Menyang kontèn

Suruh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Sirih)
Suruh
Godhong suruh lan drèngès, kembang suruh
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Unranked: Magnoliidae
Ordho: Piperales
Famili: Piperaceae
Génus: Piper
Spésies: P. betle
Jeneng binomial
Piper betle
L.
Mbah-mbah lagi nginang

Suruh (Piper betle. L) iaiku kalebu jinis tuwuhan kang uripé mrambat.[1] Suruh kalebu tuwuhan asli Indonésia kang uripé mrambat ing watang utawa bonggol wit liyané [2]. Minangka budaya godhong lan wohé, biyasa dipangan kanthi cara mamah bareng gambir, jambé lan enjet kang diarani nginang. Nanging, mamah suruh wis dikaitaké karo lelara kanker tutuk lan panyusunan squamous cell carcinoma kang duwé sipat malignan.[2]

Suruh kang digunakaké, minangka tuwuhan obat (fitofarmaka); duwé peranan kang wigati banget ing kauripan uga upacara adat rumpun Melayu.[2]

Jinisé suruh iku ana suruh ijo lan suruh abang. Kembang suruh diarani drèngès.

Dasanama

[besut | besut sumber]

Godhong iki nduwé jeneng béda-béda ing saben panggonan, ya iku suruh utawa sedah (Jawa), seureuh (Sunda), ranub (Acèh), belo (Batak Karo),cambai (Lampung), uwit (Dayak), base (Bali), nahi (Bima), gapura (Bugis), mota (Flores), afo (Sentani).[1] Ing Cina, godhong suruh duwé jeneng ju jiang.[1] Kajaba iku, ing Prancis suruh diarani betel lan ing Portugal diarani betel, betelhe, lan vitele.[3] Ing basa jawa, tembung suruh dijarwa dosokake dadi kesusu arep weruh, ya iku nalikane njarwakake temanten kang bandhem-bandheman suruh.

Tuwuhan ngrambat iki bisa duwé dhuwur nganti 15 m.[2] Bongol suruh, warnané coklat semu ijo, dhapuré bunder, duwé ros kanggo thukulé oyot.[2] Godhongé kang tunggal mbentuk jantung lan rada kasar[1], pucuké lancip, uripé selang-seling, duwé gagang, lan ngganda kang khas manawa diremes.[2] Dawané godhong watara 5–8 cm lan ambané utawa jembaré 2–5 cm.[2] Kembangé majemuk utawa akèh, lan duwé wujud bulir lan ana godhong pelindhung ± 1 mm kang dhapuré bunder dawa.[2] Ing bulir lanang utawa lanang, dawané watara 1,5–3 cm lan ana benang sari loro kang cendhèk tinimbang ing bulir wadon utawa wédok dawané watara 1,5–6 cm ing ngendi ana kepala putik telu kanthi lima iji, kang warnané putih lan ijo semu kuning.[2] Wohé woh buni mbentuk bunder, ana dagingé, lan wernané ijo semu klawu. Oyoté tunggang, bunder lan warnané coklat semu kuning.[2]

Wit suruh seneng urip ing panggonan kang ayom lan ana srana kanggo rambatané.[1] Kajaba iku, wit suruh ora langsung kena panase srengéngé lan ora kakèhan banyu nalika disirami.[4] Wit iki bisa dikembangbiakakè kanthi cara stek ing salah siji gagangé.[1] Wit iki nduwé musuh ama kèong, bekicot cilik, lan semut.[4]

Kandhutan

[besut | besut sumber]

Wit suruh utawa sedah duwé kandhungan kimia kang akèh, ya iku lenga atsiri, hidroksivacikol, kavicol, kavibetol, allypyrokatekol, akrvakrol, eugenol methyl ether, p-cymene, cineole, caryphyllene, cadinene, estragol, terpenena, sesquiterpena, fenil propane, tanin, diastase, gula, lan pathi.[1][4][5]

Lenga atsiri saka godhong suruh ngandhut lenga terbang (betIephenol), seskuiterpen, pathi, diatase, gula lan dat samak lan kavikol kang duwé daya matèni kuman, antioksidasi lan fungisida, anti jamur.[6].

Kasiyat lan kagunan

[besut | besut sumber]

Suruh duwé kasiyat ngilangaké ambu awak kang disebabaké bakteri lan cendawan.[6] Suruh uga bisa ngilangaké mambu ora énak ing tutuk lan nambani sariawan yèn banyu godhogan suruh dianggo kemu-kemu. Kajaba iku bisa nambani keputihan yèn banyu godhogan godhong suruh dianggo cèwok, nambani mimisen utawa getihen ing irung kanthi digulung lan dilebokaké ing irung kang mimisen, ngresiki mripat kang gatel kanthi nètèsaké banyu godhogan godhong suruh, nambani korèngen utawa gatel-gatel kanthi ngomprès korèngen utawa kang gatel-gatel mawa banyu godhogan godhong suruh, ngurangi bekukul utawa ing basa Indonésia diarani jerawat yèn raup nganggo banyu godhogan banyu suruh, lan nguwataké untu yèn dimamah barengan karo gambir, pinang lan injet.[1][7] Kajaba iku, banyu godhogan godhong suruh bisa dadi obat anti radhang yèn banyuné diombé.[5]

Godhong suruh uga duwé sipat nahan panggetihan, marasaké tatu utawa borok ing kulit, lan gangguan saluran pancernan. Ora mung iku, suruh uga duwé sipat ngerutaké, ngetokaké dhahak utawa riyak, ngluruhaké widu, hemostatik, lan mandhegaké panggetihan. Lumrahé kanggo obat irung getihen, dienggo 2 lembar godhong seger Piper betle, dikumbah, digulung banjur dilebokaké ing njero bolongan irung.[6] Ora mung iku, kandhutané bahan aktif fenol lan kavikol godhong suruh alas uga ana kang dimupangataké dadi pestisida nabati kanggo ngendhalèkaké ama pangisep.[6]

Panelitèn

[besut | besut sumber]

Ing farmakologi Cina, sirih dikenal tuwuhan kang duwé sipat anget lan pedes.[8] Mawa tradhisional kabéh iku nggunakaké godhong sirih kanggo ngluruhaké kentut, mèndekaké watuk, ngurangi peradangan, lan nghilangaké gatel.[8] Ing usada tradhisional India, godhong sirih dikenal minangka zat aromatik kang ngangetaké, duwé sipat antisèptik, lan uga ngundhakaké gairah seks.[8]

Karo sipat antisèptiké, sirih asring minangka marikaké borok ing sikil amarga ngandhut styptic kanggo nahan pendarahan lan vulnerary, kang marikaké borok ing kulit (mariaké kulit utawa sikil kaki).[8] Juga bisa dikunyah untuk memperbaiki suara penyanyi.[8]

Pemuliaan

[besut | besut sumber]

Lumrahé suruh uripé mrambat munggah ana ing wit-witan liya, lan uga nukulake golor kang mrambat ing lemah lan sabanjuré ngoyot ing papan liya kanggo nyebarake thukulan. Kaanan mangkono ndadèkaké godhong suruh angèl dipethik saka wite amarga papané dhuwur. Pramula, Institut Pertanian Bogor nganakaké panalitèn ngreka tuwuhan suruh supayane bisa tuwuh dadi dhapuran kang tanpa mrambat lan golore sethithik. Ing karang padésan, suruh mangkene karan suruh (I)PB. (sumber?)

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h Muhlisah, Fauziah. 2001. Taman Obat Kulawarga. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal 74-76. ISBN 979-489-308-0
  2. a b c d e f g h i j [Mursito, B. dan Heru P. 2002. "Tanaman Hias Berkhasiat Obat", halaman 59-60. Jakarta. Penebar Swadaya]
  3. "Iptek.net". Diarsip saka sing asli ing 2010-09-08. Dibukak ing 2011-02-27.
  4. a b c [1][pranala mati permanèn]
  5. a b Dalimarta, Setiawan. 2001. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal 70 ISBN 979-489-560-1
  6. a b c d [Sudarmo, S. 2005. "Pestisida Nabati, Pembuatan dan Pemanfaatannya", halaman 20. Yogyakarta. Penerbit: Kanisius]
  7. Lembaga Penelitian Pengembangan dan Pemberdayaan Lingkungan. 2000. Pemanfaatan Tumbuh-Tumbuhan Alami untuk Keséhatan dan Pengobatan Alternatif. Jawa Tengah: Jaya Madani. Hal 17
  8. a b c d e "dipun unduh tanggal 14 April 2011". Diarsip saka sing asli ing 16 July 2011. Dibukak ing 29 May 2012.