Tenzin Gyatso
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Tenzin Gyatso (basa Tibet: བསྟན་འཛིན་རྒྱ་མཚོ་, Bstan 'dzin Rgya mtsho) (lair ing Amdo, Tibet, 6 Juli 1935; umur 77 taun) iku Dalai Lama sing ka-14. Anak kalima saka sanga sasedulur kulawarga petani iki dinyatakaké minangka tulku (reinkarnasi) Dalai Lama ka-13 ing yuswa telung taun. Ing tanggal 17 November 1950, panjenengané munggah takhta minangka kepala negara Tibet nalika dhaérah iku isih dikuwasani déning pasukan Republik Rakyat Cina. Sawisé kakalahan gerakan perlawanan Tibet taun 1959, Tenzin Gyatso ngungsi menyang India lan ngadegaké pamaréntah Tibet ing pengasingan.
Tenzin Gyatso minangka Dalai Lama pisanan sing ngrawuhi Donya Kulon. Taun 1989, panjenengané nampa Bebungah Nobel Perdamaian.
Pranala jaba [sunting]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
- (en) Situs resmi
| Didhisiki déning: Thubten Gyatso |
Dalai Lama 1950– |
Diganti déning: masih menjabat |
| Didhisiki déning: Pasukan Penjaga Perdamaian PBB |
Bebungah Nobel Perdamaian 1989 |
Diganti déning: Mikhail Gorbachev |