Sésilia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Sesilia)
Gymnophiona
Kalamangsa: 170–0 Ma
Jurasik ngisor – saiki[1]
Syphonops annulatus.jpg
Sesilia
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Amphibia
Ordho: Gymnophiona
Müller, 1832
Familia
Rhinatrematidae
Ichthyophiidae
Uraeotyphlidae
Scolecomorphidae
Typhlonectidae

Caeciliidae

Distribution.gymnophiona.2.png

Sésilia, Gymnophiona, utawa Apoda ya iku ordho amfibia kang awaké kaya cacing gedhé utawa ula. Kéwan iki kalebu kéwan kang langka banget. kajaba amarga mung tinemu ing tlatah alas-alas kang isih apik, sesilia urip ing njero lemah sing mawur, ing sacedhaké kali utawa rawa, saéngga isih jarang banget tinemu déning manungsa. Ing basa Jawa, sesilia diarani ulo duwél.[2]

Anatomi[besut | besut sumber]

Sesilia ora duwé sikil babar blas, saéngga jinis sing cilik mèmper kaya caccing lan sing gedhé kang dawané 1,5 m kaya ula. Buntuté cendhak utawa malah ora ana lan kloakané cedhak ing pucuking awak.

Kulité lus awerna peteng ora mengkilap, nanging sawetara jinis ana kang warna-warni. Ing jero kulit ana sisik saka kalsit. Amarga sisik iki, sesilia tau dianggep sakaluwarga karo fosil Stegocephalia. Nanging saiki babgan iku dipracaya amarga ana perkembangan sekunder lan golongan loro iku ora mungkin sakulawarga.

Kulité uga nduwé akèh lapisan bantuké ali-ali, kang sapérangan nutupi awaké. Saéngga sesilia katon nduwé ros-ros. Kayata amfibia liyané, ing kulité ana kelenjar kang nyekresi racun kanggo nundhung pemangsa.[1] Sekresi kulit Siphonops paulensis wis dituduhaké duwé sipat hemolisis.[3]

Anatomi sesilia bisa adhaptasi ing panguripan ing lemah. Tengkoraké kuwat kanthi moncong kang lancip kanggo ngesuk dalan lumantar lemah utawa lendhut. Ing akèh spésies, gunggungé balung ing cumplung kereduksi lan nyawiji bareng, lambéné ana ing pérangan ngisor sirah. Ototé keadaptasi kanggo ngesuk dalan lumantar lemah, kanthi rangksa lan otot kang minangka piston ing jero kulit lan otot njaba. Babagan bisa waé ndadèkaké kwéan iki nambataké pucuk mburiné ing panggonan, lan ngesuk sirah tumuju ngarep, banjur narik pérangan awak liyané kanggo tekan ing gelombang. Ing banyu utawa lendhut sing cuwèr banget, sesilia nglangi kaya welut.[1] Sesilia famili Typhlonectidae hidup di air dan juga sesili terbesar. Wakil famili ini punya sirip berdaging di sepanjang pérangan belakang tubuhnya, yang menambah kemampuan mendorong di air.[4]

Kabèh sesilia, kajaba sing paling primitif, nduwé perangkat otot loro kanggo nutup rahang kang ana ing vertebrata liya ana sepasang. babagan iki luwih ngrembaka manèh ing sesilia kang manggon ing lemah efisien lan manawa mbantu cumplung lan rahangé tetep kaku.[1]

Amarga urip ing ngisor lemah, mripat sesilia ukurané cilik lan ditutupi kulit kang ngayomi ing endi babagan iki nggawé salah pangertèn bilih sesilia iku wuta. prekara iki ora mesthi bener, sandyan pandelengé kebates mung ing antarané mripat lan bolongan irung. Tentakel iki bisa minangka kemampuan ngambu sing kapindho, kajaba indera normal ing irungé.[1]

Kajaba spesie kang ora nduwé paru-paru Atretochoana eiselti kang mung dimangertèni saka spésimèn loro kang diklumpukaké ing Amérika Kidul, kabèh sesilia nduwé paru-paru nanging uga nggunakaké kulit lan lambéné kanggo nyerep oksigen. Paru-paru kiwa luwih cilik tinimbang paru-paru sisih tengen, babagan iki amarga salah sawijining adhaptasi wujud awak kang uga tinemu ing ula.

Panyebaran[besut | besut sumber]

Sesilia tinemu ing akh wewengkon tropis ing Asia Tenggara, Afrika, lan Kepuloan Seychelles, lan Amérika Kidul kajaba ing tlatah garing lan pagunungan dhuwur. Ing Amérika Kidul panyebaran sesilia uga tambah amba ing tlatah sejuk ing sisih lor Argentina. Sesilia bisa tinemu menyang kidul ngantu tekan Buenos Aires, saiki sesilia kagawa banjir Kali Parana adoh ing sisih lor. Ora ana studi babagan sesilia ing Afrika Tengah, nangiing sesilia manawa bisa ana ing las tropis ing kana. Sebaran paling lor ya iku spésies Ichthyophis sikkimensis ing India Lor. Ing Afrika, sesilia tinemu saka Guinea Bissau (Geotrypetes) nganti Zambia lor (Scolecomorphus). Ing Asia Tenggara, panyebaran sesilia ora nyebrangi garis Wallace, sesilia uga ora tinemu ing Australis utawa pulo-pulo ing tlatah mau. Ichthyophis uga tinemu ing Cina Kidul lan Vietnam lor. Sesilia uga tinemu ing Selandia Baru. [5].

Miturut Djoko T. Iskandar ing bukuné Amfibi Jawa dan Bali (1998), sesilia tinemu ing Indonesia kagolong kalebu ing rong génus, ya iku génus Caudacaecilia kang nyebar ing kalimantan lan Sumatera, lan génus Ichthyophis kang tinemu ing Kalimantan, Sumatera, lan jawa.[6]

Réprodhuksi[besut | besut sumber]

Perawatan ibu Ichthyophis

Sesilia ya iku siji-sijiné ordho amfibi kang pembuahané internal. Sesilia lanang duwé organ kaya penis, diarani phallodeum kang dilebokaké ing kolaka wadon suwéné 2 nganti 3 jam. Watara 25% spésies sesilia ovipar (ngnedhog), endhogé iku dijaga déning sing wadon. Ing sawetara spésies, sesilia wis ngalami metamorfosis nalika netes, sing liyané netes dadi larva. Larvané ora kabèh bisa urip ung banyu, nanging ngentèkaké wektuné ing lemah cedhak banyu.[1]

75% spésies vivipar, kang tegesé nglairaké anak kang wis berkembang. Janin diwènèhi panganan ing jero awak wadon saka sèl-sèl oviduk, kang dipangan nganggo untu kang mliginé kanggo nyepeng.

Spesies Boulengerula taitanus kang ngedhog mènèhi panganan anaké kanthi ngembangaké lapisan njaba kulit kang kaya lemak lan nutrisi kang dikuliti anaké nganggo untu kang padha. Babagan iki bisa waé ndadèkaké sesilia tuwuh tikel sepuluh boboté ing wektu seminggu. Kulit iku dipangan saben telung dina, wektu kang diprelokaké lapisan anyar kanggo thukul, lan anak iku dimati namung mangan ing wayah bengi. Biyèn anak enom iku dianggep urip saka cuwèran sekresi saka ibuné.[7]

Sawetara larva kaya larva Typhlonectes, lair kanthi insang njaba kang gedhé kang amèh coplok. Ichthyophis ngendhog lan dimangertèni nuduhaké sipat ngrumati anak kanthi ibuné kang njaga endhog-endhogé nganti netes.

Habitat lan Panganan[besut | besut sumber]

Sesilia seneng panggonan-panggonan kang teles lan anyep. Pinggir-pinggir kali utawa peceren, ing ngisoré tumpukan watu, kayu, utwa serasah kang katumpuk-tumpuk, ing cedhak kolam utawa rawa. Panganan sesilia ora patia dimangertèni, sanadyan katon kawangun saka srangga lan invertebrata kang tinemu ing saben habitat. isi weteng 14 spesium Afrocaecilia taitana kawangun saka bahan organik lan tetanduran kang ora bisa ditemtokaké, Ing endi-endi sisa-sisa kang bisa dikenali paling akèh kang paling akèh tinemu ya iku sirah rayap.[8] Sanadyan diprakirakaké bilih bahan organik ora mesthi iku nuduhaké bilih sesilia mangan detritus, ya iku sisa-sisané cacing lemah.

Panganané arupa srangga, cacing lan ula kawat (Typhlops). Ing jero tangkaran, sesilia gelem mangan laler kang dipatèni utawa dilumpuhaké lan dikepyuraké ing jero kandhangé.

Jeneng[besut | besut sumber]

Jeneng sesilia asalé saka basa Latin caecus = buta, ngrujuk ing mripaté kang cilik utawa ora ana. Jeneng iku asalé saka jeneng taksonomis saka spésies sepisanan kang didhèskripsikaké Carolus Linnaeus kang banjur dijenengi Caecilia tentaculata. Jeneng taksonomis ordho iki asalé saka basa Yunani γυμνος (gymnos, telanjang) lan οφις (ophis, ula), amarga wiwitané sesilia dianggep sakulawarga karo ula.

Taksonomi[besut | besut sumber]

Sesilia saka kebon binatang San Antonio

Miturut taksonomis sesilia dipérang dadi 6 familia. cacah spésies rata-rata siji spésimèn. Mahè mesthi bilih ora kabèh spésies wis bisa didhèskripsikaké lan bilih sawetara spésies kang didhèskripsiké ing ngisor iki minangka spésies kang béda nalika dipadhakaké dadi siji spésies pengklasifikasian ulang mengko.

Saka telung jinis kang wis tau dilapuraké saka jawa, ya iku Ichthyophis hypocyaneus Boie (1827), I. javanicus Taylor (1960) dan I. bernisi Salvador (1975), Iskandar (1998) nyebutaké bilih mung I. hypocyaneus kang ngyakinaké, lan dianggep siji-sijiné jinis sesilia ing Jawa.

Evolusi[besut | besut sumber]

Sithik kang dimangertèni babagan sujarah evolusi sesilia, sing amèh ora ninggal cathetan fosil. kang diprakirakaké saka sithik fosil iku ya iku bilih fosil-fosil iku mung sithik kang malih yutanan taun suwéné. Fosil kang paling dhisik dimangertèni asalé saka periode Jurasik. Genus primitif iki, Eocaecilia, duwé sikil cilik lan mripat kang berkembang apik.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f Nussbaum, Ronald A. (1998). Cogger, H.G. & Zweifel, R.G., ed. Encyclopedia of Reptiles and Amphibians. San Diego: Academic Press. kk. 52–59. ISBN 0-12-178560-2. 
  2. ^ "Kompas: Banyak 'Ulo Duwel' Belum Teridentifikasi". 
  3. ^ Elisabeth N. Ferroni Schwartz, Carlos A. Schwartz, Antonio Sebben (1998). "Occurrence of hemolytic activity in the skin secretion of the caecilian Siphonops paulensis". Natural Toxins 6 (5): 179–182. doi:10.1002/(SICI)1522-7189(199809/10)6:5<179::AID-NT20>3.0.CO;2-M. 
  4. ^ Piper, Ross (2007), Extraordinary Animals: An Encyclopedia of Curious and Unusual Animals, Greenwood Press.
  5. ^ Disebutkan dalam "The impacts of mice (Mus musculus) and their control using brodifacoum, on the recovery of small lizard populations" http://www.massey.ac.nz/~dhbrunto/ppl/WeddingC/Wedding_MscThesis.pdf
  6. ^ Iskandar, Djoko T; Martodihardjo, Pranowo; Kartikasari, Sri Nurani (1998). Amfibi Jawa dan Bali. Bogor, Indonesia: Puslitbang Biologi-LIPI. ISBN 9795790153.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)
  7. ^ Kupfer, Alex;Muller, Hendrik;Antoniazzi, Marta M.;Jared, Carlos;Greven, Hartmut; Nussbaum, Ronald A.;Wilkinson, Mark (2006). "Parental investment by skin feeding in a caecilian amphibian". Nature. 440issue=7086: 926–929. doi:10.1038/nature04403. 
  8. ^ Hebrard, J.J.; G.M.O. Maloiy, D.M.I. Al-Liangana (1992). "Notes on the habitat and diet of Afrocaecilia taitana". J. Herpetol. 26: 513–515. doi:10.2307/1565136.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)