John Tyler
| John Tyler | |
|
Presiden Amérika Sarékat ke-10
|
|
|---|---|
| Masa jabatan 4 April 1841 – 4 Maret 1845 |
|
| Wakil Presiden | Tidak ada |
| Sadurungé | William Henry Harrison |
| Pengganti | James K. Polk |
|
Wakil Presidhèn Amérika Serékat
|
|
| Masa jabatan 4 Maret 1841 – 4 April 1841 |
|
| Presiden | William Henry Harrison |
| Sadurungé | Richard Mentor Johnson |
| Pengganti | George Dallas |
|
|
|
| Mangsa jabatan 10 Desember 1825 – 4 Maret1827 |
|
| Sadurungé | James Pleasants |
| Pengganti | William Branch Giles |
|
|
|
| Masa jabatan 4 Maret 1827 – 29 Februari 1836 |
|
| Pendahulu | John Randolph of Roanoke |
| Pengganti | William C. Rives |
|
|
|
| Lahir | 29 Maret 1790 Charles City County, Virginia |
| Meninggal | 18 Januari 1862 (umur 71) Richmond, Virginia |
| Kebangsaan | Amerika |
| Partai politik | Whig, Demokrat |
| Suami/Istri | Letitia Christian Tyler (bojo pisanan) Julia Gardiner Tyler (bojo kaping-2) |
| Anak | Mary Tyler Robert Tyler John Tyler Letitia Tyler Elizabeth Tyler Anne Contesse Tyler Alice Tyler Tazewell Tyler David Gardiner Tyler John Alexander Tyler Julia Gardiner Tyler Lachlan Tyler Lyon Gardiner Tyler Robert Fitzwalter Tyler Pearl Tyler (allegations of Tyler being the father of John Dunjee have also risen) |
| Almamater | The College of William and Mary |
| Pekerjaan | Pengacara |
| Agama | Episkopal (kayane uga Deisme) [1] |
| Tanda tangan | |
John Tyler, Jr. (lair ing Charles City County, Virginia, 29 Maret 1790 – tilar donya ing Richmond, Virginia, 18 Januari 1862 kanthi yuswa 71 taun) yaiku Presiden lan Wakil Presiden Amerika Serikat kaping-10[1]. Tyler njabat presiden nalika taun 1841-1845.[2] Sakdurunge tyler njabat dadi Wakil Presiden Amerika Serikat[2]. Dheweke dadi wakil presiden pisanan kang dadi presiden ana ing sejarah Amerika merga presiden kang lagi njabat banjur mati[3]. Saksuwene dadi presiden, Tyler akeh gawe veto proposal penting kang diajukake dening partene, merga kuwi partaine ora seneng karo dheweke, kabinet kang dipandhegani dijenengi kabinet "bencana" lan ndadekake Tyler salah siji presiden kang dipanggonake ana ing rangking paling ngisor.[2] Ana ing pungkasane Tyler lewih nuduhake kesetiaane marang prinsip- prinsipe lan negara bagian asale dibandingake karo negara konfederasi kang dipimpin dadi presiden.[2] Ana ing kapamimpinane John Tyler nalika kuwi kadadeyan evolusi penting partai-partai politik.[2] Ana ing mangsa Presiden Tyler uuga ditentokake panggon sawijining kebijaksanaan domestik lan diwiwitine kebjaksanaan anyar politik luar negeri ing Amerika.[2]
Bab lan Paragraf |
Awal karier [sunting]
John Tyler dilairake ing Charles City County, Virginia.[3] Bapake uga dadi gubernur ana ing negara bagian iki.[3] Tyler iku lulusan saka William and Mary College. Nalika umure 19 taun dheweke wis diwenehi hak kanggo kerja minangka pengacara. Nalika umure 21 taun dheweke dipilih dadi anggota DPR negara perangane Virginia nganti tekan taun 1816. Nalika iku dheweke dijaluk supaya manggoni kursi kang kosong ing Dewan Perwakilan Rakyat Amerika. Nalika dheweke dadi anggota DPR negara perangane Virginia, ana perang kang pecah antarane Amerika lan Inggris, banjur dheweke ditugasake menyang medhan paperangan supaya mandhegani salah siji kompi milisi kanggo mertahanake negara perangane Virginia sing nalika iku diancem dening para bala tentarane Inggris.
Ing taun 1821 John Tyler mundur saka donyane politik uga ninggalake jabatane minangka Anggot DPR Amerika. Rong taun sawise iku, dheweke kapilih maneh dadi anggota DPR negara perangane Virginia, banjur dadi Gubernur Virginia, anggota MPR, jejabat senat Amerika lan bali maneh dadi anggota DPR negara perangane Virginia.
Minangka anggota DPR Amerika, John Tyler nentang arep sakabehing rencana perundang-undangan negara. Minangka senator, ing pisanan dheweke ndhukung Andrew Jackson kanggo dadi presiden sanajan mung setengah-setengah. Banjur dheweke nentang kebijakan politik Jackson amarga dheweke nganggepe luwih menyang kedhaliman. John Tyler menehi dhukungan menyang hak-hak negara perangan lan nentang penafsiran bebas sajroning konstitusi Amerika.
Dheweke dipilih dening Partai Whig dadi calon presiden amarga calon sadurunge mundur. Nalika iku Partai Whig mbutuhake calon kang asale saka daerah kidul kanggo nyeimbangake pencalonan. Amarga Tyler asring katon mbela kapentingane "bagian kidul" ing Partai Whig, mula dheweke dianggep mathuk dadi calon presiden.
Masa kepresidenan [sunting]
Nalika sedane Presiden William Henry Harrison, keputusan kang pisanan John Tyler nduweni pengaruh kang gedhe ing sajarah Amerika kanggo sabanjure. Nalika iku isih ora cetha apa wakil presidhen bisa dadi presidhen utawa wakil presiden tumindak dadi "presiden sementara". Tyler banjur mutusake yen wakil presidhen kang manggon ing kantor presidhen kudune dadi presidhen.
Tyler nglakoni sumpah jabatan, ngandharake sesorah inagurasi kang cekak, banjur pindhah menyang gedung putih. Nalika iku akeh kritisi kang ndebatake keputusane, nanging banjur keputusan iku didhukung dening kongres. Sawise iku, wakil presidhen ing Amerika dadi presiden Amerika yen presiden kang isih njabat wafat utawa mundur saka jabatane.
Ing taun 1841, nalika umure 51 taun, dheweke dadi presiden Amerika paling nom, dene sing sadurunge, yaiku William Henry Harrison iku presiden paling tua. Presiden John Tyler kuwat mertahanake pendhapate yen ngrembag babagan kebijakan publik lan antusias banget kanggo ngowahake sakabehing wewenang kepresidenane supaya bisa mujudake apa sing dikarepake. Mung Presiden Jackson kang bisa ngalahake sajroning panganggonan hak veto.
Presiden Tyler uga ora oyag nalika mertahanake cabang eksekutif supaya bisa ngadeg dhewe, ora mathuk karo kepinginane partai whig, yaiku ndadekake cabang eksekutif ana ing sangisore kongres.
Pecah karo Partai Whig [sunting]
Pecahe presiden Tyler karo partai whig nyatane ngrugikake kekarone, kanggo Presiden Tyler uga Partai Whig. Ana rong perkara kang dadi penyebab ananing perpecahan.
Panggabungan Texas [sunting]
Nalika tanggal 27 Februari 1845 resolusi bersama babagan panggabungan Texas ddisarujuki dening Kongres. Resolusi iki netepake rong pilian kang kudu diputusake dening presiden.
- Nawari Texas dadi negara perangan ing wektu kang sacekak-cekake kanthi syarat-syarat tartamtu.
- Negoisasekake maneh syarat-syarat karo para jejabat kang nduweni wewenang ing Texas kanthi kemungkinan Texas bisa dadi negara perangan.
Resolusi tekan ing Presiden Tyler nalika tanggal 1 Maret 1845 lan kasunyatane ngenteni keputusan Presiden James Polk, kang dinyana bakalan milih pilian kang kapindho. Nanging Presiden Tyler ora gelem ngalah. Presiden Tyler ngirimake utusan menyang Texas nalika tanggal 3 Maret lan nawarake pilian kang pisanan.
Nalika Presiden Polk resmi manggon ing kantor kepresidenan ing tanggal 4 Maret, dheweke ora eling yen Tyler tau ngirimake utusan diplomatik menyang Texas. Sanajan mengkono, banjur Texas diresmikake dadi negara perangan Amerika ing Januari 1846.
Rerampungan saka Presidhen [sunting]
Tyler ninggalake Washington D.C. nalika James Polk nembe diinagurasi. Miturute, dheweke wis nglakoni kang paling apik kanggo negarane. Ing taun 1852 Tyler kanthi seneng nrima pamilihane supaya manggon ing sajroning Partai Demokrat Virginia. Sawise dadi negara perangan yang pisanan, yaiku South Carolina metu saka perserikatan (kang mujudake lelakon kang pisanan tumuju Prang Sedulur), Tyler dadi penasehat sementara. Banjur ing sasi Juni 1861 dheweke bungah nalika kapilih dadi Ketua Konvensi Perdamaian.
John Tyler nganjurake supaya negara perangan Virginia sacepete metu saka perserikatan. Sawise iku dheweke dipilih dadi anggota Kongres Sementara negara-negara perangan kang metu saka perserikatan. Ing tanggal 18 Januari 1862 dheweke seda ing Richmond. Pungkasane, dheweke luwih setia karo prinsip-prinsipe lan negara perangane saka negara federasi kang wis tau dheweke pandhegani.
Cathetan Suku [sunting]
|
|||||||