Setatsiyun Tugu Yogyakarta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Setasiun Yogyakarta
250px
Stasiun Tugu Yogyakarta.
Letak
PropinsiDI Yogyakarta
Sujarah
Liyan-liyan
OpratorLaladan Operasi VI Yogyakarta
Dhuwuring stasiun+113 M
LayananArgo Dwipangga, Argo Lawu, Argo Wilis, Bima, Gajayana, Taksaka, Turangga, Lodaya, Sancaka, Malabar, Malioboro Ekspres, Fajar Utama Yogya, Mutiara Selatan, Senja Utama Sala, Senja Utama Yogya, Bogowonto, Gajah Wong, Prambanan Ekspres, Madiun Jaya Ekspres, Madiun Jaya, Sriwedari
Fasilitas
Cithakan:Infobox stasiun/fasilitas
Diagram jalur setasiun

Koordhinat: 7°47′21″S 110°21′51″E / 7.789200°S 110.364100°E / -7.789200; 110.364100

Setatsiyun Tugu inggih salah satunggaling setatsiyun wonten ing Yogyakarta.[1] Setatsiyun Tugu punika dumados papan mandheging sepur awit taun 1887 dumugi sapunika.[1] Setatsiyun punika kagolong setatsiyun ingkang papanipun langkung strategis.[1] Amargi setatsiyun punika papanipun wonten ing jantung kutha Yogyakarta lan cerak kaliyan objek wisata ing yogyakarta.[1] Setatsiyun punika awalipun inggih setatsiyun alit nanging sapunika sampun dumados salah satunggaling setatsiyun ageng wonten ing Indonésia.[1] Setatsiyun Tugu punika gadhah 6 jalur sepur, ingkang nglayani saking hampir sadaya kutha gedhé wonten ing Jawa.[1] Lewih saking 20 sepur ékonomi, bisnis lan èksekutif dumugi lan kesah saben dintene.[1]

Sajarah[besut | besut sumber]

Setatsiyun tugu punika kagolong kasil saking pembangunan sistem transportasi sepur kaliyan pamaréntah Hindia Walanda kanggé transportasi penumpang lan kasil bumi saking perkebunan ing Jawa, Sumatera, Sulawesi lan kalimantan.[2] Tanggal 17 Juni 1864, Gubernur Jendral Mr. L.A.J.W baron Sloet van Beele ngletakake watu purwa pembangunan rel sepur ingkang pertama ing jawa.[2] Jalur punika dipunkelola kaliyan Nederlandsch-Indische spoorweg Maatschappij (Perusahaan perkeretaapian Hindia Walanda) lan dipunoperasikaken tanggal 10 Agustus 1867.[2] Wonten ing perkembanganipun jalur punika dipunlajengaken dawanipun 166 kilomèter tumuju kutha Yogjakarta lan Setatsiyun Lempuyangan Yogyakarta.[2] Setatsiyun Tugu wiwit nglayani kebetahan transportasi awit 2 Mèi 1887, udakara 15 taun sasampunipun Setatsiyun Lempuyangan.[1] Rikala samanten, setatsiyun punika namung dipun-ginakaken kanggé papan transiting sepur ingkang ngangkud kasiling bumi saking laladan wonten ing Jawa, Sumatera, kalimantan lan Sulawesi. Nanging awit tanggal 1 Fèbruari 1905, setatsiyun punika dipun-ginakaken kanggé transit sepur penumpang. Jalur luar kutha ingkang purwa diyasa taun 1899, ngubungake Yogyakarta lan Surakarta.[1] Setatsiyun tugu punika kagolong setatsiyun ingkang taksih mertahanake fungsinipun kanggé papan kanggo ngrawat sepur, bènten kaliyan setatsiyun sanès ingkang limrahipun namung kanggé papan transit.[1]

Arsitektur[besut | besut sumber]

Amargi dipunyasa wonten ing jaman kolonial Walanda, mila arsitèktur yasan setatsiyun punika sanget kenthel kaliyan nuansa Éropah.[1] Kita saged ngenali gaya-gaya Éropah saking lawang-lawang gedhé werni soklat lan langit-langit dhuwur ingkang werninipun cemeng. Wangunan setatsiyun taksih dipunjagi keaslianipun.[1] Wangunan setatsiyun punika katon megah kanthi lawang gedhé lan kalih payon ingkang mayungi jalur sepur.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m [1](dipunundhuh tanggal 2 Oktober 2012)
  2. a b c d [2](dipunundhuh tanggal 2 Oktober 2012)