Menyawak komodho

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Biawak komodo)
Menyawak komodho
KomodoDragon-SingaporeZoo-20080625.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Reptilia
Ordho: Squamata
Subordho: Lacertilia
Famili: Varanidae
Génus: Varanus
Subgénus: V. (Varanus)
Spésies: V. komodoensis
Jeneng binomial
Varanus komodoensis
Ouwens, 1912
Komodo dragon distribution.gif
Distribusi komodo

Komodho utawa menyawak komodho (Varanus komodoensis) ya iku spésies kadal gedhé dhéwé sadonya kang urip ing pulo Komodo, Rinca, Flores, Gili Motang, lan Gili Dasami ing Nusa Tenggara.Biawak gedhé iki saka pendhudhuk asli Pulo Komodo mau déning sesebutan ora.

Komodo kagolong ing kulawarga biawak Varanidae, lan klad Toxicofera,kadhal kang gedhé dhéwé sadonya kanthi rata-rata duwé dawa awak minangka 2 m nganti 3 mèter. Wujud komodo kang duwé bleger awak kang gedhé minangka gejala gigantisme pulo, ya iku kahanan kang ana ing alam ngawé awak komodo dadi gedhé kaya kéwan raksasa kang urip ana ing pulo.Minangka panguwahan kang ana ing wujud awak komodo kéwan-kéwan tartumtu kang urip ing pulo ndhadekake ora pinuwuhé kayat kéwan mamalia karnivora ing pulo kang komodo urip uga nyebabaké metabolisme komodo kang urip sancaya cilik utawa bebayan/langka.[1][2] Karena besar tubuhnya, kadal ini menduduki posisi predator puncak yang mendominasi ékosistem tempatnya hidup.[3]

Komodo tinemu déning peneliti saka manca kulon taun 1910. Awake kang gedhé lan ketok medeni nggawe Komodo misuwur ing kebon binatang. Habitat Komodo ing alam wis samsaya entek amarga polahe manungsa. Kahanan kaya ngono IUCN ndadèkaké Komodo dadi spésies kang arep cures. Biawak gedhé iki saiki dilindungi praturan pamarintah Indonésia lan Taman Nasional, ya iku Taman Nasional Komodo.

Anatomi lan Morfologi[besut | besut sumber]

Kulit komodo.

Ing alam bébas Komodo bisa duwé bobot kurang luwih nganti 70 kg [4]. Kahanan mangkono bisa katingkatake minangka komodo urip ana ing penangkaran/pangopenan. Spesies kang gedhé dhéwé kang naa ing alam alasan ya iku duwé dawa 3.13 mèter uga bobot kurang luwih 166 kilogram kang kaetung minangka panganan kang ana ing weteng [5] Komodo kacathat minangka kadhal kang pali gedhé kang urip ing donya. Kéwan kulawarga reptil kang misuwur kejaba komodo ya iku biawak Papua (Varanus salvadorii).[6] Komodo duwé buntut kang dawa déning awaké uga kulang luwih 60 wiji untu kang lancip uga dawa kurang luwih 2.5 cm.[7].

Anatomi dan morfologi[besut | besut sumber]

Idu komodo kang asring cecampuran getih amarga untuné duwé lapisan jaringan gingiva uga jaringan kang ana bisa kacokot wektu mangan.[8] Kahanan mangkono nyipta lingkungan partumbuhan kang ideal kanggo baktèri bisa mati ing cangkem komodo.[9] Komodo duwé ilat kang dawa, warna kuning lan ngepang cabang.[5] Komodo lanang bisa didicireni ing wujud awak kang gedhé tinimbang komodo wadon,Werna kulit komodo kang aneka warna, bisa digolongake utawa dibedakake minangka jinis lanang utawa wadon.Werna kulit klawu mateng ngathi abang bata. Semanauga komodo wadon duwé warna ijo wong zaitun lan duwé warna kuning kang ana ing gorokan utawa kalamenjeng. Komodo kang isih enom duwé warna kuning,ijo lan putih kang didasari warna ireng

Fisiologi[besut | besut sumber]

Komodo kang dhèdhè.

Komodo ora duwé indera pangkugron,sanajan duwé bolongan kuping.[10] Kéwan siji iki duwé kaunggula bisa deleng nganti 300 m.Nanging komodo duwé kakurangan ya iku ora bisa ndeleng ing wektu mbengi amarga retina kang diduwèni komodo kapengkar saka sèl krucut. Komodo bisa mbedakake warna minangka ing wujud kang mlaku (obah) lan warna ing wujud kang ora mlaku kang ora jelas.[11] Komodo migunkake ilat kanggo ngambu/ngerasakake stimuli, kaya ta reptil liyané, migunakaké indera vomeronasal mumpangatake organ Jacobson, salah siji kaahlian kang bisa biyantu mlaku ing wayah peteng utawa mbeng.[12] Déning anané biyantu angin lan kabiasaan ngelengake ndhasé ing kiwa lan tengen sajeroning malaku, bisa ngerasakake daging batang ing jarak 4—9.5 kilomèter.[8] Bolongan irung kang duwé mupangat kanggo piranti pangambungan/ pangambusan amarga komodo ora duwé piranti pangambungan kang luwih apik. diafragma.[13] Hewan ini tidak memiliki indra perasa di lidahnya, hanya ada sedikit ujung-ujung saraf perasa di pérangan belakang tenggorokan.[12]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Chris Mattison, (1989 & 1992). Lizards of the World (Of the World). New York: Facts on File. kk. pp. 16, 57, 99, 175. ISBN 0-8160-5716-8.  Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)
  2. ^ Burness G, Diamond J, Flannery T (2001). "Dinosaurs, dragons, and dwarfs: the evolution of maximal body size". Proc Natl Acad Sci U S A 98 (25): 14518–23. PMID 11724953. 
  3. ^ Tim Halliday (Editor), Kraig Adler (Editor). Firefly Encyclopedia of Reptiles and Amphibians. Hove: Firefly Books Ltd. kk. 112, 113, 144, 147, 168, 169. ISBN 1-55297-613-0. 
  4. ^ Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng animal
  5. ^ a b Ciofi, Claudia. The Komodo Dragon. Scientific American, March 1999. URL diakses padha 21 Dhésèmber 2006
  6. ^ "Komodo Dragon-An Information Resource-Fact Sheet". Dijupuk 2008-03-13. 
  7. ^ Whozoo Komodo Dragon URL accessed December 21, 2006.
  8. ^ a b Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng location
  9. ^ Komodo Dragon URL accessed December 21, 2006.
  10. ^ "BBC-Science & Nature-Articles-The Komodo conundrum". Diarsip saka sing asli ing 2012-12-23. Dijupuk 2007-11-25. 
  11. ^ "Komodo Dragon Fact Sheet-National Zoo". Dijupuk 2007-11-25.  Tèks " FONZ " dikiwakaké (pitulung)
  12. ^ a b Komodo Dragon - Background URL accessed April 13, 2007
  13. ^ Zipcodezoo.com - Varanus komodoensis URL accessed February 1, 2007.