Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Martin Van Buren (lair ing Decatur, Alabama, 5 Desember 1782 – tilar donya ing Kinderhook, New York, 24 Juli 1862 kanthi yuswa 79 taun), jeneng julukan Old Kinderhook yaiku sawijining Presiden Amerika Serikat kaping-9 (1837-1841)[2]. Sakdurunge Martin njabat dadi Wakil Presiden kaping-9 (1833-1837) lan menteri luar negeri kaping-10 ana ing ngisore pimpinane presiden Andrew Jackson[3]. Martin lair tanggal 5 Desember 1782 ing Kinderhook, New York lan kang dadi presiden pisanan kang lair sakwise Amerika Serikat merdeka[4]. Martin Van Buren wong keturunan Walanda, bapake petani lan duwe warung.[3] Nalika umure 14 taun martin lunga menyang kutha New York lan kerja ing kana dadi juru-tulis, lan ana ing wektu kang padha Martin uga sekolah ing babagan ukum.[3] Nalika umure wis 21 taun Martin entuk ijin kanggo buka praktek ana ing babagan ukum. Martin Van Buren dikenal dadi wong kang pinter, jujur, lan disenengi dening wong akeh.[3] Kualitas-kualitas iki ndadekake Martin dadi politikus kang sukses.[3] Martin jarang banget ngolehake perselisihan politik ngganggu persahabatan pribadhi.[3] Martin Van Buren kanthi cepet dadi populer ana ing babagan politik ing New York.[3] Taun 1812, nalika umure 30 taun, dheweke kapilih dadi anggota senat negara bagian, lan patang taun sakbanjure Martin dadi Jaksa Agung New York.[4] Taun 1821, Martin kapilih dadi Senator Amerika Serikat, lan kapilih meneh ana ing wiwitan taun 1827.[4] Nanging ing taun iki Martin banjur mundur saka jabatan senator kanggo dadi Gubernur New York.[4] Taun 1829, Martin mundur saka jabatan Gubernur kanggo njupuk jabatan dadi Menteri Luar Negeri ana ing pimpinan Andrew Jackson.[4] Taun 1833 Martin kapilih dadi Wakil Presiden Amerika Serikat, ndampingi Presiden Andrew Jackson.[4]
Cathetan Suku [sunting]