Menyang kontèn

Petrus Josephus Zoetmulder

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Zoetmulder)
Petrus Josephus Zoetmulder
Zoetmulder, nalika yuswa antara rongpuluh-telungpuluhan
Lair(1906-01-29)29 Januari 1906
Utrecht
PatiJuli 8, 1995(1995-07-08) (umur 89)
Yogyakarta
Muntilan
PadununganYogyakarta
BangsaDutch
PakaryanJesuit

Prof. Dr. Petrus Josephus Zoetmulder, S.J. (Utrecht, Walanda, 29 Januari 1906-Ngayogyakarta, 8 Juli 1995) iku nimpuna Sastra Jawa lan budayawan Indonésia. Panjenengané uga misuwur déning dhisertasiné bab panalitèn sawijining aspèk agama Kajawèn. Dhisertasiné tau dicithak ing basa Indonésia lan judhulé Manunggaling Kawula Gusti. Kajaba iku Zoetmulder ora bisa dipisahaké saka buku panlitèn Sastra Jawa Kuna Kalangwan lan bausastra basa Jawa Kunané kang tau dicithak nganggo basa Inggris (1982) lan basa Indonésia (1995).

Nalika timur

[besut | besut sumber]
Piet nalika isih timur.
Piet nalika isih timur.

Zoetmulder miyos ing Utrecht, Walanda. Sang Piet nalika durung lumebu sekolah wis bisa sinau maca lan nulis. Ibuné Catharina Noelege, iku pamaén piano profésional lan uga sawijining guru kang sabar. Dadi nalika lumebu sekolah wis bisa maca lan nulis. Piet pancèn bocah kang sregep, bregas lan pinter.

Nalika lungguh ing sekolah Gymnasium (mèmper SMA) College Kanisius, putra sawijining insinyur iki banjur wiwit katarik dadi pastur lan mligi dadi Imam Yesuit. Prakara iki ora nggumuni, amarga kulawargané iku umat Katulik kang tangat. Ana pakdhéné loro iku dadi pastur. Banjur budéné lan buliké dadi suster ing Afrika lan Suriname. Nalika bapané kang gawéyané iku inspèktur kaséhatan umum pindhah menyang Heerlen, Piet sempet rada gela amarga ing kono ora ana sekolah gymnasium. Piet begja amarga wong tuwané maringi idin putrané kang ragil iki yèn dhèwèké olèh sekolah ing gymnasium ing kutha Rolduc, kang kebeneran tilas sekolah bapané. Piet banjur mèlu ujian jurusan A lan B. Piet bisa lulus loro-loroné. Ing taun 1925, Piet lumebu Novisiat Sarékat Yesus, pendhidhikan awal calon Imam Yesuit.

Lunga menyang Tanah Jawa

[besut | besut sumber]

Pastur J. Willekens S.J., kang ngopèniné ing novisat ndhawuhi Piet supaya nyambut gawé karya misi ing tanah Jawa, sawisé pendhidhikané rampung. Piet nurut lan yuswané isih 19 taun nalika mangkat menyang Jawa. Piet banjur didokok ing Séminari Menengah ing Ngayogyakarta. Ora dinuga, telung taun engkas tibakné Pastur Willekens dhéwé nusul ing Jawa dadi Visitor Apostolis.

Sawisé ketemu, Willekens banjur ngandika, "Saliyané filsafat, kowé ya kudu sinau basa Jawa Kuna."

Panjenengané banjur ditepungaké karo Prof. Dr. C.C. Berg, kang nalika iku ngajar ing Surakarta, lan bisa ngrewangi nyinaoni studi Jawa Kuna. Ing taun 1931, Zoet lulus karo prédikat cum laude, lan bareng karo iku ditahbisaké dadi calon pastor ing Girisonta, Ungaran, Kabupatèn Semarang.

Pendhidhikan lanjutan

[besut | besut sumber]

Banjur pawiyatan kang luwih jero dilakoni ing Universitas Leiden, Walanda. Zoetmulder ing kéné olèh gelar sarjana mudha amung ing wayah sataun, lumrahé butuh wayah telung taun, lan sarjana wutuh, ing babagan Sajarah Jawa lan Purwakala, uga namung mbutuhaké wayah sataun. Ing sasi Oktober 1935, karo dibimbing déning Prof. Dr. C.C. Berg, Zoetmulder bisa promosi karo dhisertasi dhoktoraté, kang asesirah Pantheïsme en Monisme in de Javaansche Soeloek Literatuur. Zoetmulder bisa lulus karo prédhikat cum laude. Romo Zoet, ya iku asma akrabé, rumangsa kudu ngrampungaké studhi téologiné dhisik sadurungé bali menyang tanah Jawa. Panjenengané sinau patang taun ing Maastricht. Nalika arep bali menyang Indhiya Nèderlan, panjenengané isih kudu nglakoni mangsa tertiat (mangsa pendhidhikan lan pendalaman rohani, suwéné kurang luwih sataun), ing Bèlgi. Nanging invasi tantara Nazi Jerman menyang Bèlgi meksa Romo kudu ngungsi menyang Prancis, Juni 1940.

Ing Prancis Romo Zoet bisa olèh kapal kang manuju Indhiya Nèderlan, nanging kudu ndharat ing Inggris dhisik amarga nyélaki ranjo-ranjo kang dipasang Jerman ing lintasan palayaran. Sasi ngarepé Romo Zoet lagi bisa rawuh ing Tanah Jawa, liwat Hong Kong. Kamangka, ana kancané kang téwas amarga numpak kapal kang silem amarga ditorpedho déning Angkatan Sagara Jerman. "Allah kersa yèn aku bakal mulya ing Tanah Jawa", caritané.

Jaman pendhudhukan Jepun lan pasca-Perang Donya II

[besut | besut sumber]
Gambar sampul De Taal van het Adiparwa, edisi taun 1983.

Sarawuhé ing Jakarta, Romo Zoetmulder ditawani ngajar ngèlmu pambandhingan basa ing Fakultas Sastra UI. Nanging, Zoetmulder luwih katarik kanggo nyinaoni basa Jawa lan milih manggon ing Ngayogyakarta. Panjenenganipun banjur ngajar ing AMS lan salah siji siswané antarané Prof. Dr. Koentjaraningrat, Dr. Sukmono lan Dr. S. Supomo.

Nalika Jepun lumebu Indhiya Nèderlan ing taun 1942, Zoetmulder kalebu warga Walanda kang ditahan. Zoetmulder begja amarga nalika diinternir isih bisa nggawa buku lan bolpèn. Banjur nalika dipindhah ing kunjara Cimahi Zoetmulder bisa nylundupaké buku Adiparwa suntingan Dr. H.H. Juynboll lan sawijining bausastra Jawa anggitan Gericke lan Roorda. Zoetmulder amrih ngusahakaké nliti tata basa Jawa Kuna saka buku iki. Mbésuk buku tata basa Jawa Kuna ini bakal diterbitaké ing basa Walanda (De Taal van het Adiparwa) ing taun 1950 lan vèrsi basa Indonésiané (Basa Parwa) diterbitaké ing taun 1954 mawa diréwangi déning I.R. Poedjawijatna. Buku iki bakal dadi pakem dhasar para mahasiswa studhi Jawa Kuna.

Ing jaman Revolusi Fisik (Perang utawa Revolusi Kamardikan Indonésia antara taun 1945-1950), Rama Zoet mèh waé disédani déning sawijining laskar ing Kota Baru, Ngayogyakarta. Nanging begjané ana sawijining wong Jawa kang mbélani lan celathu yèn panjenengané iku "wong suci".

Karir akadhemis

[besut | besut sumber]

Sawisé lolos saka tahanan interniran Baros ing taun 1945, Zoetmulder banjur miwiti ngajar ing paguron dhuwur Universitas Gadjah Mada (UGM). Banjur limang taun sawisé iku, dhedhasar Surat Dudutan Mendikbud, Zoetmulder diangkat dadi Guru Besar Luar Biyasa ing Fakultas Sastra Pedagogik, Filsafat UGM. Ing taun 1955, Zoetmulder dikukuhaké dadi sawijining Guru Besar Tetap Fakultas Sastra UGM. Nalika iku Zoetmulder wis nilar kawarganagaran Walandané. Sadina-dina tugasé dadi luwih abot, amarga kudu ngwakili Dékan Fakultas Sastra Prof. Dr. R.M. Ng. Poerbatjaraka, kang luwih akèh ing Jakarta. Iki isih ditambah tugas liya, dadi guru basa Jawa Kuna kanggo tlatah Yogya.

Kapisan maringi kuliah, Zoetmulder ngangem basa Jawa. Nanging sabanjuré Zoetmulder sadhar yèn mahasiswané akèh kang ora saka Tanah Jawa. Zoetmulder banjur nulis buku paugeran tata basa Jawa Kuna ajudhul Sekar Sumawur: Bunga rampai basa Djawa Kuno. Banjur kanggo pitulung pasinaonan basa Jawa Kuna, Zoetmulder miwiti nulis bausastra Jawa Kuna wiwit taun 1950. Mula-mulané dikira namung prelu sepuluh taun waé, tibaké prelu wektu luwih suwé.

Bukuné kang mratélaké babad slira para empu lan sastra Jawa Kuna Kalangwan entèk-entèkané terbit ing taun 1974, disusul karo bausastrané Old Javanese-English Dictionary ing taun 1982. Édhisi basa Indonésia terbit taun 1995. Olèhé nulis buku-bukuné, Zoetmulder ngaku kangèlan amarga kudu nglumpukaké naskah mikrofilm saka Univèrsitas Leiden.

Akir hayat

[besut | besut sumber]
Gréja ing Munthilan, papané Zoetmulder disarèkaké.
Watu kijingé Zoetmulder mawa sawijining ukara Jawa Kuna kang dijupuk saka Kakawin Sumanasântaka, pupuh XXVIII padha 11:"Wiku haji jěněk angher ing śūnya" ("Sang pandhita ratu anyem-tentrem anêng kasunyatan.")

Prof. Zoetmulder séda ing tanggal 8 Juli 1995 ing Rumah Sakit Panti Rapih, Ngayogyakarta. Layoné banjur disarèkaké ing pesaréan cedhak gréja para Ordho Yésuit ing Munthilan, Magelang, Jawa Tengah.

Liya-liyané

[besut | besut sumber]

Pastur iki seneng maca buku, lan main biolah. Kajaba iku Zoetmulder wis rumangsa ora mung wong Indonésia, nanging malahan wong Jawa. Allah wis ndokok aku ing Indonésia. Papanku wis ditentokaké ing kéné, ujar dhosèn UGM iki. Ing tanggal 13 Maret 1951, Rama Zoetmulder sah dadi warga nagara Indonésia. Zoetmulder rumangsa sreg manggon ing Pastoran Kemetiran, Ngayogyakarta, kang jaréné pas banget karo rasa Kajawèné. Anèng kana Zoetmulder dumunung sangang taun.

Rama Zoetmulder seneng karo musik Beethoven lan Mozart, mulané seneng ngrungokaké giyaran Radhio Australia kang nanyangaké pamentasan musik klasik lan uga kerep direkam.

Saliyané buku téyologi agama Katulik lan ngèlmu liyané, Zoetmulder uga seneng maca roman lan gurit, malahan carita dhétèktif. Jaré Zoetmulder nduwé punjul 1.000 carita dhétèktif ing kamaré, kalebu karangan Ngaio Marsh. Zoetmulder uga kekancan karo pengarang carita dhétèktif John Le Carré. Nalika ing Bonn, Jerman Kulon, Zoetmulder tau olèh bebungah langsung saka Le Carré, sawijining buku laris ajudhul The Spy Who Came in from the Cold. Karangan Le Carré liyané, A Small Town in Germany, sempet 'dipriksa' déning Rama Zoetmulder sadurungé terbit.

Rama Zoet gadhah daya tahan awak kang dhuwur. Contoné Zoetmulder bisa ngunjuk banyu keran Ngayogyakarta ngono waé tanpa terus dadi gerah padarané. Nanging ing sisih liya, Zoetmulder ora bisa urip dhéwé, mbuka botol utawa kalèng dhéwé waé ora bisa.

Bibliografi

[besut | besut sumber]
Manunggaling Kawula Gusti, 1991.
  • 1930a-Het Land van de Profeet, Leuven: Xaveriana.
  • 1930b-Mohammed de Profeet, I, In Mekka, Leuven: Xaveriana.
  • 1930c-Mohammed de Profeet, II, In Medina, Leuven: Xaveriana.
  • 1935-Pantheïsme en Monisme in de Javaansche Soeloek-litteratuur, Nijmegen: Berkhout.
  • 1950-De Taal van het Adiparwa, Bandung: Nix
  • 1951-Cultuur Oost en West, Amsterdam: Van der Peet dan Djakarta: Penerbitan Dan Balai Buku Indonésia.
  • 1954-Basa Parwa. Tatabasa Djawa Kuno. Djakarta: Obor. Bekerja sama dengan I.R. Poedjawijatna. Jilid I: Wujud tembung. Jilid II: Wujud kalimat.
  • 1958-1963-Sekar Sumawur: bunga rampai basa Djawa Kuno, Djakarta: Obor. Jilid 1: Dewamānusarāksasâdi. Jilid 2: Korawapān.d.awacarita.
  • 1965-Die Religionen Indonesiens, Stuttgart: Kohlhammer. Karo Waldemar Stöhr. ISBN 0486-3585
  • 1969-Siwaratrikalpa of mpu Tanakung. The Hague: Martinus Nijhoff. Bersama A. Teeuw, Th.P. Galestin, S.O. Robson, dan P.J. Worsley.
  • 1974-Kalangwan. A Survey of Old Javanese Literature, The Hague: Martinus Nijhoff. Édhisi basa Inggris. (Resensi, hal 218-233) ISBN 902-471-674-8
  • 1982-Old Javanese-English Dictionary, The Hague: Martinus Nijhoff. In collaboration with S.O. Robson.
  • 1983-Kalangwan. Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang. Jakarta: Djambatan.
  • 1991-Manunggaling Kawula Gusti. Pantheïsme dan Monisme dalam Sastra Suluk Jawa: Suatu Studi Filsafat. Jakarta: Gramedia. Pertalan dari basa Walanda olèh Dick Hartoko. ISBN 979-403-937-3
  • 1992-1993-Basa parwa: tatabasa Jawa Kuna: Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Bekerja sama dengan I.J. Poedjawijatna. Cetakan ulang dari edisi taun 1954
  • 1993, Udyogaparwa: Teks Jawa Kuna, Jakarta: Koninklijk Instituut voor Taal-, Land-en Volkenkunde (KITLV).
  • 1994-1995-Sekar Sumawur: bunga rampai basa Jawa Kuna, Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Jilid 1: Dewamānusarāksasâdi. Jilid 2: Korawapān.d.awacarita.
  • 1995, Pantheism and Monism in Javanese Suluk Literature: Islamic and Indian Mysticism in an Indonésian Setting, Leiden: Koninklijk Instituut voor Taal-, Land-en Volkenkunde (KITLV Press). Diterjemahaké lan disadur saka basa Walanda déning M.C. Ricklefs.
  • 1995b, Kamus Jawa Kuna-Indonésia, Jakarta: Gramedia dan Instituut voor Taal-, Land-en Volkenkunde (KITLV). Bekerja sama dengan S.O. Robson. Penerjemah: Darusuprapta dan Sumarti Suprayitna. ISBN 979-605-347-0

Artikel

[besut | besut sumber]
  • 1933-'De Strijd om het Paradijs (Bali)', Studiën; Tijdschrift voor Godsdienst, Wetenschap en Letteren 120:90-109, 196-210, 298-309. (Diterbitaké mawa jeneng sesinglon R. Artati).
  • 1934-'Literatuur over den Islam', ''Studiën; Tijdschrift voor Godsdienst, Wetenschap en Letteren 121:257-63. (Diterbitaké mawa jeneng sesinglon R. Artati).
  • 1934, ‘Literatuur over Indië en Indonesië’, Studiën; Tijdschrift voor Godsdienst, Wetenschap en Letteren 121:28-42; 122:29-39. (Diterbitaké mawa jeneng sesinglon R. Artati).
  • 1935-‘Literatuur over Indië en Indonesië’, Studiën; Tijdschrift voor Godsdienst, Wetenschap en Letteren 121:28-42; 122:29-39. (Diterbitaké mawa jeneng sesinglon R. Artati).
  • 1956-'Pepindan ing Kasusastran Djawi Kina', Pradapa 1.
  • 1957-'Kawi and Kekawin', Bijdragen tot de Taal-, Land-, en Volkenkunde 113-1:50-69 (Pertalan basa Inggris saka versi basa Indonésia kang terbit taun 1955).
  • 1961-'Jaman Madjapahit', Basis; Madjalah Bulanan untuk Soal-Soal Kebudajaan Umum 11:14-8.
  • 1964-‘Menindjau Masalah Kultur’, Basis; Madjalah Bulanan untuk Soal-Soal Kebudajaan Umum 14:7-14.
  • 1965-‘The Significance of the Study of Culture and Religion for Indonésian Historiography’, dalam: Soedjatmoko, Mohammad Ali, G.J. Resink, dan G.McT. Kahin (eds), An Introduction to Indonésian Historiography, halaman 326-43, Ithaca, New York: Cornell University Press.
  • 1965c-‘Djaman Empu Tanakung’, dalam Buku Laporan Konggrès Widya Nasional Kedua, dari Tanggal 22 sampai dengan 29 Oktober 1962, Djilid Keenam, Seksi D (Seksi Sastra dan Budaja), halaman 199-210, Djakarta: Madjelis Widya Indonésia, Departemen Urusan Research Nasional.
  • 1968-‘Les Grands Religions d’Indonésie’, dalam Les Religions d’Indonésie, Paris: Payot. (Pertalan dalam basa Prancis olèh L. Jospin dari versi aslinya dalam basa Jerman yang terbit taun 1965).
  • 1970 – ‘The Old Javanese Character of Old Javanese Poetry’, dalam: Denis Sinor (ed.), Proceedings of the Twenty-Seventh International Congress of Orientalists, 13th-19th August 1967, halaman 442-443. Wiesbaden: Harrassowitz.

bersambung

  • 1971 – ‘The Wajang as a Philosophical Theme’, Indonésia 12:85-96. (Cornell Modern Indonésia Project).

Makalah kang ora diterbitaké

[besut | besut sumber]
  • 1953-'Kedudukan Basa Djawa', ing: Pasarasehan Basa Djawa padha Tanggal 14/15 Novèmber 1953 ing Gedung Agung Jogjakarta, Jogjakarta: Tjabang Pérangan Basa Djawatan Kebudajaan Kementerian P.P. & K.
  • 1957-'Literarische Yantras', Makalah kang dipersembaké marang "Twenty-Fifth International Congress of Orientalists", München, 28 Agustus-4 September 1957.
  • 1964-'The Old Javanese Poet and his Craft', Makalah kang dipersembahaké marang "Twenty-Sixth International Congress of Orientalists", New Delhi 4-10 Januari 1964
  • 1967-'The Cultural Background of Indonésian Politics', University of South Carolina, Columbia.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]