Ibu Teresa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Ibu Teresa

Ibu Teresa saka Calcuta (lair ing Üsküb,Kerajaan Ottoman, 27 Agustus 1910 – tilar donya ing Calcuta,India, 5 September 1997 kanthi umur87 taun) kuwi biarawati Katulik sing misuwur lan kontrovèrsial ing donya amarga kawigatèné marang wong ora duwé[1]. Dhèwèké diwènèhi Bebungah Templeton taun 1973, Bebungah Perdamaian Nobel taun 1979 lan bebungah paling dhuwur warga sipil India, Bharat Ratna taun 1980[1]. Dhèwèké didadèkaké Warga Negara Kinurmatan Amérika Sarékat taun 1996 (siji saka enem). Dhèwèké diberkahi déning Paus Yohanes Paulus II ing Oktober 2003, lan merga itu dhèwèké diceluk Teresa Binerkahan[2].

Awal urip lan karir[sunting | sunting sumber]

Teresa lair kanthi jeneng Agnes Gonxha Bojaxhiu ing Üsküb ing negara sing saiki dijenengi Republik Kosovo. Bapaké bakul kang suksès[1]. Wong tuwané nduwèni anak telu, Agnes kuwi sing paling nom. Wong tuwané Nikollë (Kolë) lan Dranafile Bojaxhiu, asalé saka kutha Prizren ing kidul Kosovo. Oritas populasi ing Makedonia yaiku Ortodoks Makedonia[2].

Sithik banget sing bisa dingertèni saka dhèwèké kejaba saka tulisané dhéwé. Dhèwèké wiwit duwé celukan kanggo nulungi wong ora duwé nalika umur 12 taun banjur latihan dhéwé ana ing kerja misi ing India. Dhèwèké klebu anggota mudhika ing paroki kana kang dijenengi Sodality[2]. Nalika 18 taun, Vatikan ngolèhaké Teresa ninggalaké Skopje lan nggabung karo Kasusteran Loreto, komunitas biarawati Irlandia ing Rathfarnham kanthi misi ing Kolkata[2].

Dhèwèké milih Kasusteran Loreto amarga misiné yaiku nyedhiyani pendhidhikan kanggo bocah wadon. Sakwisé pelatihan ing Institut "Blessed Virgin Mary" ing Dublin dhèwèké dikirim menyang Darjeeling ing India dadi suster novisiat[3]. Taun 1931 dhèwèké nglakoni kaulé sing kaping pisan kanthi jeneng Suster Maria Teresa kanggo pakurmatan Teresa Avila lan Thérèse de Lisieux[3]. Dhèwèké njupuk kaulé sing pungkasan ing sasi Mei 1973, lan olèh gelar kaagamaan Ibu Teresa[3].

Saka taun 1930 tekan 1948 Ibu Teresa mulang géografi lan katekisme ing SMA St. Mary ing Kolkata, dadi kepala sekolah taun 1944[4]. September 1946, saka kepinginané dhéwé, dhèwèké nrima celukan saka Gusti kanggo nglayani Gusti antarané sing mlarat saka sing mlarat[4].

Taun 1948 dhèwèké olèh ijin saka Paus Pius XII, kanggo ninggalaké komunitasé lan urip dadi suster mardika[4]. Dhèwèké metu saka SMA lan sakwisé pendhidhikan cekak karo "Medical Mission Sisters" ing Patna, dhèwèké bali ing Kolkata lan ngadekaké "Little Sisters of the Poor" ing perkampungan Moti Jihl, Kalkuta[4].

Oktober 1950, Teresa diijinaké déning Vatikan kanggo miwiti ordoné dhéwé. Vatikan awalé njenengi "Diocesan Congregation of the Calcutta Diocese", nanging banjur malih dadi Missionaries of Charity sing misiné mènèhi kawigatèn kanggo "si ngelih , si wudoh, si gelandhangan, si pincang, si wuta, si lepra lan kabèh wong sing ngrasa ora disenengi, ora dikarepaké, ora digatèkaké karo masarakat, wong sing wis dadi rengga kanggo masarakat lan ditolak kabèh wong"[4]. Déning bantuan saka pejabat India dhèwèké ngrubah kuil Hindhu sing wis ditinggalaké dadi Kalighat Home for the Dying,'rumah sakit cilik' ("hospis") kanggo si mlarat. Ora suwé sakwisé dhèwèké mbangun hospis, dhèwèké mbangun hospice liyané Nirmal Hriday (Ati Murni), omah lepra kang dijenengi Shanti Nagar (Kutha Katentreman), lan panti asuhan, lan ing taun 1960-an wis gawé hospice, panti asuhan lan omah lepra akèh[5].

Taun 1965 karo mènèhi Decree of Praise, Paus Paulus VI ngidinaké panjaluké Ibu Teresa kanggo ngrembakakaké ordoné ing manca negara[5]. Ordo Teresa wiwit mundhak akèh lan omah-omah anyar dibukak ing donya. Omah ordo sing dibangun ing njaba India didegaké ing Venezuela banjur Roma lan Tanzania, banjur ing negara-negara Asia, Afrika, lan Éropah[5].

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ibu_Teresa&oldid=837144"