Dwight D. Eisenhower
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 67 dinten 6 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
|
Dwight D. Eisenhower
|
|
|
|
|
| Mangsa jabatan 20 Januari 1953 – 20 Januari 1961 |
|
| Pejabat sadurungé | Harry S. Truman |
|---|---|
| Pengganti | John F. Kennedy |
|
|
|
| Lair | 14 Oktober 1890 Denison, Texas |
| Tilar donya | 28 Maret 1969 (umur 78) Washington, D.C. |
| Kabangsan | Amerika |
| Partai pulitik | Republik |
| Pasangan | Mamie Doud Eisenhower |
| Pegawéyan | Tentara |
| Agama | Presbiterian |
| Tapak asma | |
Dwight David Eisenhower, terlahir David Dwight Eisenhower (lair ing Denison, Texas, 14 Oktober 1890 – tilar donya ing Washington, D.C., 28 Maret 1969 kanthi yuswa 78 taun), utawa uga dikenal kanthi jeneng "Ike", tentara lan politikus Amerika. Panjenengané njabat Présidhèn Amérika Sarékat ka-34 (1953–1961).
Ing Perang Donya II, panjenengané Panglima paling dhuwur Sekutu ing Eropa kanthi pangkat Jenderal Angkatan Darat. Tanggal 3 Januari taun 1959, panjenengané ngresmekaké panetapan Alaska minangka negara bagian sing ka-49 sing minangka wilayah paling jembar ing Amerika. Eisenhower yaiku mung siji presidhèn sing pernah dines ing Perang Donya I utawa Perang Donya II.
Bab lan Paragraf |
Perjalanan karir [sunting]
Dwight D. Eisenhower dilahiraké ing Denison, negara bagian Texas, tanggal 14 Oktober 1890. Sadurungé dadi Présidhèn Amérika Sarékat ka-34, Dwight Eisenhower wes nduwe karir sing nengsemaké ing bidang kemiliteran. Panjenengané pinter banget nalika nglakokaké tugasé minangka anggota staf, lan panjenengané nglakokaké tugas ing ngisor telong Jenderal, ing antarane Jenderal Douglas McArthur.
Sawisé Jepang kalah Teluk Mutiara ing Hawaii, wulan Desember 1940. Kepala Staf Amerika Jendral George Marshall, ngangkat Dwight Eisenhower dadi Kepala Bagian Perencanaan Perang Staf Umum Departemen Perang Amerika, lan salanjute dadi Pembantu Kepala Staf. Ora suwé sawisé kuwi panjenengané munggah pangkat dadi Mayor Jenderal.
Ing November 1942 minangka Letnan Jenderal, Dwight Eisenhower mimpin pendaratan tentara sekutu ing Afrika Utara. Taun 1944 panjenengané diangkat dadi Panglima Tertinggi Pasukan Sekutu sing nyerang Perancis. Paprangan kuwi akhiré ngasilaké panyerahan Jerman ing 8 Mei 1945.
Mangsa Kapresidhenan [sunting]
Sawisé perang, Dwight Eisenhower katurut-turut dadi Kepala Staf Angkatan Darat Amerika, Presidhen Universitas Columbia ing New York, lan Panglima Tertinggi pasukan Pakta Pertahanan Atlantik Utara utawa NATO, ing Paris. Wektu kuwi, Partai Demokrat utawa Partai Republik mbujuk supaya gelem dadi calon Presidhèn. Akhiré panjenengané kapilih dadi Presidhèn kanthi beda suara sing akeh banget.
Referensi [sunting]
- Buku Presiden - Presiden Amerika Serikat, diterbitake dening Dinas Penerangan lan Kebudayaan Amerika Serikat, Jakarta (2003)
Pranala njaba [sunting]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |