Benjamin Harrison
| Benjamin Harrison | |
|
Presiden Amerika Serikat ke-23
|
|
|---|---|
| Masa jabatan 4 Maret 1889 – 4 Maret 1893 |
|
| Wakil Presiden | Levi P. Morton (1889-1893) |
| Sadurungé | Grover Cleveland |
| Pengganti | Grover Cleveland |
|
|
|
| Masa jabatan 4 Maret 1881 – 3 Maret 1887 |
|
| Sadurungé | Joseph E. McDonald |
| Pengganti | David Turpie |
|
|
|
| Lahir | 20 Agustus 1833 North Bend, Ohio |
| Meninggal | 13 Maret 1901 (umur 67) Indianapolis, Indiana |
| Kebangsaan | Amerika |
| Partai politik | Republik |
| Suami/Istri | Caroline Scott Harrison (istri ke-1) Mary Scott Lord Dimmick (istri ke-2) |
| Almamater | Universitas Miami |
| Pekerjaan | Pengacara |
| Agama | Presbiterian |
| Tanda tangan | |
Benjamin Harrison lair ing North Bend, Ohio tanggal 20 Agustus 1833 lan tilar donya ing Indiana tanggal 13 Maret 1901, menika dados presiden Amerika Serikat ingkang kaping-23.[1] ingkang njabat ing taun 1889 ngantos 1893.[2] Saderengipun dados presiden Amerika Serikat, panjenenganipun dados senator ing Indiana. Harrison asalipun saking parte republik lan panjenenganipun nggadhahi wakil presiden Levi P. Morton.[3] William Henry Harrison, presiden Amerika Serikat kaping sanga menika eyangipun Benjamin Harrison.
Karier [sunting]
Sasampunipun lulus saking sekolah hukum, panjenenganipun pindah dhateng Indiana lan mbika praktik hukum. Nalika ing Amerika Serikat wonten perang sadherek, Harrison nilaraken karier hukum lan gantos dados tamtama infanteri. Benjamin nate dipuncalonaken dados Gubernur Ohio ing taun 1876, ananging boten kasil. Salajengipun, Harrison kapilih dados senator Amerika Serikat.[1] Taun 1889, panjenenganipun kapilih dados presiden Amerika Serikat.[1] Harrison dados presiden menang boten amargi menang swanten ing pemilu, nalika semanten panjenenganipun malah kalah. Ananging amargi panjenenganipun menang swanten ing Dewan Pemilih, setunggalipun badan ingkang nemtokaken sinten ingkang badhe dados presiden Amerika Serikat.[1] Benjamin Harrison pikantuk 100-ewu swanten pamilih , ingkang cacahipun kalah saking mungsuhipun, ananging Harrison menang ing Dewan Pamilih kanthi pikantuk 233 swanten, lan mungsuhipun namung pikantuk 169 swanten.[1]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e (en)Benjamin Harrison dipunundhuh tanggal 29 Juni 2011)
- ^ (en)Benjamin Harrison dipunundhuh tanggal 29 Juni 2011)
- ^ (en)[1] dipunundhuh tanggal 29 Juni 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pranala Njawi [sunting]
(en) Benjamin Harrison
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |