kagolong setatsiyun ingkang taksih mertahanake fungsinipun kanggé papan kanggo ngrawat sepur, bènten kaliyan setatsiyun sanès ingkang limrahipun namung kanggé papan transit.[4]
Arsitektur
[besut | besut sumber]
Amargi dipunyasa wonten ing jaman kolonial Walanda, mila arsitèktur yasan setatsiyun punika sanget kenthel kaliyan nuansa Éropah.[4] Kita saged ngenali gaya-gaya Éropah saking lawang-lawang gedhé warni soklat lan langit-langit dhuwur ingkang warninipun cemeng. Wangunan setatsiyun taksih dipunjagi keaslianipun.[4] Wangunan setatsiyun punika katon megah kanthi lawang gedhé lan kalih payon ingkang mayungi jalur sepur.[4]
Layanan sepur
[besut | besut sumber]Panumpang
[besut | besut sumber]Kelas èksekutif
[besut | besut sumber]- Argo Wilis, menyang Bandung lan menyang Surabaya
- Argo Lawu (règulèr lan fakultatif), menyang Jakarta lan menyang Sala (wonten karèta èksekutif jinis luxury ing jadwal règulèr)
- Argo Dwipangga (règulèr lan fakultatif), menyang Jakarta lan menyang Sala (wonten karèta èksekutif jinis luxury ing jadwal règulèr)
- Gajayana (règulèr lan tambahan), menyang Jakarta lan menyang Malang (wonten sepur èksekutif jinis luxury ing jadwal règulèr)
- Bima, menyang Jakarta lan menyang Surabaya
- Turangga menyang Bandung lan menyang Surabaya
- Taksaka (règulèr lan tambahan), saking lan menyang Jakarta (wonten sepur èksekutif jinis luxury ing jadwal règulèr)
Kelas Campuran
[besut | besut sumber]- Ranggajati, menyang Cirebon lan menyang Surabaya sambung teng Jember (èksekutif-bisnis)
- Wijayakusuma, menyang Cilacap lan menyang Surabaya sambung teng Banyuwangi (èksekutif-ékonomi prèmium)
- Malabar, menyang Bandung lan menyang Malang (èksekutif-bisnis-ékonomi)
- Bangunkarta, menyang Jakarta liwat Purwokerto lan menyang Jombang liwat Madiun (èksekutif-ékonomi plus)
- Mutiara Kidul, menyang Bandung lan menyang Surabaya (èksekutif-ékonomi prèmium)
- Senja/Fajar Utama Sala, menyang Jakarta (èksekutif-ékonomi prèmium)
- Mataram, menyang Jakarta lan menyang Sala (èksekutif-ekonomi premium)
- Bogowonto, menyang Jakarta lan menyang Yogyakarta Lempuyangan (èksekutif-ékonomi plus)
- Gajahwong, menyang Jakarta lan menyang Yogyakarta Lempuyangan (èksekutif-ékonomi plus)
- Senja Utama YK, saking lan menyang Jakarta (èksekutif-ékonomi prèmium)
- Fajar Utama YK, saking lan menyang Jakarta (èksekutif-ékonomi prèmium)
- Lodaya, menyang Bandung lan menyang Sala (èksekutif-ékonomi prèmium)
- Sancaka Lor, saking lan menyang Surabaya liwat Gambringan-Gundih (èksekutif-bisnis)
- Kertanegara, menyang Purwokerto lan menyang Malang (eksekutif-ekonomi plus/premium)
- Malioboro Ekspres, saking lan menyang Malang (èksekutif-ékonomi plus)
- Sancaka, saking lan menyang Surabaya liwat Madiun-Jombang (èksekutif-ékonomi prèmium)
- Mutiara Wetan, saking lan menyang Surabaya bersambung Banyuwangi (eksekutif-ekonomi premium)
- Joglosemarkerto, Sepur looping Jawa Tengah lan Yogyakarta kelas èksekutif-ékonomi plus kanthi menyang:
Lokal/komuter ékonomi
[besut | besut sumber]Prambanan Ekspres (Prameks), saking lan menyang Kutoarjo
Sepur bandara
[besut | besut sumber]KA Bandara YIA, saking lan menyang Wojo-Kebumen
Jadwal Sepur
[besut | besut sumber]Ing sor iki yaiku jadwal sepur panumpang sing mandheg ing Setatsiyun Yogyakarta per 1 April 2021 (revisi Gapeka 2021).
- Sepur reguler antarkutha
| No. Sepur | Sepur | Dhateng | Kelas | Teka | Mangkat |
|---|---|---|---|---|---|
| 131 | Mutiara Selatan | Bandung (BD) | Eksekutif & Ekonomi Premium | 00.08 | 00.14 |
| 76 | Bima | Surabaya Gubeng (SGU) | Eksekutif | 00.24 | 00.29 |
| 120 | Malabar | Malang (ML) | Eksekutif, Bisnis, & Ekonomi | 00.29 | 00.34 |
| 80 | Turangga | Surabaya Gubeng (SGU) | Eksekutif | 00.55 | 01.00 |
| 72 | Gajayana | Malang (ML) | Eksekutif & Luxury | 01.30 | 01.35 |
| 171F | Malioboro Ekspres | Yogyakarta (YK) | Eksekutif & Ekonomi Plus | 02.28 | - |
| 158 | Lodaya | Solo Balapan (SLO) | Eksekutif & Ekonomi Premium | 02.32 | 02.37 |
| 8 | Argo Lawu | Eksekutif & Luxury | 03.08 | 03.14 | |
| 142 | Senja Utama YK | Yogyakarta (YK) | Eksekutif & Ekonomi Premium | 03.30 | - |
| 132 | Mutiara Selatan | Surabaya Gubeng (SGU) | 03.51 | 03.56 | |
| 84 | Taksaka | Yogyakarta (YK) | Eksekutif & Luxury | 04.20 | - |
| 136 | Mataram | Solo Balapan (SLO) | Eksekutif & Ekonomi Premium | 05.07 | 05.13 |
| 182/179 | Mutiara Timur | Yogyakarta (YK) | 05.35 | - | |
| 138F | Bogowonto | Yogyakarta Lempuyangan (LPN) | Eksekutif & Ekonomi Plus | 06.10 | 06.14 |
| 178F | Sancaka | Surabaya Gubeng (SGU) | Eksekutif & Ekonomi Premium | - | 06.45 |
| 143F | Fajar Utama YK | Jakarta Pasar Senen (PSE) | 07.00 | ||
| 195/196/197F | Joglosemarkerto* | Tegal (TG) bersambung Solo Balapan (SLO)-Yogyakarta (YK) | Eksekutif & Ekonomi Plus | 07.03 | 07.10 |
| 159F | Lodaya | Bandung (BD) | Eksekutif & Ekonomi Premium | 08.10 | 08.15 |
| 172F | Malioboro Ekspres | Malang (ML) | Eksekutif & Ekonomi Plus | - | 08.20 |
| 81 | Taksaka | Jakarta Gambir (GMR) | Eksekutif & Luxury | 08.50 | |
| 121 | Bangunkarta | Jakarta Pasar Senen (PSE) | Eksekutif & Ekonomi Plus | 09.01 | 09.07 |
| 7 | Argo Lawu | Jakarta Gambir (GMR) | Eksekutif & Luxury | 09.17 | 09.22 |
| 135 | Mataram | Jakarta Pasar Senen (PSE) | Eksekutif & Ekonomi Premium | 09.43 | 09.47 |
| 137F | Bogowonto | Eksekutif & Ekonomi Plus | 09.54 | 09.58 | |
| 5 | Argo Wilis | Bandung (BD) | Eksekutif | 11.01 | 11.06 |
| 112/113 | Ranggajati | Surabaya Gubeng (SGU) bersambung Jember (JR) | Eksekutif & Bisnis | 11.10 | 11.15 |
| 175 | Sancaka | Yogyakarta (YK) | Eksekutif & Ekonomi Premium | 13.00 | - |
| 134 | Fajar Utama Solo | Solo Balapan (SLO) | 13.34 | 13.38 | |
| 114/111 | Ranggajati | Cirebon (CN) | Eksekutif & Bisnis | 14.01 | 14.10 |
| 160F | Lodaya | Solo Balapan (SLO) | Eksekutif & Ekonomi Premium | 14.14 | 14.19 |
| 6 | Argo Wilis | Surabaya Gubeng (SGU) | Eksekutif | 14.39 | 14.44 |
| 169 | Kertanegara | Purwokerto (PWT) | Eksekutif & Ekonomi Plus/Premium | 14.42 | 14.48 |
| 144F | Fajar Utama YK | Yogyakarta (YK) | Eksekutif & Ekonomi Premium | 15.12 | - |
| 10 | Argo Dwipangga | Solo Balapan (SLO) | Eksekutif & Luxury | 15.44 | 15.49 |
| 140 | Gajahwong | Yogyakarta Lempuyangan (LPN) | Eksekutif & Ekonomi Plus | 15.58 | 16.01 |
| 189/190/191 | Joglosemarkerto* | Solo Balapan (SLO) bersambung Semarang Tawang (SMT) | 16.35 | 16.40 | |
| 163F/166F/167F | Sancaka Utara | Yogyakarta (YK) | Eksekutif & Bisnis | 16.39 | - |
| 82 | Taksaka | Eksekutif & Luxury | 16.44 | ||
| 176 | Sancaka | Surabaya Gubeng (SGU) | Eksekutif & Ekonomi Premium | - | 17.10 |
| 139 | Gajahwong | Jakarta Pasar Senen (PSE) | Eksekutif & Ekonomi Plus | 17.44 | 17.48 |
| 168F/165F/164F | Sancaka Utara | Solo Balapan (SLO) bersambung Gambringan (GBN)-Surabaya Pasarturi (SBI) | Eksekutif & Bisnis | - | 17.55 |
| 116/117 | Wijayakusuma | Surabaya Gubeng (SGU) bersambung Banyuwangi Ketapang (KTG) | Eksekutif & Ekonomi Premium | 18.15 | 18.20 |
| 195/196/197F | Joglosemarkerto* | Yogyakarta (YK) | Eksekutif & Ekonomi Plus | 18.30 | - |
| 141 | Senja Utama YK | Jakarta Pasar Senen (PSE) | Eksekutif & Ekonomi Premium | - | 18.45 |
| 133 | Senja Utama Solo | 18.58 | 19.04 | ||
| 198F | Joglosemarkerto* | Solo Balapan (SLO) | Eksekutif & Ekonomi Plus | - | 19.05 |
| 122 | Bangunkarta | Jombang (JG) | 19.41 | 19.47 | |
| 157 | Lodaya | Bandung (BD) | Eksekutif & Ekonomi Premium | 19.50 | 19.54 |
| 180/181 | Mutiara Timur | Surabaya Gubeng (SGU) bersambung Banyuwangi Ketapang (KTG) | - | 20.05 | |
| 71 | Gajayana | Jakarta Gambir (GMR) | Eksekutif & Luxury | 20.10 | 20.15 |
| 9 | Argo Dwipangga | 20.42 | 20.47 | ||
| 170 | Kertanegara | Malang (ML) | Eksekutif & Ekonomi Plus/Premium | 20.45 | 20.50 |
| 83 | Taksaka | Jakarta Gambir (GMR) | Eksekutif & Luxury | - | 21.05 |
| 75 | Bima | Eksekutif | 21.16 | 21.21 | |
| 177F | Sancaka | Yogyakarta (YK) | Eksekutif & Ekonomi Premium | 22.05 | - |
| 79 | Turangga | Bandung (BD) | Eksekutif | 22.46 | 22.51 |
| 118/115 | Wijayakusuma | Cilacap (CP) | Eksekutif & Ekonomi Premium | 23.08 | 23.13 |
| 119 | Malabar | Bandung (BD) | Eksekutif, Bisnis, & Ekonomi | 23.23 | 23.28 |
Katerangan: jeneng sepur sing ana tanda lintang (*) kang klebu sepur aglomerasi.
- Sepur antarkutha tambahan (beroperasi pas jaman ba'dan lan natal-taun anyar; kadang kala dina prei nasional utawa akhir pekan tertentu)
| No. Sepur | Sepur | Dhateng | Kelas | Teka | Mangkat |
|---|---|---|---|---|---|
| 58F | Argo Lawu Fakultatif | Solo Balapan (SLO) | Eksekutif | 06.19 | 06.24 |
| 7006A | Gajayana Tambahan | Malang (ML) | 07.35 | 07.45 | |
| 57F | Argo Lawu Fakultatif | Jakarta Gambir (GMR) | 10.43 | 10.47 | |
| 7025A | Taksaka Tambahan | - | 12.00 | ||
| 60F | Argo Dwipangga Fakultatif | Solo Balapan (SLO) | 17.25 | 17.33 | |
| 7012A | Taksaka Tambahan | Yogyakarta (YK) | 18.25 | - | |
| 59F | Argo Dwipangga Fakultatif | Jakarta Gambir (GMR) | 23.00 | 23.04 | |
| 7005B | Gajayana Tambahan | 23.50 | 23.56 |
| No. Sepur | Teka | Mangkat | No. Sepur | Teka | Mangkat | |
|---|---|---|---|---|---|---|
| Menyang Kebumen | Menyang Yogyakarta | |||||
| 501 | - | 08.25 | 502 | 11.51 | - | |
| 503 | 14.55 | 504 | 18.37 | |||
| Menyang Wojo | Menyang Yogyakarta | |||||
| 505F | - | 03.40 | 506F | 05.20 | - | |
| 507F | 05.00 | 508F | 06.40 | |||
| 509F | 06.00 | 510F | 07.50 | |||
| 511F | 07.25 | 512F | 08.55 | |||
| 513F | 09.30 | 514F | 11.25 | |||
| 515F | 11.45 | 516F | 13.20 | |||
| 517F | 12.45 | 518F | 14.28 | |||
| 519F | 13.31 | 520F | 15.40 | |||
| 521F | 16.00 | 522F | 17.50 | |||
| 523F | 18.00 | 524F | 20.21 | |||
| 525F | 18.54 | 526F | 21.30 | |||
- Sepur lokal
| No. Sepur | Teka | Mangkat | No. Sepur | Teka | Mangkat | |
|---|---|---|---|---|---|---|
| Menyang Yogyakarta | Menyang Kutoarjo | |||||
| 7112 | 06.42 | - | 603 | - | 06.30 | |
| 608 | 09.42 | 7111 | 10.05 | |||
| 7114 | 12.52 | 7113 | 13.48 | |||
| 7116 | 17.06 | 7115 | 17.35 | |||
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Staatsspoorwegen (1921–1932). Verslag der Staatsspoor-en-Tramwegen in Nederlandsch-Indië 1921-1932. Batavia: Burgerlijke Openbare Werken.
{{cite book}}: CS1 maint: date format (link) - ↑ Buku Informasi Direktorat Jenderal Perkeretaapian 2014 (PDF). Jakarta: Direktorat Jenderal Perkeretaapian, Kementerian Perhubungan Indonesia.
- ↑ Sugiana, A.; Lee, Key-Seo; Lee, Kang-Soo; Hwang, Kyeong-Hwan; Kwak, Won-Kyu (2015). "Study on Interlocking System in Indonesia". Nyeondo Hangugcheoldohaghoe Chungyehagsuldaehoe Nonmunjib (Korean Society for Railway) (46).
- ↑ a b c d e f g h i j k l m [1](dipunundhuh tanggal 2 Oktober 2012)
- ↑ a b c d [2] Archived 2012-09-05 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 2 Oktober 2012)
| Setatsiyun sadurungé: Setatsiyun Patukan | Kuthaarja-Purwasari-Sala Balapan | Setatsiyun sabanjuré: Setatsiyun Lempuyangan |
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |