John F. Kennedy
| John Fitzgerald Kennedy | |
|
Presiden Amerika Serikat kaping-35
|
|
| Masa jabatan 20 Januari 1961 – 22 November 1963 |
|
| Wakil Presiden | Lyndon B. Johnson |
|---|---|
| Sadurungé | Dwight D. Eisenhower |
| Pengganti | Lyndon B. Johnson |
|
|
|
| Masa jabatan 3 Januari 1953 – 22 Desember 1960 |
|
| Sadurungé | Henry Cabot Lodge, Jr. |
| Pengganti | Benjamin A. Smith |
|
|
|
| Lahir | 29 Mei 1917 Brookline, Massachusetts, Amerika Serikat |
| Meninggal | 22 November 1963 (umur 46) 12:30 p.m. Dallas, Texas, Amerika Serikat |
| Kebangsaan | Amerika |
| Partai politik | Demokrat |
| Suami/Istri | Jacqueline Lee Bouvier Kennedy |
| Almamater | Universitas Harvard |
| Pekerjaan | Penulis |
| Agama | Katolik Roma |
| Tanda tangan | |
John Fitzgerald Kennedy (lair 29 Mei 1917 ing Brookline, Massachusettslan tilar donya tanggal 22 November1963 ing Dallas, Texas, Amerika Serikat), asring dipunsebat kanthi asma John F. Kennedy, Kennedy, John Kennedy, Jack Kennedy, utawi JFK inggih menika Presidén Amerika Serikat ingkang kaping 35. Taun 1960 panjenenganipun dipundadosaken presiden Amerika Serikat, panjenenganipun dados presiden Amerika Serikat ingkang paling enem.[1] John F. Kennedy kalebet presiden ingkang paling sakedhap anggenipun dados presiden Amerika Serikat sasampunipun Theodore Roosevelt. Kennedy dados presiden sasampunipun dipunlantik tanggal 20 Januari 1961.[1] Jabatan dados presiden kandheg amargi panjenenganipun dipunperjaya pejah taun 1963.[1] Panjenenganipun tilar do/nya amargi katembak nalika taksih wonten kunjungan dhateng negari bagian Dallas, Texas tanggal 22 November 1963.[1] Kennedy rubuh nalika nembe medal saking mobil. Tanggal 25 November 1963, jenazah dipunmakamaken ing Arlington, Washington DC.[1]
Kennedy menika anggota klan Kennedy ingkang nggadhahi getih Irlandia-Amerika, salah satunggalipun kulawarga ingkang misuwur ing jagad politik ing negaranipun.[2] Panjenenganipun dipunanggep minagka lambang Liberalisme Amerika.[2] Nalika Perang Dunia II, panjenenganipun dipunalem amargi sampun nylametaken kancanipun ingkang nggadhahi profesi minangka pelaut ing Samudra Pasifik Kidul.[2] Kennedy makili Massachusetts nalika taun 1947–1960, minangka anggota Dewan Perwakilan lan Senat Amerika Serikat. Panjenenganipun kapilih dados presiden taun 1960 kanthi kamenangan ingkang tipis lan pemilu ingkang paling ketat sadangunipun sajarah Amerika.[2]
Ngantos taun 2005, panjenenganipun dados tiyang pisanan ingkang dados presiden Amerika Serikat ingkang nggebeng agami Katolik Roma minangka agaminipun.[1] Sasampunipun tilar donya amargi diperjaya tanggal 22 November 1963, donya ndherek duka amargi menika.[1] Wonten satunggal panaliten ingkang dipunlaksanakaken dening C-SPAN ingkang ngurutaken presiden Amerika Serikat, satunggalipun panel sejarawan maringi nilai John ing posisi kaping kalih saking sekawan dasa presiden.[1]
[sunting] Cathetan Suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
[sunting] Pranala Njawi
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
- (en) John F. Kennedy Library
- (en) Biografi Gedung Putih