Wong Dayak Mali

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Wong Mali)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Suku Dayak Mali ing Kalimantan Barat

Suku Dayak Mali inggih punika suku Dayak ingkang kalebet ing rumpun Klemantan Dayak Darat, ingkang papan dunungipun wonten ing Kabupatèn Sanggau mliginipun ingkang dumunung ing sadaya Kacamatan Balai, Sanggau (Kota Kacamatan Batang Tarang), Kalimantan Barat.[1]

Suku Dayak Mali[besut | besut sumber]

Suku Dayak Mali kapérang ing manéka sub-suku, kados katrangan ing ngandhap punika[2]

Dayak Mali (basa utama/Induk)[besut | besut sumber]

Dayak Mali Peruan[besut | besut sumber]

Dayak Mali Taba[besut | besut sumber]

  • Sapérangan ing wewengkon Kacamatan Balai, Sanggau dumugi ing Tayan Hulu.
  • Dialek: Basa Taba/Keneles

Dayak Mali Keneles[besut | besut sumber]

Agama[besut | besut sumber]

Suku Dayak Mali sapérangan ageng minangka panganut agama Kristen Katolik lan sapérangan Kristen Protèstan, déné ingkang agama Islam meh boten wonten[3] . Kathahipun tiyang Dayak ingkang gadhah agama Islam amargi palakrama kaliyan Suku Melayu. Wonten ing Agama Islam ugi ngaramaken babi, déné suku Dayak, babi minangka kéwan ingkang wigati sanget wonten ing sadaya aspek pagesangan adat Dayak. Nanging wonten sapérangan Dayak mali ngaku bilih piyambakipun kanthi umum minangka agama nenek moyang inggih punika dinamisme utawi animisme. Nanging kanthi umum ngaku bilih piyambakipun ugi agama Kristen Katolik lan Protèstan. Agama Islam mesthi gegayutan kaliyan suku Melayu déné tiyang Dayak mesthi nyebut piyambakipun minangka tiyang Darat Kristiani. Manawi tiyang Dayak mlebet Islam, bakal dipunsebut mlebet Melayu. Mekaten ugi kosok wangsulipun kaliyan tiyang melayu ingkang mlebet Kristen badhé dipunsebut mlebet Darat Dayak.[4]

Strata sosial[besut | besut sumber]

Suku Dayak Mali ngurmati sanget kaliyan demang (kepala adat) ingkang minangka panguwasa paling inggil ing adat. Kepala Adat dados pangayom tumrap sadaya aspek pagesangan masarakat. Adat istiadat ugi dipuntengenaken kanthi adil tumrap masarakat adat ingkang wonten. Déné, wonten pemuka adat sanès ingkang dipunwastani panglima perang ingkang namung nguwaosi nalika kaanan gawat kemawon lan ugi minangka pendamai ing salebeting masarakat adat.[5]

Adat Istiadat[besut | besut sumber]

Palakrama[besut | besut sumber]

Ing salebeting budaya Dayak Mali, adat mesthi dipuntengenaken dhedhasar hukum adat ingkang sampun wonten. Adat ugi minangka hukum adat. Wonten sapérangan bab ingkang kedah dipun-gantos wonten ing adat palakrama mau.[6]

  • Hubungan kulawarga pinanganten. Kekalih pinanganten badhé dipunsukani paukuman manawi wonten gayutan sedherek antawis dumugi keturunan ingkang kaping 4. Angsal kemawon krama nanging kedah mbayar adat langkung rumiyin.
  • Antaranipun gayutan sedherek satunggal kandhung (Kakang-rayi-kakang/ mas)= Adat Pelangkah. Manawi rayi langkung rumiyin ingkang krama, rayi punika kedah mbayar adat dhumateng ingkang kakangn.
  • Hubungan antawis suku (Tionghoa lan Melayu). Suku Dayak Mali sampun damel perjanjian kaliyan suku Melayu lan Tionghoa wiwit jaman nenek moyang. Manawi tiyang Dayak krama kaliyan tiyang Melayu lan mlebet Melayu (Islam), pihak Melayu kedah mbayar adat minangka paukuman. Adatipun lumayan ageng ing adat Dayak Mali. Mekaten ugi kosok wangsulipun kaliyan suku Tionghoa ugi kadadosan ingkang sami. Nanging kaliyan suku sanès kejawi kekalih suku punika boten wonten ukuman adat ingkang kedah dipunlampahi. Suku ingkang sanèsipun boten kénging ukuman manawi krama kaliyan Dayak mali. Nanging boten ateges bébas saking ukuman ingkang sanès ingkang kanggé tumrap sadayanipun.
  • Penetapan hukum Adat nalika wiwit Pelaksanaan Palakrama. Wiwit persiapan palakrama badhé wonten perjanjian antawisipun kekalih pinanganten mau. Lan manawi dipunlanggar, paukumanipun badhé langkung abot tinimbang bes palakramanipun.[7]

Cathetan suku[besut | besut sumber]