Kutha Ngayogyakarta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Kutha Yogyakarta)
Ngayogyakarta
Kutha
Saka kiwa ndhuwur banjur mèlu lakuné dom jam: Tugu, Dalan Maliyabara, Kraton Ngayogyakarta, Bank Indonesia Ngayogyakarta, Universitas Gadjah Mada
Saka kiwa ndhuwur banjur mèlu lakuné dom jam: Tugu, Dalan Maliyabara, Kraton Ngayogyakarta, Bank Indonesia Ngayogyakarta, Universitas Gadjah Mada
Gendéra Ngayogyakarta
Gendéra
Official seal of Ngayogyakarta
Lambang
Peparab: Kutha Pelajar, Kutha Budaya, Kutha Gudheg
Sesanti: Amemayu Ayuning Bawana
Pernahé ing Daerah Istimewa Yogyakarta
Pernahé ing Daerah Istimewa Yogyakarta
Ngayogyakarta is located in Jawa
Ngayogyakarta
Ngayogyakarta
Pernahé ing Pulo Jawa lan Indonésia
Koordhinat: 7°48′5″S 110°21′52″E / 7.80139°S 110.36444°E / -7.80139; 110.36444Koordhinat: 7°48′5″S 110°21′52″E / 7.80139°S 110.36444°E / -7.80139; 110.36444
Nagara Indonésia
Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta
Kacamatan
Papréntahan
 • Walikutha Haryadi Suyuti
 • Wakil walikutha Heroe Purwadi
Laladan
 • Kutha 46 km2 (18 sq mi)
 • Métro 2.159.1 km2 (833.6 sq mi)
Élevasi 113 m (371 ft)
Cacah warga (2016)
 • Kutha 412.331
 • Pepadhet 9,000/km2 (23,000/sq mi)
 • Métro 4.010.436
 • Pepadhet métro 1,900/km2 (4,800/sq mi)
Dhémografi
 • Agama[1] Islam 83.22%
Katulik 9.39%
Protèstan 6.26%
Buda 0.29%
Hindhu 0.20%
Kong Hu Cu 0.02%
Liyané 0.01%
Zona wektu WIK (UTC+7)
Kodhe laladan (+62) 274
Plat montor AB
HDI Increase 0.837 (Dhuwur banget)
Situs wèb www.jogjakota.go.id (ing basa Indonésia)

Kutha Ngayogyakarta utawa cekaké Kutha Yogya iku kutha krajan Daerah Istimewa Yogyakarta. Kutha iki naté dadi kutha krajan Indonésia ing jaman révolusi. Kajaba iku kutha iki minangka kutha krajan Daerah Istimewa Yogyakarta, sing dipanggedhèni déning Sri Sultan Hamengkubuwono X lan Pangeran Pakualam. Yogyakarta kaloka minangka kutha pelajar, amarga amèh 20% sing ndunungi produktifé arupa pelajar lan ana 137 pawiyatan luhur. Pawiyatan luhur sing diduwèni pamaréntah antarané Universitas Negeri Yogyakarta, Institut Kagunan Indonésia Yogyakarta lan Universitas Islam Negeri Sunan Kalijaga.

Pérangan saka Kutha Ngayogyakarta, ya iku Kuthagedhé, tau dadi punjer Kasultanan Mataram antara 1575-1640. Kraton (Pura) Sultan sing isih duwé fungsi sajeroning makna sing sakbeneré ya iku kraton Kasultanan Yogyakarta, sing dadi pecahan saka Mataram.

Sajarah[besut | besut sumber]

Madegé Kutha Ngayogyakarta diwiwiti kanthi anané Prajanjian Gianti ing tanggal 13 Fèbruari 1755 sing ditandatangani Kompeni Walanda ya iku déning Gubernur Nicholas Hartingh makili Gubernur Jendral Jacob Mossel. Isi Prajanjian Gianti iku mau: Nagara Mataram dipérang dadi loro: Setengah isih dadi Hak Krajan Surakarta, setengah liyané dadi Hak Pangèran Mangkubumi. Sajeroning prejanjèn mau uga Pengèran Mangkubumi diakoni dadi Raja ing setengah laladan Pedalaman krajan Jawa kanthi Gelar Sultan Hamengkubuwana Senapati Ing Alega Abdul Rachman Sayidin Panatagama Khalifatullah.

Déné laladan-laladan sing dadi kakuasaané ya iku Mataram (Yogyakarta), Pojong, Sukowati, Bagelen, Kedhu, Bumigedhé lan ditambah laladan mancaNagara ya iku; Madiun, Magetan, Cirebon, saparo Pacitan, Kartasura, Kalangbret, Tulungagung, Majakerta, Bojanegara, Ngawen, Sela, Kuwu, Wanasari, Grobogan.

Sawisé rampung Prajanjian Pembagéyan Laladan iku, Pengeran Mangkubumi sing kagungan gelar Sultan Hamengkubuwana I sigra ngukuhaké yèn laladan Mataram sing ana ing sajeroning kakuwasané iku dijenengi Ngayogyakarta Hadiningrat lan kutha krajané ing Ngayogyakarta (Yogyakarta). Katetepan iki diumumaké ing tanggal 13 Maret 1755.

Panggonan sing dipilih dadi kutha krajan lan punjer pamaréntahan iki ya iku alas sing ingaran Beringin, sing wis ana désa ciliké ya iku Pachetokan, lan ana sawijining pasanggrahan sing jenengé Garjitowati, sing digawé déning Susuhunan Paku Buwono II lan jenengé banjur diowahi dadi Ayodya. Sawisé panetapan mau diumumaké, Sultan Hamengkubuwana sigra mrintahaké marang rakyat supaya mbabad alas mau kanggo diadegaké sawijining Kraton.

Sadurungé Kraton iku dadi, Sultan Hamengkubuwana I ngersakaké manggon ing pasanggrahan Ambarketawang laladan Gamping, sing pinuju digawé uga. Manggon kanthi resmi ing papan mau ya iku tanggal 9 Oktober 1755. Saka papan iki panjenengané tansah ngawasi lan ngatur pangyasa kraton sing pinuju digarap.

Setaun sabanjuré Sultan Hamengkubuwana I ngersakaké mlebu Pura ayar kanggo ngresmèkaké. Kanthi mangkono wis madeg Kutha Ngayogyakarta utawa kanthi jeneng wutuh ya iku Negari Ngayogyakarta Hadiningrat. Pasanggrahan Ambarketawang ditinggal déning Sultan Hamengkubuwana lan pindhah menyang Kraton sing anyar. Peresmiané lumangsung ing tanggal 7 Oktober 1756[2]

Géografi[besut | besut sumber]

Kutha Ngayogyakarta dumunung ing satêngahing Provinsi DIY, kanthi watês wewengkon:

Wewengkon Kutha Ngayogyakarta gumêlar ing antarané 110o 24I 19II nganti 110o 28I 53II Bujur Wétan lan 7o 15I 24II nganti 7o 49I 26II Lintang Kidul kanthi dhuwuring èlevasi rata-rata 114 m sadhuwuré lumahing segara.[3]

Pamaréntahan[besut | besut sumber]

Kutha Ngayogyakarta katata sajeroning 14 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing Kutha Ngayogyakarta ya iku:

Walikutha Yogyakarta[besut | besut sumber]

No Walikutha Mangsa tugas
1 M. Enoch Mèi 1947-Juli 1947
2 Mr. Soedarisman Poerwokoesoemo Juli 1947-Januari 1966
3 Soedjono A. Y. Januari 1966-November 1975
4 H. Ahmad November 1975-Mèi 1981
5 Soegiarto 1981-1986
6 Djatmiko D 1981(?)/6-1991
7&8 R. Widagdo 1991-2001
9 Herry Zudianto 2001-2006
10 Herry Zudianto 2006-2011
11 Haryadi Suyuti 2011-2016 (sedang menjabat)

Kutha kembar[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Daerah Istimewa Yogyakarta