Jimmy Carter
| James Earl Carter, Jr | |
|
Presiden Amerika Serikat ka-39
|
|
| Masa jabatan 20 Januari 1977 – 20 Januari 1981 |
|
| Wakil Presiden | Walter Mondale |
|---|---|
| Sadurungé | Gerald Ford |
| Pengganti | Ronald Reagan |
|
Gubernur Georgia ke-76
|
|
| Masa jabatan 12 Januari 1971 – 14 Januari 1975 |
|
| Sadurungé | Lester Maddox |
| Pengganti | George Busbee |
|
|
|
| Lahir | 1 Oktober 1924 (umur 88) Plains, Georgia |
| Partai politik | Demokrat |
| Suami/Istri | Rosalynn Smith Carter |
| Anak | John William Carter James Earl Carter III Donnel Jeffrey Carter Amy Lynn Carter |
| Almamater | United States Naval Academy Georgia Southwestern College Georgia Tech |
| Profesi | Petani (kacang) Perwira |
| Agama | Baptis |
| Tanda tangan | |
James Earl Carter, Jr. lair ing Plains, Georgia, utawi asring dipunsebat kanthi asma Jimmy Carter inggih menika Presiden Amerika Serikat kaping-39 (1977 - 1981) lan nate pikantuk kanugrahan Nobel Pardamean ing taun 2002. Saderengipun dados presiden, Carter nglenggahi jabatan minangka Senat Georgia lan Gubernur Georgia ingkang kaping-76 (1971 - 1975).[1]
Ing taun 1976, Carter dipunnominasikaken minangka kandidat "kuda hitam" dening Demokrat dados gantosipun presiden Gerald Ford ing pemilu presiden Amerika Serikat taun 1976.[1]
Salah satyunggalipun prastawa ingkang kontroversial nalika panjenenganipun dados presiden inggih menika warga Amerika Serikat cacahipun 450 dipunsandera ing Kadutaan Ageng Amerika Serikat ing Teheran, Iran.[1] Jimmy Carter nate pikantuk Nobel Perdamean ing taun 2002.[1]
Bab lan Paragraf |
Karier[2][sunting]
Sasampunipun sekolah satunggal taun ing Universitas Teknik Georgia, ing taun 1946, Jimmy Carter mbangun bale wisma kaliyan Rosalynn ingkang ugi asalipun saking Georgia.[2] Panjenenganipun kagungan sekawan putra, tigang jaler lan satunggal estri.[2] Setunggal taun sasampunipun lulus saking Akademi lajeng makarya ing dinas militer aktif ing armada kapal selam. Taun 1952, Jimmy Carter pikantuk tugas ing program kapal selam nuklir ingkang dipunpandhegani dening Laksamana hyman Rickover.[2] Sataun salajengipun, Carter nyinaoni fisika nuklir, wekdal menika panjenenganipun dipuncalonaken dados perwira mesin ingkang badhe dipuntugasi ing kapal selam nulkir Amerika ingkang kaping kalih.[2] Ananging taun 1953, wonten musibah ing kulawarganipun lan bapanipun Carter tilar donya.[2] Jimmy Carter kondur dhateng Georgia saperlu ngurus perusahaan kacang kagunganipun kulawarga Carter.[2]
Ing taun 1962, Carter wangsul malih dhateng karieripun. Wekdal menika rayinipun ingkang asmanipun Billy dados gantosipun minangka pangurus perusahaan kacang.[2] Jimmy Carter saged menangaken pamilihan senator negara bagian georgia.[2] Sasampunipun dados senat ing Georgia, Jimmy Carter lajeng ndherek nyalon dados Gubernur Georgia, ananging gagal piakntuk dhukungan saking partenipun. Ing taun 1970, Jimmy nyalon malih dados gubernur lan menang saengga saged lenggah minangka gubenur Georgia.[2]
taun 1976, Jimmy Carter nyalon dados presiden Amerika seriakat. Jimmy Carter menang nyalon presiden lan ngalahaken Presiden Gerald Ford.[2]
Masa kepresidenan[sunting]
| Sing mengku sadurungé: Lester Maddox |
Gubernur Georgia 1971 – 1975 |
Diganti déning: George Busbee |
| Sing mengku sadurungé: George McGovern |
Nominator Presiden Partai Demokrat 1976 (menang), [[Pemilu Presiden Amerika Serikat 1980|1980]] (kalah) |
Diganti déning: Walter Mondale |
| Sing mengku sadurungé: Gerald Ford |
Presiden Amerika Serikat 20 Januari 1977 – 20 Januari 1981 |
Diganti déning: Ronald Reagan |
| Sing mengku sadurungé: PBB Kofi Annan |
Pemenang Nobel Perdamaian 2002 |
Diganti déning: Shirin Ebadi |
| Sing mengku sadurungé: Gerald Ford |
Urutan protokoler Amerika Serikat Hingga tahun 2006 |
Diganti déning: George H. W. Bush |
Cathetan Suku[sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pranala Njawi[sunting]
(en) Jimmy Carter