Zachary Taylor
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 68 dinten 382 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
|
Zachary Taylor
|
|
|
Presiden Amerika Serikat ke-12
|
|
| Mangsa jabatan 4 Maret 1849 – 9 Juli 1850 |
|
| Pejabat sadurungé | James Knox Polk |
|---|---|
| Pengganti | Millard Fillmore |
|
|
|
| Lair | 24 November 1784 Barboursville, Virginia |
| Tilar donya | 9 Juli 1850 (umur 65) Washington, D.C. |
| Kabangsan | Amerika |
| Partai pulitik | Whig |
| Pasangan | Margaret Smith Taylor |
| Pegawéyan | Tentara (Jenderal) |
| Agama | Episkopal |
| Tapak asma | |
Zachary Taylor (lair ing Barboursville, Virginia, 24 November 1784 – tilar donya ing Washington, D.C., 9 Juli 1850 kanthi yuswa 65 taun)[1] yaiku pimpinan militer Amerika lan Presiden Amerika Serikat ke-12, kanthi masa jabatan setahun saka taun 1849 tekan tilar donyané ing taun 1850.[rujukan?] Sadurunge dadi presiden panjenengané minagka salah sijining pimpinan militer Amerika. Panjenengané asalé saka partai Whig lan didampingi Millard Fillmore minangka wakil presiden.[rujukan?] Sadurungé sempat dilantik kanthi resmi, panjenengané wes tilar donya lan digantekaké dening wakil presidenne[2].
Zachary Taylor dilairaké tanggal 24 November 1784[3]. Panjenengané yaiku presiden Amerika Serikat kapisan sing asalé saka perwira karier Angkatan Darat.[rujukan?] Saksuwené 40 taun panjenengané ngabdi ing Angkatan Darat, pangkaté terus munggah nganti posisi Jendral.[rujukan?] Panjenengané wes berjuang ing 4 paprangan[4]
Taylor dadi terkenal ing kabèh pelosok Amerika Serikat amarga kemenangan-kemenangan militèré, salah sijiné yaiku paprangan nglawan Meksiko[5].
Ing taun 1848, panjenengané dicalonaké dadi presiden.[rujukan?] Panjenengané menang pamilihan presiden ing wilayah bagian New York.[rujukan?] Babagan iki dianggep istiméwa, amarga ing wektu kuwi negara bagian New York lagi terpecah-belah.[rujukan?] Zachary Taylor kasil menangaké pamilihan presiden taun 1848[6].
Kekurangan pengalaman poitik Taylor langsung kethok, apa meneh pas penjengane ngundur ngenekake owahan ing kabinete, padahal jeneng kabinet kuwi wes dicap elek amarga keterlibatane sakpropirane anggotane ing praktik korupsi.[rujukan?] Sanadyan mangkono Taylor terus usaha kanggo jujur lan njupuk tindakan paling apik kanggo negarane.[rujukan?] Upaya ini jelas terlihat dalam cara ia menangani persoalan perbudakan yang menjadi bibit perpecahan negara[7].
Masalah perbudakan ditangani kanthi ora abot sisih, ing wong-wong kidul sing pro-perbudakan, panjenengane wenehi jaminan kanggo budak-budak supaya ora usah wedi diserang dening daerah-daerah sing perbudakan isih berlaku , ananging panjenengane wes mengetake kanggo para budak menawa panjenengane arep nganggo kekerasan menawa para budak mbrontak kanthi terang-terangan. Ing salah sijining konferensi karo pemimpin-pemimpin bagian kidul sing ngancam arep metu saka Amerika Serikat, Taylor negaskake kanggo para pemimpin-pemimpin menawa butuh kanggo negakake hukum, panjenengane dewe sing arep mimpin tentara. Panjenengane ngendika arep ggantung sapa wae sing mbrontak karo Amerika Serikat, lan panjenengane ora pernah ragu-ragu.[rujukan?]
Ing njaba dugaane, nalika 4 Juli 1850, ing salah sijining upacara dina kamardikan Amerika Serikat ing lapangan pengetan Washington (Washington Memorial Park), Washington D.C., Taylor sakit, lan tilar donya limang dina salanjute ing tanggal 9 Juli 1850[8]. Presiden Zachary Taylor wes mbiyantu semangat kompromi lan kemenangan. Sanadyan ngono, perang saudara ing Amerika sing diindarine pecah sewelas taun salanjute. Ironise, ing perang saudara kuwi, putra tunggale, Richard Taylor, sing tugas minangka jendral kanggo negara-negara bagian kidul sing mbrontak[9]
| Sing mengku sadurungé: Henry Clay |
Unggulan Presiden Partai Whig 1848 (menang) |
Diganti déning: Winfield Scott |
| Sing mengku sadurungé: James K. Polk |
Presiden Amerika Serikat 4 Maret 1849 – 9 Juli 1850 |
Diganti déning: Millard Fillmore |
Pamilihan umum [sunting]
kasil pemilihan umum sing ngeterake Taylor ing kursi kepresidenan Amerika Serikat yaiku :[rujukan?]
| Kasil pamilihan umum 1848 | |||
| Kandidat | Partai | Suara Electoral |
Suara Popular |
|---|---|---|---|
| Zachary Taylor | Whig | 163 | 47,4% |
| Lewis Call | Demokrat | 127 | 42,5% |
| Martin Van Buren | Free-Soil | 0 | 10,1% |
| Komposisi politik Kongres ke-31 (1849-1851) | |||
| Kamar | Demokrat | Whig | Lain-lain |
|---|---|---|---|
| Senat | 35 | 25 | 2 |
| Dewan Perwakilan | 112 | 109 | 9 |
Pranala njaba [sunting]
Referensi [sunting]
- ^ Suhindriyo.1999.Biografi Singkat Presiden-Presiden Amerika Serikat. Yogyakarta:Yayasan Pustaka Nusatama, hal.42.
- ^ http://www.whitehouse.gov/about/presidents/zacharytaylor
- ^ http://millercenter.org/academic/americanpresident/taylor
- ^ http://www.answers.com/topic/zachary-taylor
- ^ http://www.usa-presidents.info/taylor.htm
- ^ http://www.americanpresidents.org/presidents/president.asp?PresidentNumber=12
- ^ http://www.biography.com/articles/Zachary-Taylor-9503363
- ^ http://www.american-presidents.com/zachary-taylor
- ^ http://americanhistory.about.com/od/zacharytaylor/p/ptaylor.htm.