Pestisida

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Sawatara jinis pestisida kimia

Pestisida utawa pembasmi hama ya iku bahan kang minangka ngendhalèkaké, nulak, narik kawigatèn, utawa mbasmi organisme pengganggu.[1] Tembung pestidida asalé saka pest ( "hama") kang diwènèhi tembung -cide ("pembasmi").[1] Sasarané manéka warna, kaya ta srangga, tikus, gulma, manuk, mamalia, iwak, utawa mikroba kang dianggep ngganggu.[1] Padatan pestisida asipat racun, saéngga ing padinan pestisida asring diarani racun.[1]

Jinis[besut | besut sumber]

Miturut sasarané[besut | besut sumber]

Miturut sasarané (organisme penggangguné), pestisida diklompokaké dadi sawatara jinis, ya iku:

  1. Insektisida, kanggo ngendhalèkaké srangga
  2. Fungisida, kanggo ngendhalèkaké lelara tetanduran amarga jamur.
  3. Herbisida, kanggo ngendhalèkaké gulma
  4. Akarisida, kanggo ngendhalèkaké akarina (tungau utawa mites utawa tuma)
  5. Molukisida, kanggo ngendhalèkaké hama saka bangsané bekicot (molusca)
  6. Rodentisida, kanggo ngendhalèkaké tikus
  7. Namatisida, kanggo ngendhalèkaké nematoda
  8. Bakterisida, kanggo ngendhalèkaké lelara tetanduran amarga baktèri
  9. Algasida, kanggo ngendhalèkaké ganggang (algae)
  10. Pilkisida, kanggo ngendhalèkaké iwak gabus
  11. Avisida, kanggo ngracuni manuk perusak kasil pertanian
  12. Repelen, pestisida kang ora asipat matèni, mung nudung hama
  13. Atraktan, minangka narik kawigatèn srangga
  14. ZPT, minangka ngatur pertumbuhan tetanduran kang bisa macu pertumbuhan
  15. Plant Activator, minangka ngrangsang tuwuhé kekebalan tetanduran, saéngga tahan lelara tartamtu.

Miturut sipaté[besut | besut sumber]

Miturut sipat, pestisida diklompokaké dadi telung jinis,[2] ya iku:

  1. Wujud padhet
  2. Wujud cair
  3. Wujud keluk (aerosol)
  4. Wujud gas (fumigan)

Miturut cara kerja[besut | besut sumber]

  1. Racun kontak, bisa matèni sasaran yèn ngenani kulit sasarané[2]
  2. Racun perut, bisa matèni sasaran yèn pestisida kepangan sasarané[2]
  3. Fumigan, ya iku senyawa kimia kang bisa matèni sasaran liwat saluran ambegan[2]
  4. Racun sistemik, ya iku pestisida kang didisep tetanduran, nanging ora nggawé tuna tetanduran. Srangga kang mangan tanduran iku bisa mati ing bates wektu tartamtu.[2]

Miturut struktur kimia[besut | besut sumber]

  1. Organoklorin
  2. Organofosfat
  3. Carbamat
  4. Piretroid

Pengendalian pestisida[besut | besut sumber]

Pestisida kang minangka ngundhakaké kasil pertanian bisa nyebar lan nregeti panggonan liya.[3] Yèn iki kadadèn, pestisida bisa ngracuni iwak lan ngrusak ékologi lingkungan.[3] Pestisida bisa uga ngracuni makluk urip. Konsentrasi pestisida ing makluk urip bisa matikel-tikel amarga manéka warna kagiyatan.[3]

Mula, panggunaan pestisida prelu dikendhalèkaké kanggo ngindari masalah keracunan utawa prekara kang ora dikarepaké.[3] Nggunakaké pestisida kudu ngetutaké pituduh kang bener.[3] Sawayara prekawis kang kudu digatèkaké nalika nggunakaké pestisida, ya iku:

  • Mangertèni janis hama utawa lelara tanduran kang arep dibasmi.[3]
  • Mangertèni kaluwihan lan kekurangan saben pestisida kang dipilih.[3]
  • Ngetutaké aturan nggunakaké pestisida kang dipilih lan mesthèkaké yèn panggunaan pestisida mau ora nggawé rugi lingkungan ing saubengé.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Pestisida(diundhuh 30 Januari 2013)
  2. ^ a b c d e Jinis Pestisida(diundhuh 30 Januari 2013)
  3. ^ a b c d e f g h macam-macam pestisida(diundhuh 30 januari 2013)