George Washington
|
George Washington
|
|
|
Présidhèn Amérika Sarékat pertama
|
|
| Mangsa jabatan 30 April 1789 – 4 Maret 1797 |
|
| Pejabat sadurungé | Tidak ada |
|---|---|
| Pengganti | John Adams |
|
|
|
| Lair | 22 Februari 1732 Westmoreland County, Colony and Dominion of Virginia, Amerika Utara Britania |
| Tilar donya | 14 Desember 1799 (umur 67) Mount Vernon, Virginia, Amérika Sarékat |
| Kabangsan | Amerika |
| Partai pulitik | Tidak ada |
| Pasangan | Martha Dandridge Custis Washington |
| Agama | Anglikan/Episkopal |
| Tapak asma | |
George Washington (22 Februari 1732 - 14 Desember1799) kuwi Présidhèn Amérika Sarékat (1789–1797) sing kapisan. Ing umur 11 taun bapaké tilar donya. George Washington wiwitané nyambut gawé minangka mantri ukur, banjur mlebu tentara ing umur 21 taun, lan diangkat dadi Letnan Kolonèl wektu mèlu wajib militèr déning Gubernur negara bagéan Virginia. Omah-omah taun 1759 karo Martha Dandridge Custis Washington, George Washington ngurus perkebunané sing jembar ing Virginia lan menjadi anggota Dewan Perwakilan Rakyat Virginia, hingga Revolusi Amerika pecah. George Washington minangka anggota perkumpulan rahasia Freemasonry. Ing taun 1789 sawisé Konstitusi disahaké, Washington dipilih kanthi swara utuh dadi Présidhèn Amérika sing kapisan. Washington nglakoni rong mangsa jabatan wiwit taun 1789 nganti taun 1797, didampingi déning John Adams minangka Wakil Présidhèn . Jroning pidhato perpisahané ing taun 1797, Washington nyerokaké marang rakyat Amérika Sarékat supaya ninggalaké rasa kapartaian lan rasa kedhaerahan sing kagedhèn.
Ing taun 1799, George Washington tilar donya ing umur 67 taun ing Mount Vernon, sawisé telung taun mudhun jabatan minangka presidhèn. Washington ora nduwèni katurunan, mung ana siji anak angkat.
Referensi[sunting]
- Presiden - Présidhèn Amérika Sarékat; Diterbitaké déning Dinas Penerangan lan Kabudayan Amérika Sarékat, Jakarta (2003)
- The Presidents, A Reference History. Editor. Henry F. Graff. Edisi kedua. Penerbit Scribners 1996.
| Didhisiki déning: ora ana |
Présidhèn Amérika Sarékat 1789 - 1797 |
Diganti déning: John Adams |