Ulysses S. Grant
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 66 dinten 1396 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
|
Ulysses S. Grant
|
|
|
|
|
| Mangsa jabatan 4 Maret 1869 – 4 Maret 1877 |
|
| Pejabat sadurungé | Andrew Johnson |
|---|---|
| Pengganti | Rutherford B. Hayes |
|
|
|
| Lair | 27 April 1822 Point Pleasant, Ohio |
| Tilar donya | 23 Juli 1885 (umur 63) Mount McGregor, New York |
| Kabangsan | american |
| Partai pulitik | Republik |
| Pasangan | Julia Dent Grant |
| Pegawéyan | Tentara |
| Agama | Kristen Protestan-Methodis |
| Tapak asma | |
Ulysses S. Grant terlahir Hiram Ulysses Grant (lair ing Point Pleasant, Ohio, 27 April 1822 – tilar donya ing Mount McGregor, New York, 23 Juli 1885 kanthi yuswa 63 taun) yaiku salah sijining jenderal Amerika lan Présidhèn Amérika Sarékat (1869–1877) sing ka-18. Panjenengané njabat presidhen sasuwené rong mangsa jabatan katurut-turut ing antarane taun 1869 tekan 1877[1].
Ulysess Grant yaiku pahlawan militer nalika panjenengané kapilih dadi presidhèn. ing taun 1864, panjenengané diangkat dadi Jenderal paling dhuwur dening Presidhèn Abraham Lincoln ing Perang Saudara Amerika. Ing taun 1865 panjenengané nampa panyerahan Jenderal Robert Lee, panglima negara-negara bagian kidul Amerika sing mbrontak, sing nandakaké rampungé Perang Sedulur. Panjenengane dianggep sing bisa menangaké perang iki, minangka panglima pasukan Federal sing ngalahaké pasukan Konfederasi[2].
Bab lan Paragraf |
Mangsa cilik [sunting]
Ulysses Grant dilairake kanthi jeneng Hiram Ulysses Grant tanggal 27 April 1822. Bapake salah sijing tukang kulit[3].
Ing umur 17 taun panjenengane mlebu sekolah militer West Point. Panjenengane lulus saka sekolahe nalika umur 21 taun ing taun 1843. Panjenengane dadi tentara sasuwene kira-kira 10 taun lan ninggalake kauripan tentara kanggo kerja ing toko kulit nggone bapake ing negara bagian Illinois[4].
Karir [sunting]
Ing taun 1862 munggah pangkat dadi Brigadir Jenderal, banjur Mayor Jenderal, lan akhire diangkat dening Presidhen Abraham Lincoln dadi Jenderal paling duwur ing taun 1864. Jenderal Grant yaiku salah sijining pahlawan Perang Sedulur Amerika.
Mangsa kapresidhenan [sunting]
Ing taun 1869, nalika Ulysses Grant kapilih dadi presidhen, rakyat Amerika ngarepake kekisruhan sing terus wae kadadeyan mandhek sawise Perang Sedulur. Ananging Presidhen Ulysses Grant ora menehi semangat utawa perbaikan[5].
Referensi [sunting]
- ^ http://www.whitehouse.gov/about/presidents/ulyssessgrant
- ^ http://www.answers.com/topic/ulysses-s-grant
- ^ Suhindriyo. 1999. Biografi Singkat Presiden-Presiden Amerika Serikat. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama, hal.64.
- ^ http://millercenter.org/academic/americanpresident/grant
- ^ http://americanhistory.about.com/od/ulyssessgrant/p/pgrant.htm
- Buku Presiden - Presiden Amerika Serikat, diterbitake dening Dinas Penerangan lan Kebudayaan Amerika Serikat, Jakarta (2003)
Deleng uga [sunting]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |