James K. Polk
|
James Knox Polk
|
|
|
Presiden Amerika Serikat ka-11
|
|
| Mangsa jabatan 4 Maret 1845 – 4 Maret 1849 |
|
| Pejabat sadurungé | John Tyler |
|---|---|
| Pengganti | Zachary Taylor |
|
|
|
| Lair | 2 November 1795 Mecklenburg County, North Carolina |
| Tilar donya | 15 Juni 1849 (umur 53) Nashville, Tennessee |
| Kabangsan | Amerika |
| Partai pulitik | Demokrat |
| Pasangan | Sarah Childress Polk |
| Pegawéyan | Petani Pengacara |
| Agama | Methodist |
| Tapak asma | |
James Knox Polk (lair ing Mecklenburg County, North Carolina, 2 November 1795 – tilar donya ing Nashville, Tennessee, 15 Juni 1849 kanthi yuswa 53 taun) yaiku Presiden Amerika Serikat kaping-11 (4 Maret 1845-4 Maret 1849)[1]. James manggon ana ing wilayah Tennessee.[2] Nalika Partai Demokrat ngrekrut awake, Polk njabat Ketua DPR Amerika Serikat (1835–1839) lan Gubernur Tennessee (1839–1841) nganti tekan njabat dadi presiden.[2] Polk wakil saka parte Demokrat lan nalika njabat dadi presiden Polk didampingi dening wakil presiden George M. Dallas[3]. Polk terkenal karo usahane kanggo nyaplok Texas ing taun 1845 kang nyebabake perang mungsuh Meksiko ana ing taun 1846 – 1848[4]. Nalika umure 17 taun sawijining dokter bisa mbedah Polk kanggo njupuk batu empedu kang ana ing awake.[3] Sakwise pembedahan, Polk sehat meneh.[3] Sakwise awake sehat, tenaga lan ambisine uga dadi gedhe.[3] Nalika umur 23 taun Polk ngranpungke pendidikane ing Universitas North Carolina ing Chapel Hill kanthi cum-laude, rong taun sakwise kuwi Polk banjur oleh ijin kanggo mbuka praktik ukum.[4] Minangka pengacara enom, James Polk banjur mlebu ana ing bidang politik, lan dadi anggota parlemen negara bagian Tennessee.[4] Polk banjur kenal karo Andrew Jackson, presiden Amerika kang kaping pitu.[4]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ Suhindriyo.1999.Biografi Singkat Presiden-Presiden Amerika Serikat.Yogyakarta:Yayasan Pustaka Nusatama, hal.39.
- ^ a b www.whitehouse.gov
- ^ a b c d millercenter.org
- ^ a b c d www.answers.com