Antisèptik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Larutan antisèptik iodin kang dioleskan ing tatu.

Antisèptik utawa germisida ya iku senyawa kimia kang minangka matèni utawa nyegati uripé mikroorganisme ing jaringan kang urip kaya ing lumahing kulit lan membran mukosa.[1][2] Antiseptik béda karo antibiotik lan disinfektan, ya iku antibiotik kang minangka matèni mikroorganisme ing awak, lan disinfektan kang minangka matèni mikroorganisme ing benda mati.[2] Iki disebake antisèptik luwih aman diaplikasikan ing jaringan [awak], tinimbang disinfektan.[3] Panggunaan disinfektan luwih ditujokake marang benda mati, tuladane wastafel utawa meja.[3] Nanging, antisèptik kang kuwat lan bisa ngiritasekake jaringan manawa bisa dialihfungsingake dadi disinfèktan tuladhané ya iku fenol kang bisa digunakaké minangka antisèptik lan disinfektan.[3][4] Panggunan antisèptik direkomendasikake banget etika nalika epidemi lelara amarga bisa gawé suwé panyebaran lelara.[5]

Efektivitas[besut | besut sumber]

Efektivitas antisèptik nalika matèni mikroorganisme manut marang pirang-pirang faktor, tuladhané konsèntrasi lan suwéné ngandarake.[6] Konsentrasi ngusadani adsorpsi utawa penyerapan komponèn antisèptik.[7] Ing konsèntrasi cendhak, pirang-pirang antisèptik ngalangi fungsi biokimia membran bakteri, nanging ora bakal matèni bakteri mau.[7] Nalika konsèntrasi antisèptik mau dhuwur, komponèn antisèptik bakal menetrasi ing sèl lan ngganggu fungsi normal seluler kanthi amba, kalebu ngalangi biosintesis(gawé) makromolekul lan persipitasi protein intraseluler lan asam nukleat (DNA utawa RNA).[7] Suwene paparan antisèptik karo akèhé karusakan ing sèl mikroorganisme berbanding lurus.[7]

Jinis-jinis[besut | besut sumber]

Mekanisme kerja antisèptik tumrap mikroorganisme béda - béda , tuladhané kanthi ndehidrasi (nggaringake) bakteri, ngoksidasi sèl bakteri, ngkoagulasi (nggumpalake) cuwèran ing kiwa-tengené bakteri, utawa ngracuni sèl bakteri.[4] Pirang-pirang contoh antisèptik ing antarané ya iku hydrogen peroksida, uyah merkuri, boric acid, lan triclosan.[3][4][7]

Hidrogen peroksida[besut | besut sumber]

Hidrogen peroksida (H2O2) ya iku agen oksidasi, minangka antisèptik kuwat nanging ora ngiritasi jaringan urip.[3][4] Senyawa iki bisa diaplikasekake minangka antisèptik ing membrane mukosa.[4] Kelemahan saka zat iki ya iku kudu tansah dijaga kondisine amarga zat iki gampang ngalami karusakan nalika kelangan oksigen.[4]

Uyah merkuri[besut | besut sumber]

Senyawa iki ya iku antisèptik kang paling kuwat. Merkuri klorida (HgCl) bisa minangka ngumbah tangan kanthi perbandingan banyu 1:1000.[4]. Senyawa iki bisa matèni kabèh jinis bakteri ing pirang-pirang menit.[4]. Kelemahan saka senyawa iki ya iku kemungkinan besar bisa ngiritasi jaringan amarga daya kerja antimikrobane kang kuwat banget.[4].

Asam Borat[besut | besut sumber]

Asam Borat minangka antisèptik lemah, ora ngiritasi jaringan.[4] Zat iki bisa digunakaké kanthi optimum nalika dilarutake ing banyu kanthi perbandingan 1:20.[4]

Triclosan[besut | besut sumber]

struktur kimia triclosan

Triclosan ya iku antisèptik kang èfèktif lan misuwur, biyasané ana ing sabun, obat kemu, deodoran, lan liya-liyané.[7] Triclosan duwé daya antimikroba kanthi spektrum amba (bisa nglawan pirang-pirang macem bakteri) lan duwé sipat toksisitas minim.[7] Mekanisme kerja triclosan ya iku kanthi ngalangi biosintesis lipid mula membran mikroba kelangan kekuwatan lan fungsine.[7]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Levinson W. 2008. Review of Medical Microbiology & Imunology, Tenth Edition. New York: The McGraw-Hill Companies, Inc.
  2. ^ a b Madigan MT, Martinko JM, Brock TD. 2006. Brock Biology of Microorgnisms. New Jersey: Pearson Prentice Hall.
  3. ^ a b c d e Jain M. 2004. Competition Science Vision. India: Pratiyogita Darpan.
  4. ^ a b c d e f g h i j k Havard CMH. 1990. Black’s Medical Dictionary 36th Edition. USA: Barnes & Noble Books.
  5. ^ [KSBH] Kansas State Board of Health. 2008. Annual Report of The State Board of Health of The State of Kansas. USA: BiblioBazaar LLC.
  6. ^ Block SS. 2001. Disinfection, Sterilization, and Preservation 5th Edition. USA: Lippincott Williams & Wilkins.
  7. ^ a b c d e f g h Franklin TJ, Snow GA. 2005. Biochemistry and Molecular Biology of Antimicrobial Drug Action 6th Edition. New York: Springer Science & Business Media Inc.