Alben Barkley
|
Alben William Barkley
|
|
![]() Alben Barkley |
|
|
Wakil Présidhèn Amérika Sarékat
|
|
|---|---|
| Masa jabatan 20 Januari 1949 – 20 Januari 1953 |
|
| Pendahulu | Harry S. Truman |
| Pengganti | Richard Milhous Nixon |
|
|
|
| Partai politik | Demokrat |
| Suami/Istri | Jane Hadley Barkley |
| Pekerjaan | Jaksa |
Alben William Barkley lair ing Lowes, Graves County, Kentucky, tanggal 24 November 1877.[1][2] iku Wakil Presidhèn Amérika Sarékat ing taun 1949 nganti taun 1953.
Wong tuwané yaiku John Wilson Barkley lan Electra Eliza Smith sawijining petani kang religius.[2][1] Jeneng asli Alben yaiku Willie Alben Barkley. Dheweke mlebu ana ing Marvin College, Clinton, Kentucky kang ndadekake dheweke piawae anggone pidato lan debat.[1] Barkley lulus nalika taun 1897, banjur nglanjutake sekolah ana ing Emory College, Oxford, lan lulus taun 1900.[1] Ana ing kene dheweke dadi anggota klub Delta Tau Delta.[1] Sawise kuwi dheweke banjur mlebu ana ing University of Virginia Law School.[1] Nalika kuwi dheweke ngganti jenenge dadi Alben William Barkley.[1] Barkley miwiti karier ana ing babagan ukume dadi jaksa nalika taun (1905-1909) lan hakim taun (1905-1909) ing McCracken County.[3]
Dhèwèké wiwit mbangun reputasi dadi salah siji wong kang progresif lan mihak marang kaum petani.[3] Gaya orasie kang enerjik ndadekake dheweke duwe kakuatan ana ing kalangan Partai Demokrat.[3] Karier politike diwiwiti nalika dheweke dadi anggota Kongres AS taun (1913-1927) makili distrik 1 Kentucky.[2] Dheweke oleh dukungan saka kalangan pendeta Protestan merga sikape kang anti marang perjudian. [2]Barkley banjur dadi Senator AS nalika taun 1926 lan kapilih manèh nalika taun 1932, 1938 lan 1944.[2]
Ana ing taun 1937-1947, Barkley dadi pemimpin mayoritas Demokrat ana ing Senat AS. [2]Barkley kapilih dadi Wakil Presiden ka-35, ndampingi Presiden Harry Truman, wiwit sasi Januari 1949 nganti tekan sasi Januari 1953.[2] Nalika dilantik dheweke win ngancik umur 71 taun lan ndadekake dheweke dadi Wapres paling tua ana ing sejarah AS.[2]
Barkley uga tau oleh kanugrahan Medali Emas Kongres taun 1949.[2] Sawise dadi wapres Barkley mbalik meneh dadi Senat AS nalika taun 1955 nganti tekan dheweke mati.[2] Kakung saka Jane Hadley iki mati nalika pidato ana ing Washington and Lee University, ing kutha Lexington, Virginia, tanggal 30 April 1956.[2] Jenazahe banjur dimakamake ing Mount Kenton cemetery, sacedhake Danau Oak Road, Paducah, Kentucky.[2]
